Thursday, October 9, 2014

Khutbah Jum'at : FAEDAH AMAR MA’RUF NAHI MUNKAR

FAEDAH AMAR MA’RUF NAHI MUNKAR


-=[27]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan hanambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt. kanthi nindakaken sadaya dhawuhipun lan nilar sadaya pepacuhipun. Mugi-mugi kanthi iman lan takwa punika gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat saha salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., lan ugi dhumateng para kulawarga, para shahabat, saha para pendherekipun ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang wonten ing akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Sadaya tumindak utawi pangucap ingkang wujudipun dhawuh, ngajak, lan nuntun dhumateng tiyang supados nindakaken lan manut mituhu dhumateng Allah Swt. saha Rasul-Ipun kawastanan amar ma’ruf. Lajeng manawi tumindak lan wicanten dhumateng tiyang ingkang sifatipun ngawisi dhumateng tiyang, nyegah, ngalang-ngalangi, ndukani, nuturi, lan ngengetaken bebayanipun tumindak dosa tumrap tiyang ingkang tumindak awon utawi nglanggar awisanipun Allah Swt. lan Rasulipun punika dipunwastani nahi munkar.
Saben-saben tiyang Islam kedah mangertosi lan nglenggana bilih ngajak tumindak kesaenan lan nyegah tumindak awon utawi amar ma’ruf nahi mungkar punika kalebet tumindak ingkang sae utawi ngamal shalih ingkang saged ndhatengaken faedah dhumateng pribadinipun piyambak ugi dhumateng tiyang sanes.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Amar ma’ruf nahi mungkar punika kedah kita tindakaken wonten ing panggesangan masyarakat, supados kalis ing rubeda lan siksanipun Allah Swt. Siksa-anipun Allah Swt. badhe kaparingaken dhumateng tiyang ingkang iman lan tiyang ingkang taqwa, jalaran piyambakipun ngendelaken sedherekipun tumindak dosa lan dumindak duraka. Allah Swt. dhawuh:
(#qà)¨?$#ur ZpuZ÷FÏù žw ¨ûtùÅÁè? tûïÏ%©!$# (#qßJn=sß öNä3YÏB Zp¢¹!%s{ ( (#þqßJn=÷æ$#ur žcr& ©!$# ߃Ïx© É>$s)Ïèø9$# ÇËÎÈ    
“Lan padha ngreksaha awak ira kang ora mung khusus ngenanani marang wong-wong kang dzalim wae ing antarane sira. Lan ngertenana yen satemene Allah kuwi siksane banget larane.(QS. Al-Afaal [8]: 25).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipun-mulyakaken Allah Swt.
Wonten ing babrayan (masyarakat), tiyang Mukmin kedah aktif nindakaken  amar ma’ruf nahi mungkar. Jalaran nindakaken amar ma’ruf nahi mungkar mujudaken amal kesaenan tumrapiun tiyang ingkang nggadhahi iman. Nindakaken amar ma’ruf nahi mungkar badhe ndhatengaken faedah ingkang ageng sanget. Allah Swt. dhawuh:
(#þqãZÅ¡ômr&ur ¡ ¨bÎ) ©!$# =Ïtä tûüÏZÅ¡ósßJø9$# ÇÊÒÎÈ  
Lan tumindaka kang bagus, satuhune Allah iku seneng marang wong kang tumindak bagus.” (QS. Al-Baqarah [2]: 195).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. dhawuh:
* tûïÏ%©#Ïj9 (#qãZ|¡ômr& 4Óo_ó¡çtø:$# ×oyŠ$tƒÎur (
“Tumrap wong-wong kang padha nglakoni kebagusan, ana ganjaran kang luwih bagus (suwarga) lan tambahane. (QS.Yunus [10]: 26).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Wondene contonipun amar ma’ruf nahi mungkar antawisipun, inggih punika:
1.      Ngajak kanca, sedherek, utawi tangga ingkang sakawit badhe tumindak awon lajeng boten estu tumindak awon.
2.      Ngajak adhik, kanca, sedherek, lan tangga supados nindakaken shalat, lan ngawisi nilaraken shalat.
3.      Ngajak kanca, sedherek, lan tangga supados bekti dhumateng tiyang sepuh, ngajeni dhumateng bapa lan ibu guru, saha nyukani pitutur manawi wani lan ngremehaken.
4.      Ngengetaken kanca, sedherek, lan tangga supados manut lan mituhu dhumateng Allah lan Rasulipun saha nyegah tumindak dosa lan nglanggar pranatanipun syara’.
5.      Ngajak nindakaken ngibadah tathawuk siyam lan shalat sunnat kados ingkang dipuntindakaken Rasulullah saw.

Jama’ah Jum’ah ingkang dipun-mulyakaken Allah Swt.

Awit saking punika, amar ma’ruf kedah saged lumampah, kita tindakaken dhumateng kanca, sedherek, lan tangga, lan wonten ing lingkungan masyarakat wonten ing pundi kemawon, lan wonten ing wekdal punapa kemawon.

Manawi amar ma’ruf boten dipuntindakaken, pramila mesthi tumindak keji lan mungkar badhe ngrembaka.

Tiyang Islam ingkang nggadhahi iman wajib amar ma’ruf nahi mungkar. Dhawuhipun Allah Swt.:


Lan wong-wong kang padha iman, lanang lan wadon, saperangan dheweke kabeh (kuwi minangka) dadi wong kang mitulungi tumrap saperangan kang liya: dheweke kabeh padha ngakon (nglakoni) kang ma’ruf, lan nyegah saka kang mungkar, njumenengake shalat, mbayar zakat lan dheweke kabeh padha ta’at marang Gusti Allah lan Rasul-E. Dheweke kabeh iku bakal kaparingan rahmat dening Gusti Allah; sejatine Gusti Allah iku Maha Prakosa tur Maha Wicaksana.” (QS. At-Taubat [9]: 71).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. ugi dhawuh:


“Lan upayanen ana ing antarane sira kabeh sagolongane umat kang ngajak-ajak tumuju marang kebagusan, padha printah marang kang ma’ruf lan nyegah saka kang mungkar; hiya dheweke kabeh iku wong-wong  kang nemahi kabegjan.” (QS. Ali Imran [3]: 104).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Mugi-mugi kita saged nindakaken amar ma’ruf nahi mungkar. Ingkang sanget ageng faedahipun. Ngajak-ajak tumindak sae ingkang saged nyaketaken dhumateng Allah Swt. lan saged nyegah saking tumindak mungkar; inggih punika nyegah sadaya tumindak ingkang saged hanebihaken kita saking Allah Swt. Amin, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-







No comments:

Post a Comment