Thursday, October 9, 2014

Khutbah Jum'at : WASPADA GODHAANIPUN SETAN

WASPADA GODHAANIPUN SETAN



-=[28]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmat-Ipun.
Salajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Salawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
Hadirin ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Wiwit Nabi Adam as. dipuntitahaken dening Allah Swt. sampun kadadosan pasulayan antawisipun kersanipun Allah Swt. kaliyan pembangkanganipun setan. Kita mengertosi bilih setan punika mujudaken kawulanipun Allah Swt. ingkang kawitan piyambak mbangkang dhumateng Allah Swt. Piyambakipun mbangkang jalaran rumaos paling unggul kualitas bahan bakunipun anggenipun Allah nitahaken. Setan dumados saking saking latu, manungsa dumados saking siti/lemah. Kadadosan punika saged kita pirsani wonten ing Al-Qur’an:
tA$s% $tB y7yèuZtB žwr& yàfó¡n@ øŒÎ) y7è?ósDr& ( tA$s% O$tRr& ׎öyz çm÷ZÏiB ÓÍ_tFø)n=yz `ÏB 9$¯R ¼çmtGø)n=yzur `ÏB &ûüÏÛ ÇÊËÈ  
“Allah dhawuh: “Apa kang ngalang-ngalangi sira sujud (marang Adam) nalika Ingsun dhawuh marang sira?”. Iblis matur: “Kula langkung sae katimbang piyambakipun; Panjenengan titahaken kula saking latu lan Penjenengan titahaken Adam saking siti/lemah”. (QS. Al-A’raaf [7]:12).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Aturipun setan kalawau dadosaken dukanipun Allah Swt. ingkang njalari setan dipuntundhung medal saking suwarga. Nanging setan nyuwun dipunserantekaken siksanipun ngantos benjang dinten akhir. Salajengipun Allah Swt. ngabulaken panyuwunipun setan lan kesempatan punika dipun-ginakaken setan kangge balas dendam dhumateng Adam lan putra wayahipun woten ing ngalam donya. Setan badhe nggodha lan ngajak putra wayah keturunan Adam supados ndherek-ndherek mbangkang lan manut pikajengipun setan. Kedadosan punika saged kita pirsani wonten ing Al-Qur’an surat Al-A’raaf [7] ayat 13, 14, 15, lan 16. Salajengipun setan  mratelakaken prasetyanipun kados kasebat wonten ing surat Al-A’raaf [7] ayat 17, makaten:
§NèO Oßg¨YuÏ?Uy .`ÏiB Èû÷üt/ öNÍkÉ÷ƒr& ô`ÏBur öNÎgÏÿù=yz ô`tãur öNÍkÈ]»yJ÷ƒr& `tãur öNÎgÎ=ͬ!$oÿw¬ ( Ÿwur ßÅgrB öNèdtsVø.r& šúï̍Å3»x©  
“Salajengipun kula badhe ndugeni tiyang-tiyang kalawau saking ngajeng lan saking wingkingipun, saking tengen lan saking kiwanipun. Lan Panjenengan boten badhe manggihaken kathah-kathahipun tiyang-tiyang sami syukur (ta’at).” (QS. Al-A’raaf [7]:17).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Para ulama salaf anggenipun nafsiraken ayat 17 surat Al-A’raaf [7] punika benten-benten. Ing antawisipun Ibnu Abbas nafsiraken bilih sekawan langkah setan anggenipun nggodha para manungsa inggih punika:
1.      Saking arah ngajeng (مِنْ بَيْنِ اَيْدِهِمْ) ingkang dipuntafsiraken Ibnu Abbas kanthi makna, bilih setan badhe ngringkihaken babagan keyakinanipun manungsa wontenipun dinten akhirat. Babagan keyakinan sanget wigatos tumrapipun saben-saben tiyang Islam, jalaran kanthi keyakinan lan keimanan punika saged ndayani tumindak, boten namung urusan kadonyan kemawon nanging urusan akhirat dados perkawis ingkang utami. Kanthi iman tiyang badhe ngatos-atos anggenipun badhe tumindak. Awit saking punika babagan iman kedah kita tanemaken dhumateng putra wayah lan generasi kita wiwit taksih alit/lare supados kiyat imanipun lan boten gampil dipun-godha setan.
2.      Saking arah wingking (مِنْ خَلْفِهِمْ وَ). Setan badhe nggodha supados manungsa dados tiyang ingkang sanget anggenipun remen dhumateng kadonyan. Remen kadonyan lan ajrih pejah (Hubbud dunya wa karahatil maut). Perkawis punika kelebet penyakit ingkang ndrawasi menggahipun panggesangan ing masyarakat. Penyakit punika saged ndadosaken tiyang rakus, tamak, lan serakah. Piyambakipun badhe mbudidaya amrih saged numpuk-numpuk bandha ingkang kathah sanajan kedah tumindak ingkang boten sae, lan ngalalaken sedaya cara. Ingkang kalajenganipun ndadosaken boten tentremipun masyarakat.
3.      Saking arah tengen (وَعَنْ اَيْماَنِهِمْ). Setan badhe ngringkihaken keyakinanipun tiyang dhumateng dhawuh-dhawuhipun Allah Swt. Dhawuhipun Allah Swt. lumantar Al-Qur’an lan Rasulullah saw. lumantar ing hadits ingkang sampun sampurna lan cetha ketingal ragu, campur adhuk kaliyan pakulinan, saha perkawis-perkawis ingkang anyar (bid’ah); kesempatan setan nggodha manungsa. Awit saking punika kita kedah sregep sinau supados mangertosi syari’at agami kanthi leres, supados kita boten sasar-susur pangibadahan kita. Manawi kita ngamal jumbuh kaliyan dhawuh-Ipun lan dipunridlai Allah Swt.
4.      Saking arah  kiwa (وَعَنْ شَمَآئِلِهِمْ). Setan badhe nyebar-luasaken kemaksiyatan wonten ing sadhengah wekdal lan papan panggenan kanthi terang-terangan lan dhedhemitan. Punapa malih kawontenan samangke sarana informasi modern ingkang langkung cepet lan sanget nggegirisi, kita saged mangertosi kawontenan ing donya kanthi bebas lan gampil. Manawi kita boten waspada temtu badhe cilaka pungkasanipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Tumrap kawulanipun Allah Swt. ingkang ikhlas anggenipun ngibadah badhe slamet lan dipun tebihi dening setan. Inggih tiyang ingkang sampun kaparingan pitulungan manut miturut sadaya pitedah lan dhawuhipun saking ngarsanipun Allah Swt.  Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
žwÎ) šyŠ$t6Ïã ãNåk÷]ÏB šúüÅÁn=øÜßJø9$# ÇÍÉÈ  
“Kajawi kawula-kawula Panjenengan ingkang mukhlis ing antawisipun piyambakipun sedaya.” (QS. Al-Hijr [15]:40).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Awit saking punika, sumangga kita tanemaken sifat ikhlas saben ngamal pangibadahan kita, lan kita tansah nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah Swt. kados ingkang dipuntuntunaken dening Rasulullah saw., supados kita wilujeng lan dipuntebihaken saking pangridhunipun setan. Aminx3 Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-


No comments:

Post a Comment