UMUR PANJANG PUNIKA NIKMAT
Dening: Moh.Sumari
السلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ
بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ
الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ ,
أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Ma’asyiral
Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun
khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan nambahi
syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt., lan ndedonga mugi-mugi kita kalebet dhumateng
ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmatipun Allah Swt.
Salajengipun,
sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah
Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika
ngantos benjang woten ing akhirat.
Salawat
lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad
saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah manut dherek dhawuhipun.
Amin YRA.
Hadirin igkang
tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Umur panjang punika mujudaken
satunggaling nikmat, makaten miturut dhawuh pangandikanipun tiyang ingkang sami
wasis lan pinter nyukuri nikmatipun Allah Swt. Umur panjang punika mujudaken
kenikmatan lan anugerah peparingipun Allah Swt. tumrapipun tiyang ingkang
kagungan iman, kejawi nikmat gesang punika piyambak. Kanthi umur panjang,
ganjaran samsaya tambah sesarengan tambahing ketaatanipun dhumateng
Allah
Swt. ingkang dipun tindakaken. Inggih jalaran saking punika
Rasulullah
saw. ngawisi kita ngarep-arep pejah. Wonten satunggaling cerita ingkang
trenyuhaken saking Abu Bakrah gegayutan satunggaling tiyang ingkang nyuwun
mangertos dhumateng Rasulullah saw.:
أَيُّ
النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ. قَالَ: فَأَيُ
النَّاسِ شَرٌّ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ. (رواه احمد)
“Dhuh Rasulullah, sinten to ingkang kawastanan
tiyang sae punika?”. “Wong kang dawa umure lan becik amal penggaweyane,” Dhawuh wangsulanipun Nabi saw. Saklajengipun
sinten to ingkang kawastanan tiyang awon punika?. “Yaiku wong kang dawa umure nanging
ala panggaweyane”. (HR. Ahmad).
Hadirin ingkang
tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Rasulullah saw. paring dhawuh: “Aja ngangsi
salah suwijining sira kabeh padha ngarep-arep marang pati. Lamun dheweke kuwi
klebu wong kang becik, mbok menawa wae tumindak becik kang den lakoni bakal
bisa tambah. Sak umpama dheweke kuwi klebu wong kang ala, mbok menawa dheweke
bisa ngilangi aib kang ana sajroning awake kanthi tobat.” (HR. Ahmad).
Abu Hurairah ra. sampun nate wasiat, bilih
anuju satunggaling wekdal Rasulullah saw. dhawuh:
أَعْذَرَ اللهُ إِلَى امْرِءٍ أَخَّرَ أَجَلُهُ
حَتَى بَلَغَ سِتِّنَ سَنَةً. (رواه احمد).
“Allah Swt. paring pangapura marang
suwijining wong kang Panjenenganipun dawakake umure nganti umur 60 tahun”. (HR.Ahmad).
Wondene suraosipun hadits kasebat ing
nginggil inggih punika, bilih manawi tiyang sampun dumugi umur kasebat, pramila
Allah Swt. boten badhe maringi malih pancatan ingkang saget dipunaturaken
kangge suwala, jalaran wonten ing umur punika tiyang sampun nyaketi pejah. Wonten
ing umur punika sampun samesthinipun tiyang lajeng tobat dhumateng Allah Swt. sinambi nengga dhatengipun pejah. Sahingga boten wonten
malih ingkang pantes dipuntindakaken, kajawi namung sumarah lan pasrah dhumateng
ngarsanipun Allah Swt. kanthi; ngathah-ngathahaken dzikir, donga, istighfar,
maos Al-Qur’an, lan enggal-enggal nindakaken amal kesaenan ingkang saget jalari
caket dhumaateng ngarsanipun Allah Swt. Lan sampun dados samesthinipun wonten
ing umur punika, boten wonten sanes namung nengga dhatengipun pejah.
Hadirin ingkang
tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Abu Hurairah ra. ngendika, Rasulullah saw. sampun nate dhawuh:
أَعْمَرُ أُمَّتِيْ مَا بَيْنَ سِتِّيْنَ إِلَى
السَّبْعِيْنَ, وَأَقَلُّهُمْ مَنْ يَجُوْزُ ذَلِكَ. (رواه الترمذى).
“Umur umatku iku 60 nganti tumeka 70 tahun.
Sithik banget kang bisa luwih saka iku.” (HR. Tirmidzi).
