Thursday, October 9, 2014

CARA MLEBET SUWARGA

CARA MLEBET SUWARGA



-=[18]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhumateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmat-Ipun.
Salajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
Hadirin ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Suwarga punika marginipun dipunkebaki dening reribet lan perkawis-perkawis ingkang boten nyocoki ing manah. Inggih jalaran suwarga tiyang kedah meper amarah, maringi pangapunten dhumateng tiyang sanes, andhap asor/sopan santun, bayar zakat/shadaqah, sabar ngadhepi pacoben, tha’at dhumateng dhawuh lan awisanipun Allah Swt.
Neraka punika marginipun dipunkebaki kaliyan perkawis-perkawis ingkang nyocoki nafsu syahwat ingkang dipunawisi dening Allah Swt. kados tumindak zina, goroh, tumindak aniaya, transaksi ribawi, nedha bandhanipun anak yatim, duraka dhumateng tiyang sepuh, ngrasani, lan sapanunggalanipun.
Tiyang mlebet suwarga punika jalaran pikantuk rahmatipun Allah Swt. lan boten amargi amal shalih ingkang kita tindakaken, lan tiyang mlebet neraka punika awit saking keadilanipun Allah Swt.
Ma’asiral Muslimin rahimakumullah,
Saking shahabat Anas ra., Rasulullah saw. paring dhawuh:
حُفْتِ الْجَنَّةُ بِالْمَكَارِهِ وَحُفْتِ النَّارُ بِالشَّهَوَتِ.
“Suwarga iku dikupengi dening perkara-perkara kang ora nyenengake, lan neraka iku dikupengi dening perkara-perkara nafsu syahwat.” (HR. Ahmad).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten satunggaling wekdal Rasulullah saw. maringi nasihat dhumateng Abdullah Ibnu Umar, sinambi nyepengi pundhakipun:
كُنْ فِى الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيْبٌ أَوْ عَابِرِ سَبِيْلٍ.
“Uripa ana ing donya kaya-kaya sira suwijine wong kang manca utawa suwijine wong kang lagi lelungan.’
وَعُدَّ نَفْسَكَ مِنْ اَهْلِ الْقُبُوْرِ.
“Lan anggepen awakmu kayadene wong kang enggal-enggal nemoni pati.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten satunggaling wekdal sanes Ibnu Umar ngedika:
إِذَا أَمْسَيْتَ فَلاَ تَنْظِرِ الصَّبَاحَ وَإِذَا أَصْبَحْتَ فَلاَ تَنْظِرِ الْمَسَاءَ وَخُذْ مِنْ صِحَتِكَ لِمَرَضِكَ وَمِنْ حَيَاتِكَ لِمَوْتِكَ.
 (رواه أحمد)
“Lamun sira ana ing wektu wengi, mula aja ngenteni tekane esuk. Lamun wektu esuk wis teka, mula  aja nganti ngenteni tekane wengi. Gunakna kesehatanmu kanggo ngadhepi laramu. Lan gunakna wektu uripmu kanggo ngadhepi tekane patimu.” (HR. Ahmad).
Nasihat Nabi saw. kasebat dipunparingaken dhumateng Ibnu Umar lan temtunipun ugi dhumateng kita sadaya. Kanthi hadits kasebat ing nginggil Rasulullah saw ugi paring wasiyat dhumateng kita sadaya, bilih prayogi kita enggal-enggal nilar perkawis kadonyan kangge pados sangu gesang benjang wonten ing akhirat. Inggih punika boten kasengsem indahing donya, nanging supados kita  mapanaken awak kita kados dene tiyang manca utawi tiyang ingkang nembe kekesahan. Minangka tiyang ingkang nembe kekesahan tansah ngraosaken kawontenan ingkang boten nyaman lan ngremenaken; mbekta sangu  pas-pasan lan badhe enggal telas sasampunipun dumugi ing papan panggenanipun. Rasulullah saw. ugi dhawuh supados estu-estu angenipun tumindak kesaenan, lan tetep ajrih dhumateng Allah Swt. lan boten nuruti hawa nafsu.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Alam akhirat punika langkung sae katimbang alam donya, makaten pemahamanipun tiyang ingkang iman. Jalaran gesang ing donya kawontenanipun namung kasusahan lan kasengsaraan. Manawi tiyang  Mukmin seda, estunipun punika piyambakipun istirahat tumuju dhumateng panggenan ingkang jembar, wiyar, lan alam kanikmatan ingkang langgeng. Piyambakipun badhe mangertosi kanikmatan ingkang dereng nate pirsa dening mripat, dereng nate mireng dening kuping, lan dereng nate kapikir dening manahing tiyang. Piyambakipun badhe ngempal/kepanggih kaliyan kulawarga lan tiyang-tiyang ingkang dipuntresnani. Piyambakipun badhe mangertosi perkawis-perkawis ingkang dereng dipunmangertosi, lajeng piyambakipun hanggadhahi angen-angen saumpami piyambakipun seda wiwit rumiyin.
Allah Swt. paring dhawuh:


