NGATUR WEKDAL KANGGE AKHIRAT
-=[23]=-
السلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ,
وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا,
مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ
الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ
فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ
تُقَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ
تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken
sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Alloh Swt. kanthi
nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Mugi-mugi
kanthi iman lan
takwa punika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten
ing akhirat.
Shalawat saha
salam mugi tansah dipunparingaken Alloh
Swt. dhumateng
junjungan kita Nabi
Muhammad saw., saha para
kulawarga,
para shahabat, saha para
pendherekipun ingkang sami mituhu
nderek dhawuhipun, ngantos
benjang wonten ing akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken
Allah Swt.
Anuju satunggaling wekdal
Rasulullah saw. maringi nasehat dhumateng Abdullah Ibnu Umar, sinambi nyepengi pundhakipun (pamidharganipun):
كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيْبٌ أَوْ عَابِرُ
سَبِيْلٍ, وَعُدَّ نَفْسَكَ مِنْ اَهْلِ الْقُبُوْرِ. (رواه أحمد).
“Uripa ana ing donya iki kaya
saumpamane kowe dadi wong kang manca (asing) utawa kaya wong lagi lelungan
(musyafir), lan anggepen awakmu minangka suwijining wong kang bakal katekan ing pati.” (HR. Ahmad).
Lan wonten
ing wekdal sanes, Ibnu Umar ugi ngendika:
إِذَا
أَمْسَيْتَ فَلاَ تَنْظِرِ الصَّبَاحَ وَإِذَا أَصْبَحْتَ فَلاَ تَنْظِرِ
الْمَسَاءَ وَخُذْ مِنْ صِحَّتِكَ لِمَرَضِكَ وَمِنْ حَيَاتِكَ لِمَوْتِكَ. (رواه
أحمد)
“Lamun dina wis katon wiwit bengi, becik sira
aja nganti ngenteni tekane esuk. Lamun wektu esuk wis teka, becik sira aja
nganti ngenteni tekane wengi. Manfa’atna kesehatanmu kanggo ngadhepi tekane
laramu. Lan manfa’atna wektu uripmu kanggo ngadhepi wektu matimu.” (HR.
Ahmad).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Hadits
kasebat ing nginggil Rasulullah saw. maringi wasiat dhumateng kita supados kita
saged ngginakaken wekdal ingkang sumadya kanthi sae lan boten kathah wekdal
ingkang muspra, enggal-enggal nilar pandamelan kadonyan lan enggal-enggal cecawis
amal kangge gesang wonten ing akhirat. Rasulullah saw. ugi maringi wasiat
dhumateng kita, supados mapanaken awak kita kados tiyang nembe kesah tebih
ngembara, ingkang boten nyaman lan sekeca gesang wonten ing tengah-tengahing
tiyang kathah, ingkang boten wonten kenalan satunggal kemawon. Utawi kados
satunggaling tiyang ingkang nembe kekesahan (musyafir) ingkang badhe tumuju
satunggaling nagari ingkang tebih sanget, namung mbekta sangu sacekapipun
ingkang dipunbetahaken nalika kita kesah lan enggal badhe telas sasampunipun
rampung anggenipun kekesahan.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saking
Ibnu Abbas ra., Rasulullah saw. maringi nasihat dhumateng satunggaling tiyang kanthi
dhawuh pangandikanipun makaten:
اِغْتَنِمْ
خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ, حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ, وَصِحَاتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ,
وَفَرَاغَكَ قَبْلَ شُغْلِكَ, وَشَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ, وَغِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ. (رواه الحاكم).
“Gunakna limang
perkara sadurunge limang perkara. Uripmu sadurunge patimu, sehatmu sadurunge laramu,
longgarmu sadurunge rupekmu, enommu sadurunge tuwamu, lan sugihmu sadurunge
mlaratmu.” (HR. Al-Hakim).
Hadits kasebat nerangaken dhumateng kita supados
estu-estu anggen kita ngamal, lan supados kita nggatosaken gangsal perkawis
kasebat kangge sangu gesang kita benjang wonten ing akhirat. Tiyang ingkang pinter
mesthi badhe ngginakaken gangsal kawontenan ingkang sepisan kanthi sae kangge
ngamal shalih, milih kathaatan saderengipun kadumugen gangsal perkawis ingkang
sanes. Amargi manawi gangsal perkawis ingkang nomor kalih sampun dumugi, mesthi
kemawon boten badhe saged malih nindakaken ngamal punapa kemawon kangge sangu
gesang wonten ing donya ugi wonten ing akhirat.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Gegayutan wigatosipun wekdal, para ulama salaf paring
dhawuh ing antawisipun:
Ali ra.
ngendika: “Donya wis lunga adoh banjur akhirat
samsaya cedhak hangampiri, saben-saben donya nduweni anak. Mula saka iku dadiya
anak-anak akhirat lan aja dadi anak-anak donya. Dina iki mung ana amal tanpa
ana hisab (petungan amal), lan besuk mung ana hisab tanpa ana ngamal.”