Hadits kasebat ing nginggil
nedahaken bilih, tiyang ingkang sampun ngancik yuswa punika ingkang saget
dipunmangertosi kanthi kepikunan lan keringkihan, prayoginipun menggalih
akhirat kanthi ngupados sangu lan cecawis kangge mangayubagya dhatengipun maut
lan pinanggih kalian Allah Swt.
Ageng sangat manfaat
ingkang saget dipunpetik manawi wekdal gesang langkung dangu lan dipunlandasi
kanthi iman. Jalaran
iman mujudaken amal ingkang langkung utami. Kanthi iman saget nglantaraken
tiyang tumindak kesaenan, lan ibadah-ibadah sanesipun. Wonten ing satungguling
wekdal Rasulullah saw. dhawuh:
“Ora ana suwijining
wong kang luwih utama ana ing ngarsane Allah Swt., kajaba wong kang iman duweni
umur dawa ngrungkebi agama Islam, amarga tasbih, tahlil kang dheweke tindakake”.
(HR. Ahmad).
Lajeng kenging punapa
taksih wonten kemawon tiyang ingkang nggadhahi pikajengan supados pejah? Pancen
kasinggihan, kita dipunparengaken donga lan nyuwun kanthi pasrah dhumateng
ngarsanipun Allah Swt. saumpami kita saget gesang terus, lan kita was-was saha
khawatir manawi sendi-sendi pokokipun agami kita badhe kropos. Rasulullah saw.
dhawuh wonten ing hadits ingkang dipunastha dening shahabat Anas ra.:
“Aja nganti salah
suwijining sira kabeh kang duweni pengarep arep tekane pati jalaran bebaya kang
dentampa. Lamun dheweke kudu nglakoni, mula prayoga dheweke donga: “ Dhuh Gusti
Allah, mugi kersa Paduka paring gesang manawi gesang punika langkung sae
menggahing badan kula lan mugi kersa Paduka maringi pejah dhumateng kula manawi
pejah punika langkung sae menggahing badan kula”. (HR. Ahmad).
Hadirin ingkang
tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Hadits kasebat ing nginggil, nedahaken bilih
ngarep - arep dhatengipun pejah punika pikantuk, manawi kanthi lelambaran manah ingkang tulus dhumateng
Qadla lan Qadaripun Allah Swt. lan boten amargi jalaran nandhang susah lan
pacoben gesang ingkang dipunlampahi. Agami Islam ngawisi
umatipun bunuh dhiri, jalaran bunuh dhiri punika badhe rugi ing donya lan ing
akhirat. Lan inggih namung tiyang ingkang bodho kemawon ingkang nyedya bunuh
dhiri. Piyambakipun rumaos bilih bunuh dhiri punika saget ngrampungi sedaya
perkawis. Piyambak ipun badhe nampi ganjaran arupi siksa ingkang salami-laminipun
boten wonten pungkasanipun.
Saking Tsabit bin Dhahhak ra. , Rasulullah saw. paring
dhawuh:
مَنْ قَتَلَ نَفْسَهُ
بِشَيْءٍ فِيْ الدُّنْيَا عُذِّبَ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ. (رواه احمد).
“Sapa wae wong kang
bunuh dhiri marang awake dhewe ing donya kanthi nggunaake samubarang, mangka
wong kuwi mau bakal disiksa nganggo samubarang kuwi mau ana ing dina kiamat.” (HR. Ahmad).
Sanget anggenipun cilaka
lan kapitunan tiyang-tiyang ingkang bunuh dhiri punika. Piyambak ipun badhe
mlajar saking takdir lan pepestenipun Allah Swt. lan lila dhumateng pepesten
ingkang dipuntulis wiwit zaman azali. Piyambakipun badhe pikantuk siksa donya
jalaran bunuh dhiri punika lan siksa akhirat benjang. Awit saking punika,
mesthinipun kita lajeng ngatos-atos sampun ngantos nglampahi. Pasrah dhumateng
ngarsanipun Gusti Alloh kemawon boten sampurna, kajawi kita kedah lila lan
legawa dhumateng takdir lan pepestenipun Allah Swt.
Ibnu Abbas ra., salah satunggaling shahabat Nabi saw. ngendika bilih
piyambakipun nate mireng Rasulullah saw. paring
dhawuh:
نِعْمَمَتَانِ مَغْبُوْنٌ فِيْهِمَا كَثِيْرٌ
مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ. (رواه احمد).
“ Ana rong nikmat
kang bebathene karone ora bisa dijupuk manfaat tumrap wong akeh, yaiku kesehatan
lan wektu longgar.” (HR. Ahmad).
