Thursday, October 9, 2014

RAMADHAN WULAN BARAKAH

RAMADHAN WULAN BARAKAH



-=[25]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt. kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Mugi-mugi kanthi iman lan takwa gesang kita wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat saha salam mugi tansah dipun-paringaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., lan ugi dhumateng para kulawarga, para shahabat, saha para pendherekipun ingkang tansah mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang dinten kiamat. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Rasulullah saw. nalika methuk wulan Ramadlan maringi khutbah dhumateng sadaya ummat manungsa khususipun dhumateng tiyang mukmin. Khutbah ingkang dipunparingaken, antawispun makaten:
قَدْ جَاءَكُمْ شَهْرُ رَمَضَانَ شَهْرٌ مُبَارَكٌ كَتَبَ اللهُ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ فِيْهِ تُفْتَحُ اَبْوَابُ الْجِنَانِ وَتُغْلَقُ اَبْوَابُ الْجَحِيْمِ وَتُغَلُّ فِيْهِ الشَّيَاطِيْنُ فِيْهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ اَلْفِ شَهْرٍ مَنْ خُرِمَ خَيْرُهَا فَقَدْ حُرِمَ. (رواه احمد والنسائ).
“Temen-temen wis tumeka marang sira kabeh sasi Ramadlan, sasi kang kebak barakah. Allah wis majibake marang sira kabeh nglakoni pasa. Ing ndalem wulan Ramadlan dibukak pira-pira lawang suwarga lan ditutup pira-pira lawang neraka lan dibelenggu kabeh setan. Ing kono ana sawijine wengi kang luwih becik katimbang sewu sasi. Sapa wonge kang ora diparingi kabecikan ana ing wengi iku, mula satemene dheweke iku wis didohake saka kabecikan” (HR. Ahmad lan An-Nasa’i).
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Hadits kasebat sanajan saweneh para ingkang sami maringi kritikan hadits punika drajatipun dlaif, nanging isi suraosipun boten nalisir saking hadits ingkang shahih malah kapara ngajak dhumateng ngamal shalih, Ibnu Huzaimah nglebetaken hadits kasebat wonten ing  kitab shahihipun.
Wonten ing hadits kasebat Rasulullah saw. mbiwarakaken dhumateng tiyang-tiyang  mukmin, bilih wulan Ramadlan punika satunggalipun wulan ingkang sanget istimewa, kebak kesaenan, kebak barakah menggahipun ummat manungsa. Tiyang ingkang nggadhahi iman badhe mapag kanthi suka rena lan bombong dhatengipun wulan Ramadlan punika.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Isi khotbahipun Rasulullah saw. kasebat antawisipun, ingih punika:
1.      Saben-saben tiyang Muslim lan Mukmin supados saged mahami lan nggadhahi pangajeng-ajeng bilih wulan Ramadlan satunggalipun kasempatan kangge ngumawula minangka kawulanipun Allah Swt., lan ngajeng-ajeng kabegjan wonten ing akhirat.
2.      Wulan Ramadlan ingkang istimewa menggahipun tiyang mukmin punika satunggalipun kalodhangan kangge ngindhakaken iman lan pangibadahan saha barakahipun Allah Swt., jalaran wonten ing wulan Ramadlan punika Allah Swt. ngluberaken welas-asihipun.
3.      Allah Swt. majibaken dhumateng tiyang mukmin supados nindakaken pasa laminipun sawulan natas, amrih nggadhahi sifat sabar lan saged manggihaken derajat muttaqin.
4.      Wulan ramadlan nambahi sregep tiyang-tiyang mukmin anggenipun nindakaken ngibadah, jalaran Allah Swt. badhe nikel-nikelaken ganjaran-Ipun. Tiyang mukmin ingkang nindakaken shalat lail utawi tarawih ing wulan Ramadlan, pramila Allah swt. badhe ngganjar amalan shalat sunnah tarawih kados dene amalan wajib wonten ing wulan sanes. Tiyang mukmin badhe sregep nindakaken tadarus Al-Qur’an, jalaran Allah Swt. badhe nikelaken ganjaran tikel kaping 700 kasaenan saben-saben huruf-ipun.
5.      Allah Swt. badhe nambahi rizki tiyang-tiyang mukmin ingkang maringi dhahar kangge tiyang ingkang buka. Allah Swt. maringi piwales dhumateng tiyang ingkang maringi buka tiyang siyam Ramadlan: sepisan, badhe dipun-ngapunten dosanipun, ingkang angka kalih, badhe dipuntebihaken saking latuning neraka, ingkang angka tiga: badhe pikantuk piwales ganjaran kados tiyang nindakaken buka siyam wonten ing wanci Maghrib lan boten badhe ngirangi ganjaranipun tiyang ingkang nindakaken buka kasebat.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Mugi kita saged nindakaken siyam Ramadlan kanthi sae lan leres. Saged rampung kanthi tuntas, manggihaken wosipun siyam Ramadlan nyuprih derajatipun tiyang ingkang muttaqin.
Amin, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-





No comments:

Post a Comment