Thursday, October 9, 2014

Khutbah Jum'at : DHAWUH MANEMBAH NAMUNG DHUMATENG ALLAH

DHAWUH MANEMBAH NAMUNG DHUMATENG ALLAH

-=[30]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhumateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan dedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmatipun.
Saklajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah manut mituhu dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kita minangka manungsa ingkang gesang wonten ing ngalam donya punika mesthi nggadhahi ener/karep lan tujuan. Allah Swt. wonten ing Al-Qur’an kepareng nuntun dhumateng kita manungsa lan makhluk sanes ingkang nami Jin. Manungsa lan Jin punika dipuntitahaken nggadhahi karep lan tujuan supados ngibadah dhumateng Allah Swt. Dhawuhipun Allah Swt.
$tBur àMø)n=yz £`Ågø:$# }§RM}$#ur žwÎ) Èbrßç7÷èuÏ9 ÇÎÏÈ  
“ Lan Ingsun ora nggawe jin lan manungsa kejaba supaya dheweke kabeh padha nyembah marang Ingsun.” (QS. Adz-Dzaariyaat [51]:56).
Ibadah miturut pamanggihipun para ‘Ulama Tauhid inggih punika Maha Nyuwijekaken Allah Swt. kanthi saestu-estunipun lan masrahaken jiwa raga dhumateng Allah Swt.. Sifat pasrah lan ngakeni, bilih ingkang Maha Tunggal namung Allah, lan dados pancadan lan pawitan minangka kawula anggenipun nindakaken jejibahan minangka kawula.
Agami kita Islam, nggadhahi angger-angger ingkang pokok lan mujudaken perkawis pokok ingkang kedah dipunwigatosaken kados pundi supados kita nggadhahi ketauhidan ingkang murni, inggih punika pengakenan bilih Allah Swt. punika “SATU SATUNYA TUHAN” inggih namung Panjenenganipun ingkang kita sembah. Tauhid ingkang dipunwujudaken wonten ing kalimah Talbiyah: Laa Ilaaha Illallah, mujudaken wara-wara janji prasetiya dhumateng sadaya makhluk lan namung dhumateng Allah Pangeran ingkang Suwiji Ngijeni,  Dzat ingkang Nyekapi sadaya makhluk, Dzat ingkang Maha Nyipta, ingih punika namung Allah Swt.
Allah Swt. dhawuh dhumateng kita supados manembah dhumateng Panjenenganipun kemawon lan boten nyekuthokaken. Dhawuhipun Allah Swt.
!$¯RÎ) !$uZø9tRr& šøs9Î) |=»tFÅ6ø9$# Èd,ysø9$$Î Ïç7ôã$$sù ©!$# $TÁÎ=øƒèC çm©9 šúïÏe$!$# ÇËÈ  
Satemene Ingsun ngudhunake marang sliramu Kitab (Al-Qur’an) kanthi (nggawa) bebeneran. Mula nyembaha Allah kanthi murnekake oleh ira taat marang Panjenengane.” (QS. AZ-Zumar [39]:2).

Ayat kasebat kanthi terwaca ndhawuhaken dhumateng kita supados manembah dhumateng Allah kanthi murnekaken, ingkang suraosipun kita dipunawisi ndamel sekutu dhumateng Piyambakipun. Panjenenganipun punika Dzat ingkang pantes kita sembah, boten wonten tandhinganipun, lan boten wonten sainganipun. Boten wonten amal pandamelan ingkang saged dipuntampi Allah Swt, kajawi ingkang dipuntindakaken kanthi ikhlas namung karana Allah Swt. piyambak lan boten nyekuthokaken.

