Thursday, October 9, 2014

SUWARGA LAN NERAKA

SUWARGA LAN NERAKA


-=[17]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmat-Ipun.
Saklajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang manut ndherek dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
Hadlirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul Karim:
¨bÎ) ©!$# Ÿw ãÏÿøótƒ br& x8uŽô³ç ¾ÏmÎ/ ãÏÿøótƒur $tB tbrߊ y7Ï9ºsŒ `yJÏ9 âä!$t±o 4 `tBur õ8ÎŽô³ç «!$$Î/ Ïs)sù #uŽtIøù$# $¸JøOÎ) $¸JŠÏàtã ÇÍÑÈ  
“Satemene Allah kuwi ora bakal paring ngapura marang dosa syirik, lan Panjenengane kersa paring pangapura marang saliyane (syirik), tumrap sapa wae kang dikersakake. Sopo wae kang nyekuthokake Allah, temtu dheweke wus nglakoni dosa kang gedhe banget.” (QS. An-Nisaa’ [4]:48).
Ayat kasebat ing nginggil mratelakaken babagan syirik. Syirik punika tumindak dosa ingkang kedah dipuntebihi lan kedah dipunajrihi. Syirik punika kaperang dados kalih, inggih punika syirik ageng (akbar) lan syirik alit (ashghar). Kawastanan syirik ageng inggih punika nganggep dhumateng samukawis barang salintunipun Allah sami kaliyan Allah. Wondene syirik alit inggih punika pandamelan ingkang dipunsebat wonten ing Al-Qur’an lan Al-Hadits minangka pendamelan syirik nanging dereng ngantos dumugi derajad syirik ageng.
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Syirik ageng (akbar) punika mbusek sedaya amal, jalari tiyang ingkang tumindak syirik langgeng wonten ing neraka, njalari tiyang medal saking agami Islam, lan dosanipun tiyang ingkang tumindak syirik boten dipunpangapunten Allah Swt. Wondene syirik alit (ashghar) punika namung mbusek amal ingkang nyartani kemawon, boten nglanggengaken ing neraka, lan boten ngatos nyebabaken tiyang tumindak syirik asghar medal saking agami Islam.
Namung kemawon syirik asghar punika satunggaling tumindak dosa ingkang sanget dipunkhawatiraken dening Rasulullah saw. Panjenenganipun saw. sanget khawatir dhumateng para shahabat, kamangka para shahabat punika tiyang ingkang shalih. Awit saking punika tumrap kita sadaya lajeng kados pundi. Rasulullah saw. kemawon taksih ngawatiraken para shahabat.
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Riya’ utawi pamer punika tumindak kesahenan karana tiyang sanes.  Riya’ kalebet syirik ashghar ingkang jalari amal boten dipuntampi lan boten dipunridlai dening Allah Swt. Amal shalih manawi dipuncampuri perkawis ingkang boten Lillah, pramila boten dipuntampi Allah Swt. , jalaran Allah punika Sesembahan ingkang paling sahe. Allah punika Sesembahan ingkang boten nampi tumindak syirik, jalaran sifat Mahacekap-Ipun. Tafsiran tumindah riya’ contonipun; satunggaling tiyang ingkang nindakaken shalat kanthi niat Lillah, nanging piyambakipun shalat dipunkhusu’aken jalaran wonten tiyang sanes ingkang mirsani.
Rasulullah saw. dhawuh ingkang dipunriwayataken dening Ibnu Mas’ud ra.:
مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَدْعُو مِنْ دُوْنِ اللهِ نِدًا دَخَلَ النَّارِ.
“Sapa wonge mati kahanane wong mahu nyembah marang sesembahan saliyane Allah, mula dheweke mlebu ing neraka.” (HR. Bukhari).
Imam muslim ngriwayataken saking Jabir ra. bilih Rasulullah saw. ngendika:
مَنْ لَقِيَ اللهُ لاَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ الْجَنَّةَ,  وَمَنْ لَقِيَهُ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ النَّارِ.
“Sapa wonge ketemu Allah (mati) kanthi kahanan ora tumindak syirik marang Panjenengan-E sathithik wae, mesthi mlebu suwarga; nanging sapa wonge ketemu Allah (mati) kahanane tumindak syirik marang Panjenengan-E, mesthi mlebu Neraka.”
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Suwarga lan Neraka punika papanipun pancen caket sanget. Tiyang gampil mlebet suwarga, jalaran amalipun Lillah, lan boten dipuncampuri riya’. Lan ugi gampil mlebet neraka jalaran amal shalih naging dipuncampur riya’ utawi karana tiyang sanes. Riya’ kalebet syirik ashgar ingkang anjalari amal shalih boten dipuntampi lan dipunridlai dening Allah Swt.
Nabiyullah Ibrahim as. khalilullah ngendika:
øŒÎ)ur tA$s% ãLìÏdºtö/Î) Éb>u ö@yèô_$# #x»yd t$s#t6ø9$# $YYÏB#uä ÓÍ_ö7ãYô_$#ur ¢ÓÍ_t/ur br& yç7÷è¯R tP$oYô¹F{$# ÇÌÎÈ  
“Lan nalikane Ibrahim matur: “Dhuh Pangeran kula, mugi Panjenengan dadosaken nagari punika (Mekkah) nagari ingkang aman lan mugi Panjenengan tebihaken kula dalah anak putu kula saking manembah brahala-brahala.” (QS. Ibrahim [14]:35).
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-

No comments:

Post a Comment