Thursday, October 9, 2014

SHALAT SHUBUH UKURANIPUN IMAN

SHALAT SHUBUH UKURANIPUN IMAN





-=[10]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt. kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Mugi-mugi kanthi iman lan takwa gesang kita wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat saha salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., lan ugi dhumateng para kulawarga, para shahabat, saha para pendherekipun ingkang tansah mituhu ndherek dhawuhipun ngantos benjang dinten kiamat. Amin.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipun-rahmati Allah Swt.,
Shalat punika minangka fondhasi menggahipun bangunan. Manawi fondhasinipun kiyat bangunan kasebat badhe kiyat lan boten gampil ambruk.   Manawi shalatipun tiyang punika sae, pramila amalan sanesipun tiyang kasebat badhe ndherek sae. Kosok wangsulipun, manawi shalatipun awon, sadaya amalipun badhe awon. Kita nyenyuwun dhumateng Allah Swt. mugi sadaya amalan kita sae kanthi shalat ingkang kita lampahi.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ngibadah shalat wajib gangsal wekdal, pramila shalat Shubuh minangka ingkang ngawiti dinten. Shalat ingkang kedah dipunjagi sanget anggenipun nindakaken, jalaran boten saben tiyang saged nindakaken kanthi tertib lan ajeg (istiqamah). Shalat Shubuh kanthi jama’ah punika dados ukuran kejujuran lan keimananipun tiyang Islam. Tiyang badhe nindakaken shalat Shubuh punika awrat sanget, tumrapipun tiyang munafik. Para rawuh sampun lajeng enggal duka, jalaran midhanget kalimah munafik punika, jalaran ingkang ngendika punika Priyantun ingkang sanget kita tresnani, lan manawi kita tresna tandhanipum kita kedah mituhu dhumateng sadaya dhawuh-dhawuhipun. Priyantun kasebat inggih punika Rasulullah Muhammad saw., Panjenenganipun dhawuh:
أَثْقَلُ الصَّلاَةِ عَلَى الْمُنَافِقِيْنَ صَلاَةُ الْعِشَاءِ وَصَلاَةِ الْفَجْرِ. (رواه أحمد).
“Shalat sing paling abot mungguhing wong-wong munafik yaiku shalat ‘Isyak lan shalat Shubuh.” (HR. Ahmad).
Pramila inggih pancen limrah, jalaran shalat-shalat sanesipun saged dipuntindakaken kanthi sesarengan nyambut damel, lan wekdalipun kathah-kathahipun nuju boten sare. Awit punika, boten wonten ingkang saged tertib lan konsisten nindakaken shalat ‘Isyak lan shalat Shubuh kanthi jama’ah, kajawi tiyang Mukmin ingkang nggadhahi pangajeng-ajeng badhe pikantuk kesaenan saking Allah Swt. ingkang langkung sae.
Rasulullah saw. dhawuh:
مَنْ شَهِدَ الْعِشَاءِ فَكَأَنَّمَا قَامَ نِصْفَ لَيْلَةٍ, وَمَنْ شَهِدَ الصُّبْحَ فَكَأَنَّمَا قَامَ لَيْلَةً. (رواه مسلم).
“Sapa wonge kang nindakaken shalat ‘Isyak kanthi jama’ah, mula dheweke kaya shalat separo wengi. Lan sapa wonge kang nindakake shalat Shubuh kanthi jama’ah, mula dheweke kaya shalat wengi suwene sawengi muput.” (HR. Muslim).
Awit saking punika sumangga sampun kita lirwakaken wekdal ingkang sae punika. Pramila sawenehing para Ulama wonten ingkang mekruhaken wungon sadalu natas, sanajan kangge maos Al-Qur’an utawi shalat dalu, manawi ndadosaken anggenipun shalat shubuh boten saged dipuntindakaken kanthi sae.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. dhawuh:
`¨B tb%x. ߃̍ムz>#uqrO $u÷R9$# yZÏèsù «!$# Ü>#uqrO $u÷R9$# ÍotÅzFy$#ur 4 tb%x.ur ª!$# $JèÏJy #ZŽÅÁt/ ÇÊÌÍÈ  
“Sapa wae kang ngarepake ganjaran mung ana ing donya wae (mangka dheweke rugi), amarga ing ngersane Allah ana ganjaran donya lan akhirat. Lan Allah Maha Midhanget tur Maha Mirsani.” (QS. An-Nisa’ [4]:134).
Kanthi ayat kasebat mesthinipun kita lajeng boten lenggang-lenggang kemawon nanging kita lajeng sami gegancangan ngupadi kabegjan boten namung babagan kadonyan kemawon, nanging ugi babagan akhirat, ngupados amrih kita saged pikantuk rahmatipun Allah Swt. awujud Suwarga ingkang wiyaripun sawiyaring bumi lan langit.
Wonten sawatawis cara amrih kita saged nindakaken jama’ah shalat Shubuh, antawisipun inggih punika; kita sare langkung awwal lan ampun begadhang, niat kanthi tulus lan tekat ingkang saestu saderengipun sare, maos dzikir saderengipun sare lan enggal wungu sasampunipun nglilir sare, nyuwun bantuan kulawarga utawi kanca supados kersa nggugah, boten kathah-kathah dhahar saderengipun sare, sare wonten ing wekdal siang sanajan namung sakedhap, lan ngginakaken sarana sanes amrih saged nglilir wungu kados alarm jam utawi Hand Phone (HP).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Setengah saking tandha-tandhanipun tiyang iman inggih punika tiyang ingkang mituhu dhumateng Allah Swt. lan Rasulipun. Lan inggih tiyang iman kados makaten kala wau ingkang badhe pikantuk kabegjan ingkang ageng. Allah Swt. dhawuh:
`tBur ÆìÏÜム©!$# ¼ã&s!qßuur ôs)sù y$sù #·öqsù $¸JŠÏàtã ÇÐÊÈ  
“Lan sing sapa wonge naati Allah lan Rasule, mula satemene dheweke wus antuk kemenangan (kabegjan) kang gedhe.” (QS. Al-Ahzab [33]:71).
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-

No comments:

Post a Comment