Abu Darda’ ngasta serat dipunkintunaken dhumateng
Salman Al-Farisi ingkang suraosipun, “ Gunakna wektu arikala sira lagi sehat
lan darbe waktu kang longgar sadurunge sira kataman bebaya kang ora ana
suwijining wong kang bisa ngentasake saka
bebaya iku.”
Hasan Al-Basri ngendika: “Saben-saben fajar jumedhul
ana ing wektu esuk, dheweke ngundang: “Hai manungsa, aku sawijining makhluk
kang anyar, aku dadi saksi kanggo ngamal panggaweyanmu, mula nggoleka sangu
saka aku. Jalaran satemene lamun aku wis liwat, aku ora bakal bali maneh
ngangsi dina kiamat.”
Ahmad bin Ayyub, salah satunggal gurunipun Imam
Bukhari, nate ngendika liwat sya’iripun, “Gunakna wektu longgar kanggo nambahi
rukuk. Jalaran sapa ngerti ujug-ujug katekan pati. Akeh wong kang bagas
waras-wiris ngerti-ngerti katekan mati.
Imam Syafi’i nate sya’iran, “Satemene Allah kagungan kawula-kawula
kang nduweni pikiran dewasa. Dheweke hangedohi donya jalaran dheweke khawatir
kena godha. Dheweke ndeleng donya nalika dheweke hanyipati donya. Donya nyata sajatine dudu pangonane manungsa kang nduweni nyawa.
Dheweke ndadekake donya kaya dene segara. Lan dheweke ndadekake amal shalih
minangka prahu utawa sampan.”
Satunggaling
Ulama salaf ngendikakaken:
مَنْ كَانَ يَوْمُهُ كَأَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ,
وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرٌّ مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ.
“Sapa wonge kang dina
iki kahanane padha karo wingi, satemene dheweke klebu wong kang rugi. Lan sapa
wonge kang kahanane ing dina iki luwih elek katimbang dina wingi, satemene
dheweke klebu wong kang kabendu.”
Abu Athoilah ngendika: “…. Urip iku sawijining nikmat
lan karunia Allah. Allah ngerehake wektu kanggo kita supaya dennikmati.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Gegayutan perkawis punika Allah Swt. paring pangandikan makaten:
t¤yur
ãNä3s9
}§ôJ¤±9$#
tyJs)ø9$#ur
Èû÷üt7ͬ!#y
(
t¤yur
ãNä3s9
@ø©9$#
u$pk¨]9$#ur
ÇÌÌÈ
“Lan Penjenengane wis
ngerehake (uga) tumrap sira kabeh srengenge lan rembulan kang terus-terusan
mubeng (ana ing kubengane dhewe-dhewe) lan wis ngerehake tumrap sira kabeh
wengi lan rahina.” (QS.
14 [Ibrahim]: 33).
uqèdur
Ï%©!$#
@yèy_
@ø©9$#
u$yg¨Y9$#ur
Zpxÿù=Åz
ô`yJÏj9
y#ur&
br&
t2¤t
÷rr&
y#ur&
#Yqà6ä©
ÇÏËÈ
“Lan Penjenengane (uga) kang nitahake wengi
lan rahina gilir-gumanti tumrap wong kang ngarepake pitutur utawa wong kang
ngarepake syukur (nyukuri nikmate Gusti Allah).” (QS. 25 [Al-Furqaan]: 62).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken
Allah Swt.
Cilakanipun,
kathah tiyang ingkang boten pinter ngginakaken wekdal kanthi sasae-saenipun. Piyambakipun wekdal dipun-ginakaken kangge
foya-foya lan boten dipun-ginakaken kangge nindakaken punapa ingkang mesthinipun dipuntindakaken.
Piyambakipun boten nindakaken punapa ingkang kedah dipuntindakaken nalika
wekdal taksih sumadya. Kalebet begja kemayangan tiyang ingkang
ngginakaken nikmat wekdal kanthi sae. Piyambakipun wekdal dipun-ginakaken
kangge ngamal shalih, kangge sangu gesang bagya mulya ing donya lan ing akhirat
benjang, nalika pepanggihan kaliyan
Gusti Allah Swt.
Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring pitulungan
dhumateng kita. Amin Yaa Rabbal
‘Alamin.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-
No comments:
Post a Comment