“Ananging wong-wong kang padha taqwa marang Pangerane, tumrap dheweke kabeh suwarga kang mili kali-kaline ing jero suwarga kono minangka papan panggonan (kanugrahan) saka ngersane Allah. Lana pa wae kang ana ing ngersane Allah iku luwih bagus tumrap wong-wong kang ngabekti.”  (QS. Ali Imran [3]:198).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. paring dhawuh:


“Lan ditakonake marang wong-wong kang padha taqwa: “Apa kang wis diturunake dening Pangeran ira”? Dheweke kabeh padha jawab: “Gusti Allah wis nurunake) kebagusan”. Wong-wong kang padha nglakoni kebagusan ana ing donya iki bakal entuk (piwales) kang bagus. Lan satemene desa akhirat iku luwih bagus lan hiya uga sabagus-baguse panggonan tumrap wong kang taqwa." (QS. 16 [An-Nahl]: 30).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang iman boten nate nggadhahi angen-angen badhe wangsul malih ing donya kados ingkang dipunlampahi tiyang-tiyang kafir. Ruh tiyang Mukmin kepengin enggal-enggal dipunbekta dhateng kubur lan enggal dipunsarekaken. Kepenginan punika wonten amargi kesaenan lan kenikmatan ingkang dipun-ngertosi piyambakipun.
Dipunriwayataken saking Abu Said Al-khudri, bilih Nabi saw. dhawuh: “Yen jenazah wis diselehake ana ing krendha, lan wong kang padha mikul wis nyelehake ana ing pundhake, manawa mayyit mau kalebu wong kang shaleh banjur dheweke ngomong, “Cepet!”. Nanging manawa mayyit mau dudu wong kang shaleh, banjur dheweke ngomong, “Apes”. Suwanten punika dipunpirengaken dening sadaya makhluk kajawi manungsa lan manawi manungsa mireng temtu badhe semaput.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Pejah/tilar donya punika satunggaling perkawis ingkang mesthi dhatengipun, lan boten badhe wonten satunggal tiyang kemawon ingkang saged lolos saking pejah/tilar donya punika, punapa kemawon pangkat lan derajadipun. Pejah/tilar donya punika kalebet ewoning dhawuhipun Allah Swt. ingkang dipun-trepaken dhumateng sadaya makhluk-Ipun. Pejah/tilar donya punika kados dene lawang ingkang saben-saben tiyang temtu badhe ngliwati. Lan kanthi amal tiyang badhe saged milih lawang pundi ingkang badhe dipunliwati. Amal shalih saha taubat nasuha minangka cara ingkang pas kangge ngadhepi perkawis kematian punika.
Allah Swt. paring dhawuh:



“Saben-saben awak-awakan kang anduweni nyawa iku bakal ngicipi pati. Lan satemene hiya ana ing dina Kiyamat wae ganjaranira kabeh iku disempurnakake. Sapa wonge kang diadohake saka neraka lan kalebokake ana ing jero suwarga, mula satemene dheweke iku wis begja.  Kauripan donya iku ora liya iya mung kasenengan kang mbodhoni.” (QS. 3 [Ali Imran]: 185).
$yJoY÷ƒr& (#qçRqä3s? ãNœ3.ÍôムÝVöqyJø9$# öqs9ur ÷LäêZä. Îû 8lrãç/ ;oy§t±B 3
“Ana ing ngendi wae sira manggon, pati mesthi bakal nemoni sira, senajan sira ana ing sajerone benteng kang dhuwur tur kuwat,….  (QS. 4 [An-nisa’]: 78).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Pejah/tilar donya mesthi badhe dumugi lan boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang mangertosi benjang punapa dumuginipun pejah/tilar donya punika. Pejah/tilar donya pancen kedah dipun-siapaken, ngamal shalih lan tobat nasuha mujudaken pilihan margi ingkang utami. Margi ingkang ribed, menggak-menggok, mandhap lan minggah mujudaken perkawis ingkang boten dipun-remeni dening kathahing tiyang. Namung dipunraos nikmat menggahipun tiyang-tiyang ingkang nggadhahi iman, jalaran piyambakipun pikantuk kanugerahan lan rahmatipun Allah Swt. Sabar ngadhepi pangridhunipun syahwat lan kasangsaran, ngajeng-ajeng piwalesing Allah Swt. awujud suwarga ingkang kebak kanikmatan.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-



No comments:

Post a Comment