Thursday, October 9, 2014

Khutbah Jum'at : TAWAKKAL DHUMATENG ALLAH SWT

TAWAKKAL DHUMATENG ALLAH SWT


-=[31]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang lan boga dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw. sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin yra.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah Swt.
Tawakkal punika pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. sasampunipun usaha lan mbudidaya. Boten kawastanan tawakkal manawi tiyang namung pasrah tanpa usaha lan mbudidaya, lan boten kawastanan tawakkal manawi tiyang namung usaha lan mbudidaya kemawon. Tawakkal punika namung dhumateng ngarsanipun Allah Swt. lan boten dhumateng sanes-Ipun. Lan pancen namung dhumateng ngarsanipun Allah Swt. sadaya perkawis kita pasrahaken.  Tawakkal satunggaling kewajiban tumrapipun tiyang ingkang nggadhahi iman. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt:
 n?tãur «!$# (#þqè=©.uqtGsù bÎ) OçGYä. tûüÏZÏB÷sB ÇËÌÈ  
“.. lan padha tawakkala sira kabeh marang Allah yen nyata sira wong kang padha iman.” (QS. Al-Maaidah [5]:23).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. nedahaken bilih tawakkal punika kajawi mujudaken kewajiban tiyang iman, tawakkal ugi mujudaken syarat-syarat iman. Tawakkal minangka sifat-sifat lan karakteripun tiyang ingkang nggadhahi iman. Allah Swt. dhawuh wonten Al-Qur’anul Kariim:



 “Satemene wong-wong kang iman hiya iku wong-wong kang nalikane disebut Asma Allah dheweke padha gemeter atine, lan nalikane diwacakake marang dheweke ayat-ayate Allah, imane dheweke malah sangsaya tambah, lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakal.” (QS. Al-Anfaal [8]:2).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.
Allah Swt. badhe nyarengi tiyang-tiyang ingkang iman lan tawakkal. Allah Swt. badhe njamin kamenangan lan maringi pitulungan dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman. Allah Swt. badhe nyekapi sadaya kabetahanipun tiyang-tiyang ingkang tawakkal dhumateng Panjenenganipun. Allah Swt. dhawuh:



“Lan sapa wonge kang tawakkal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (keperluwane) dheweke.” (QS. Ath-Thalaaq [65]:3).
Allah Swt. paring dhawuh dhumateng nabi kita Muhammad saw. lan temtunipun dhawuh punika ugi dipundhawuhaken dhumateng kita sadaya minangka umatipun. Allah Swt. dhawuh supados kita tawakkal dhumateng Panjenenganipun manawi kita punika estu-estu iman dhumateng Allah Swt. lan Rasulullah saw. Makaten dhawuhipun:

“He Nabi, kang nyukupi sira iku Allah Ta’ala lan wong-wong mukmin kang padha ndherek marang sira (hiya kuwi pitulunge).” (QS. Al-Anfaal [8]:64).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.
Imam Al-Bukhari lan Imam An-Nasa’i ngriwayataken saking Ibnu Abbas, bilih kalimat:
حَسْبُنَا اللهُ وَنِعْمَ الْوَكَيْلُ
(QS. Ali Imran [3]:173) dipunucapaken dening Nabiyullah Ibrahim as. nalika piyambakipun dipununcalaken dhateng latu ingkang ageng lan mulad-mulad. Semanten ugi dipunaturaken dening Rasulullah Muhammad saw. nalika ngadhepi tiyang-tiyang kafir Quraisy. Tiyang-tiyang Quraisy sami ngomong: “Saktemene wong-wong Quraisy wis ngumpulake pasukan kanggo merangi sira, mula saka kuwi wediya sira marang wong-wong mau. Nanging omongan punika malah nambahi imanipun.’
Kalimat punika nggadhahi kedudukan ingkang sanget wigatos, jalaran sampun dipun ngendikakaken dening Nabiyullah Ibrahim as. lan Rasulullah Muhammad saw. nalika ngadhepi kahanan ingkang sanget ribet (sulit).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tawakkal dados kewajibanipun tiyang ingkang nggadhahi iman. Tawakkal punika kalebet syarat-syaratipun iman. Tawakkal punika mujudaken sifat lan karakteripun tiyang iman. Allah Swt. badhe nyarengi tiyang ingkang tawakkal dhumateng Panjenengnipun. Allah Swt. badhe nyekapi sadya kabetahanipun tiyang ingkang tawakkal kanthi sampurna. Awit saking punika sumangga kula dherekaken sami ningkataken anggen kita sami tawakkal dhumateng ngarsanipun Allah swt. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan begja mulya wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat benjang.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms)=-


No comments:

Post a Comment