Thursday, October 9, 2014

NANGIS TANDHANE IMAN

NANGIS TANDHANE IMAN





-=[9]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, أَرْسَلَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا بَيْنَ يَدَيِ السَّاعَةِ, مَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ رَشَدَ, وَمَنْ يَعْصِمُهَا فَقَدْ غَوَى. وَنَسْأَلُ اللهَ رَبَّنَا أَنْ يَجْعَلَنَا مِمَّنْ يُطِيْعُهُ وَيُطِيْعُ رَسُوْلَهُ, ويَتَّبِعُ رِضْوَانَهُ وَيَجْتَنِبُ سَخَطَهُ فَإِنَّمَا نَحْنُ بِهِ وَلَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Gusti Allah piyambak. Inggih Gusti Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken Allah Swt.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; inggih punika Nabi Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang-tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng Panjenenganipun. Amin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumulloh,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul Karim:


“Yen diwacakake ayat-ayat Allah kang Maha Murah marang dheweke kabeh, mula dheweke kabeh padha ndheprok sujud lan padha nangis.(QS. 19 [Maryam]:58).
Ayat kasebat ing nginggil paring piwucal dhumateng kita sedaya, bilih menawi kita mireng dhawuh pangandikanipun Allah Swt. (Kalamullah) ingkang ngemu dalil lan bukti-bukti ke-Agunganipun Allah Swt., kita kadhawuhan lajeng sujud kanthi manah ingkang khusuk minangka tandha syukur kita dhumateng sedaya nikmat peparingipun Allah Swt.
Kalimah “Bukiyyun” wonten ing ayat kasebat ing nginggil (QS. 19 [Maryam]:58) punika bentuk jamak saking “baakin”, ingkang tegesipun “nangis”. Para Ulama’ sami sarujuk lan netepaken manawi mireng utawi maos ayat-ayat sajdah kados ayat kasebat dipunprayogakaken nindakaken sujud “Tilawah” sasampunipun maos utawi mireng ayat punika dipunwaos. Wondene waosanipun sujud tilawah  makaten:
سَجَدَ وَجْهِيْ لِلَّذِيْ خَلَقَهُ وَشَقَّ سَمْعَهُ وَبَصَرَهُ بِحَوْلِهِ وَقَوَّتِهِ.
“Aku sujud marang Gusti Allah kang wus nyipta marang awakku, ya Gusti Allah kang wus mbuka pangrungu lan pendelengan kanthi kekuasaane Gusti Allah.”
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Rasulullah saw. asring muwun nalika maos lan midhangetaken ayat-ayat suci Al-Qur’an. Rasulullah saw. muwun punika mujudaken satunggaling tangisanipun kawula ingkang nggadahi iman dhumateng Gusti Allah Swt., inggih tangisan ingkang dipunlambari raos iman kanthi lebet dhumateng Allah Swt. lan inggih tangisan ingkang kados makaten punika ingkang badhe njagi lan nebihaken saking siksanipun neraka Jahannam.
Rasulullah saw. paring dhawuh: “Aku ngaramake neraka marang mripat kang tansah nangis amarga duweni rasa wedi marang Allah Swt.”. (HR. Ahmad lan Nasa’i).
Kacatet dening sejarah, bilih Rasulullah saw. punika kalebet salah satunggaling tiyang ingkang asring muwun. Rasulullah saw. muwun nalika rumaos kaparingan nikmat saking Allah Swt. ingkang sanget kathah lan agengipun, inggih punika utaminipun nikmat Iman lan Islam.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Anuju satunggaling wekdal ‘Aisyah ra. matur dhumateng garwanipun, Rasulullah saw. sedalu natas muwun nalika nindakaken shalat lan munajat ngantos ketingal pasuryanipun lan jenggotipun teles jalaran katetesan waspa ingkang ndlewer saking socanipun. Dhuh Rasulullah saw., kenging punapa Panjenengan nindakaken kados makaten punika, kamangka Allah Swt. sampun njamin Panjenengan kanti suwarga?”. Pitakenipun ‘Aisyah ra. dhumateng Rasulullah saw. Lajeng Rasulullah saw. ngendika kanthi jawaban ingkang cekak lan aos, “Apa aku ora entuk manawa dadi kawulane Allah Swt. kang tansah syukur?”. Inggih jalaran nikmatipun Allah Swt. ingkang kathah punika Rasulullah saw. syukur kanthi muwun wonten ngarsanipun Allah Swt.
Nangis punika mujudaken sifat alami lan qodrati minangka anugerahipun Allah Swt. ingkang dipun paringaken dhumateng  sedaya manungsa. Sedaya manungsa mesti badhe ngalami. Boten namung nalika taksih wekdal alit utawi nalika taksih lare, nanging sanajan sampun dhewasa utawi sampun sepuh inggih taksih kathah ingkang nangis. Nangis jalaran rumaos sedhih, nanging ugi wonten nangis jalaran rumaos pikantuk kanugrahan saking Allah Swt. ingkang sanget agengipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun kula badhe nyuwun pirsa dhumateng panjenengan sedaya, inggih kalebet taken dhumateng kula ugi, punapa kita sampun nate nangis, lan kados pundi kok lajeng nangis punika?. Punapa kita nangis jalaran putra utawi wayahipun dangu boten pinanggih, Punapa kita nangis jalaran putranipun sami rukun boten nate congkrah, Punapa kita nangis jalaran semerep jama’ah shalat gangsal wekdal ing masjid kathah ingkang sami ndherek jama’ah, Punapa kita nangis jalaran saged maos shalawat Nabi saw. wonten ing Masjid Nabawi, Punapa kita nangis jalaran sumerep Ka’bah, Punapa kita nangis jalaran kita saged tobat lepas saking tumindak maksiat, Punapa kita nangis jalaran saged nuntun tiyang sepuh inggih bapa lan ibu nalika sakaratul maut, Punapa kita nangis jalaran anak kita lulus saking pawiyatan lan saged pikantuk pandamelan ingkang murwat,  Punapa kita nangis jalaran saged rampung purna tugas kanthi pinaringan bagas waras sehat wal ‘afiyah lan pinaringan cekap ing samudayanipun, Punapa kita nangis jalaran dipuntebihaken saking pangridunipun hawa nafsu syetan lan pinaringan rahmatipun Allah Swt. mlebet suwarga minangka kanugrahaning Gusti Alloh ingkang sanget agengipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Awit saking punika sumangga kita syukur dhumateng nikmat peparingipun Allah Swt. ingkang arupi Iman lan Islam. Lan mugi kita sedaya dipunlebetaken Allah Swt. dhumateng ewoning tiyang ingkang tansah syukur  nikmat. Dipunparingi gesang istiqamah, wilujeng wiwit ing ngalam donya punika ngantos benjang sowan ngarsanipun Allah Swt. Amin, Yaa Rabbal ‘Alamin.
Salajengipun mangga kita nggathosaken dhawuh pangandikanipun Allah Swt. kasebat:


“Satemene wong-wong kang iman hiya iku wong-wong kang nalikane disebut Asma Allah dheweke padha gumeter atine, lan nalikane diwacakake marang dheweke ayat-ayate Allah, imane dheweke malah sangsaya tambah, lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakal.” (QS. 8 [Al-Anfaal]: 2).
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

-=(hms)=-











No comments:

Post a Comment