Wonten ing ayat sanes Allah Swt. dhawuh:
Ÿwr& ¬! ß`ƒÏe$!$# ßÈÏ9$sƒø:$# 4
Elinga, amung kagungane Allah wae agama kang suci (saka syirik).” (QS. Az-Zumar  [39]: 3).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kalebet tumindak syirik inggih punika tiyang ingkang ndadosaken satunggalipun barang minangka ingkang nglantaraken kangge ndhatengaken pitulungan utawi nggadhahi panyana bilih satunggalipun barang kalawau saged maringi pitulungan dhumateng piyambakipun saged nyaketaken dhumateng ngarsanipun Allah Swt., kados upaminipun saged maringi rizki, lan saged nebihaken piyambakipun saking bebaya lan karibetan ing donya. Kados pandakwanipun kaum Musyrikin ingkang ndadosaken malaikat-malaikat minangka ingkang nglantaraken piyambakipun nalika ndonga lan nyuwun rizki. Piyambakipun nggadhahi panyana bilih para malaikat punika langkung caket dhumateng Allah Swt. lan saged nglantaraken donga lan panyuwunan rizki. Allah Swt. dhawuh:


“Lan wong-wong kang agawe sesembahan-sesembahan saliyane Allah (padha celathu): Ingsun kabeh ora padha nyembah para sesembahan iku kajaba supaya dheweke kabeh marekake ingsun kabeh marang Allah kanthi saparek-pareke." (QS. Az-Zumar [39]: 3).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kesalahan ingkang kados makaten punika ingkang asring utawi kasengaja dipuntindakaken dening tiyang-tiyang musyrik wonten wekdal kala rumiyin lan wonten wekdal samangke. Perkawis punika mujudaken satunggaling perkawis ingkang dipunreka-reka dening tiyang-tiyang musyrik. Tumindak kados makaten punika dipunawisi lan boten dipunridloi dening Allah Swt., malah Allah Swt. sanget anggenipun duka dhumateng piyambakipun. Lumantar para Rasulipun Allah Swt. paring dhawuh dhumateng para manungsa supados manembah namung dhumateng Allah kemawon lan boten nyekuthokaken dhumateng sanesipun. Allah Swt. dhawuh: 


Lan sejatine ingsun wis ngutus rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangake): Manembaha sira kabeh marang Allah, lan ngedohana Thaghut,” (QS. An-Nahl [16]: 36).

Wonten ing ayat sanes Allah Swt. dhawuh:
¼çm¯Rr& Iw tm»s9Î) HwÎ) O$tRr& Èbrßç7ôã$$sù ÇËÎÈ  
"Yen satuhune ora ana Pangeran kajaba Ingsun, mula padha manembaha sira kabeh marang Ingsun." (QS. Al-Anbiyaa [21]: 25).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nyaosi priksa, bilih sadaya ingkang dipunnyana saged nglantaraken maringi pitulungan (syafa’at), malah para malaikat piyambak boten saged maringi syafa’at, kados ingkang dipun- gambaraken bilih para malaikat punika kados dene para amir wonten ing sangajengipun para ratu/raja, ratu/raja punika nyarujuki punapa boten. Allah Swt. maringi priksa, bilih para malaikat ingkang wonten ing langit, lan para malaikat ingkang sanget caket lan ugi ingkang tebih, sadaya punika kawulanipun Allah Swt. ingkang ta’at lan mituhu dhumateng Panjenenganipun. Piyambakipun para malaikat boten purun nyuwun syafa’at dhumateng Allah Swt. , kajawi kanthi izinipun dhumateng tiyang ingkang dipunrestui. Para malaikat wonten ngarsanipun Allah punika boten sami kaliyan para amir wonten ing ngarsanipun para ratu / raja ingkang saged maringi syafa’at (pitulungan). Allah Swt. dhawuh:

Mula sira aja padha gawe sekuthon-sekuthon tumrap Gusti Allah.” (QS. An-Nahl [16]: 74).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ing wusana, sumangga kita gatosaken dhawuhipun Allah Swt.:



Sejatine Allah bakal ngukumi ing antarane dheweke kabeh ngenani apa kang dheweke kabeh padha pasulayan.” (QS. Az-Zumar [39]:3).

Sumangga kita manembah namung dhumateng Allah piyambak, lan boten nyekuthokaken dhumateng panjenenganipun. Boten wonten Pangeran, kajawi namung Allah. Inggih Allah punika Dzat ingkang nampi lan badhe mbales sadaya amal pendamelan kita.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-









No comments:

Post a Comment