Hadirin ingkang
tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Ingkang kawastanan nikmat inggih punika
satunggaling kawontenan ingkang ngremenaken lan kawontenan ingkang saget dipunmanfaataken
saha dipunraosaken kenikmatanipun.
Hadits kasebat ing nginggil saboten-botenipun
saget dipunmangertosi bilih kesehatan lan wekdal longgar punika satunggaling
nikmat ingkang berharga sanget lan kedah dipunmanfaataken kanthi sasae-saenipun,
jalaran badhe dipunsuwuni tanggel jawabipun wonten ngarsanipun Allah Swt.
benjang ing akhirat samangkeh. Temtu kemawon ugi nikmat-nikmat peparinganipun
Allah Swt. sanes ingkang gilir gumanti selaminipun gesang. Manawi tiyang saget
nyukuri nikmat-nikmat kasebat kanthi nindhakaken hak-hakipun Allah Swt., insya Allah
badhe pikantuk keuntungan lan kabagyan. Nanging manawi kosok wangsulipun, tentu
kemawon tiyang badhe rugi lan boten badhe pikantuk keuntungan anggenipun
ngawontenaken bebakulan kalian Allah Swt. selaminipun gesang ing alam donya
punika. Tiyang boten saget mendhet manfaat nikmat umur panjang, wekdal, lan
kesehatan ingkang dipunparingaken Allah Swt. kanthi sasae-saenipun.
Rasulullah saw. paring
pepemut:
كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيْبٌ أَوْ
عَابِرُ سَبِيْلٍ. (رواه احمد).
“Uripa sira ing donya
iki kaya dene wong kang manca utawa wong kang lagi lelungan.” (HR. Ahmad).
Umur panjang pancen
nikmat, ananging sekedhik sanget tiyang ingkang ngginakaken nikmat punika
kanthi sasae-saenipun. Kathah-kathah ipun tiyang ngginakaken wekdal longgar, umur
ingkang sampun dungkap, badan sehat kanthi muspra. Boten dipun-ginakaken kangge
perkawis ingkang migunani tumrap gesang ing akhirat. Allah Swt. ngerehaken
wekdal punika kadhawuhan mendhet kenikmatan ipun. Kados dhawuh pangandikanipun
Allah Swt.
uqèdur Ï%©!$# @yèy_ @ø©9$# u$yg¨Y9$#ur Zpxÿù=Åz ô`yJÏj9 y#ur& br& t2¤t ÷rr& y#ur& #Yqà6ä© ÇÏËÈ
“Lan Penjenengane (uga) kang nitahake wengi
lan rina gilir gumanti tumrap wong kang ngarepake pitutur utawa wong kang
ngarepake syukur (nyukuri nikmate Gusti Allah).” (QS. Al-Furqaan [25]: 62).
Ayat sanesipun, Allah Swt. paring
dhawuh:
t¤yur ãNä3s9 }§ôJ¤±9$# tyJs)ø9$#ur Èû÷üt7ͬ!#y ( t¤yur ãNä3s9 @ø©9$# u$pk¨]9$#ur ÇÌÌÈ
“Lan Penjenengane wis
ngerehake (uga) tumrap sira kabeh srengenge lan rembulan kang terus-terusan
mubeng (ana ing kubengane dhewe-dhewe) lan wis ngerehake tumrap sira kabeh
wengi lan rina.” (QS. Ibrahim [14]: 33).
Ma’asyiral
Muslimin rahimakumullah,
Makaten, lan semanten
khutbah ingkang saget kula aturaken wonten ing siang punika. Mugi-mugi saget
nambahi iman lan takwa kita dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Amin yra.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
KHUTBAH II
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ
بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ
الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ ,
أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. اِنَّ اللهَ
وَمَلَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَيْتَ عَلَى اِبْراَهِيْمِ وَعَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمِ وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَرَكْتَا عَلَى اِبْرَاهِيْمِ وَعَلَ
اَلِ اِبْرَاهِيْمِ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ بِرَحْمَتِكَ
يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. آمِيْنَ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ.
اَلَّلَهُمَّ أَكْفِنِيْ بِحَلاَلِكَ عَنْ
حَرَامِكَ وَاَغْنِنِيْ بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ. اَلَّلهُمَّ إِنِّيْ أَسْأَلُكَ
الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْغِنَى. رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى
اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ
الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ
لِلَهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ, اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ
الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ,
وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(291212, 09.45)=-
matur suwun nderek copy nggiiih
ReplyDeletenggen qur'an kok mboten tulisan arab pripun nggih
ReplyDeletengaputen, Quran MS word ipun boten saget dipun waca kaliyan blogger.
ReplyDelete