Thursday, October 9, 2014

IKHLAS



IKHLASH NINDAKAKEN NGAMAL

-=[2]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan mbudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng ngarsanipun Allah Swt.. Ing pangajab mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
!$tBur (#ÿrâÉDé& žwÎ) (#rßç6÷èuÏ9 ©!$# tûüÅÁÎ=øƒèC ã&s! tûïÏe$!$#
“Kamangka dheweke kabeh ora diprentah kajaba supaya padha manembah Allah kanthi murnekake ngibadah marang Panjenengane (Gusti Allah) sajrone (nindakake) agama kanthi jejeg.” (QS. Al-Bayyinah [98]: 5).

Rasulullah saw. dhawuh:
... : إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِاالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ اْمْرِئٍ مَانَوَى ... .( ح.ص.ر. البخارى ومسلم )
“Satemene kabeh tumindak iku gumantung ana ing niyat. Lan saben-saben wong iku gumantung apa kang dadi niyate.” (HSR. Bukhori lan Muslim).
Ikhlash miturut lughat tegesipun: “Satunggalipun barang ingkang murni boten kacampur dening perkawis ingkang nyampuri.” Dipunngendikaken bilih “Susu punika murni” manawi boten kacampur dening campuran sanes.
Ikhlash miturut istilah tegesipun: “Ndadosaken tujuan ngibadah namung konjuk dhumateng ngarsanipun Allah Swt.

Syaikh Abdul Malik ngendika: “Ikhlas yaiku nalikane sira ngibadah, mula atimu lan rahimu arahna marang Allah lan ora marang manungsa.”

Abu Hazim Salamah bin Dinar ngendika: “Umpetna sakabehane tumindak apikmu kaya anggonmu ngumpetake sakabehane tumindak alamu.”

Boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang mamang lan ragu dhumateng para shahabat anggenipun nindakaken ngibadah. Sanajan makaten, piyambakipun boten ujub lan pamer anggenipun ngibadah. Tebih sanget manawi kita bandingaken kaliyan kita. Nembe ngamal sakedhik kemawon kita criyos-criyosaken dhumateng tiyang sanes. Kepengin kondhang, lan kepengin dipunsebat tiyang ingkang paling loma, lan dhermawan. Kajawi tiyang ingkang pikantuk rahmatipun Allah Swt..
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Estunipun ikhlash punika satunggaling perkawis ingkang awrat sanget, kedah mbudidaya kanthi saestu supados saged pikantuk derajat ikhlash. Margi-margi ingkang saged dipunlebeti syetan amrih saged ngrisak kaikhlashan kathah sanget. Nalika kita nembe nindakaken ngamal, pramila syetan lajeng mbudidaya amrih ngamal kita dados riya’. Manawi boten saged wonten ing kawitan ngamal, lajeng setan mbudidaya kita badhe riya’ wonten ing satengahipun ngamal. Manawi boten saged lajeng badhe mbudidaya wonten ing akhiripun ngamal.
 Manawi tiyang sampun slamet saking pangridhunipun setan,  ngantos anggenipun ngamal rampung, pramila setan boten mandheg anggenipun nggodha. Setan badhe nggodha malih dhumateng tiyang ngamal supados piyambakipun nyarios-nyariosaken anggenipun ngamal dhumateng tiyang sanes. Setan ngapusi kanthi omonganipun: “Iki ora kalebu riya’, nanging iki supaya kowe bisa diconto karo wong liya ... . pungkasanipun tiyang lajeng kajebak tumindak riya’, nycritakaken  kasaenanipun dhumateng tiyang sanes. Punika satunggaling kacilakan ingkang ageng, saboten-botenipun badhe ngirangi ganjaran. Awit ngamal ingkang dipunumpetaken (siir) punika langkung sae tinimbang ngamal ingkang dipun mangertosi dening tiyang sanes..

Alloh Swt. dhawuh:
bÎ) (#rßö6è? ÏM»s%y¢Á9$# $£JÏèÏZsù }Ïd ( bÎ)ur $ydqàÿ÷è? $ydqè?÷sè?ur uä!#ts)àÿø9$# uqßgsù ׎öyz öNà6©9 4 ãÏeÿs3ãƒur Nà6Ztã `ÏiB öNà6Ï?$t«Íhy 3 ª!$#ur $yJÎ/ tbqè=yJ÷ès? ׎Î6yz ÇËÐÊÈ  
“Kalamun sira kabeh padha ngedhengake sedhekah, mula iku bagus banget. Lan kalamun sira kabeh padha nyamarake lan sira ulungake marang wong-wong pekir, mula nyamarake iku luwih bagus tumrap sira kabeh.” (QS. Al-Baqarah [2]: 271).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mbok bilih leres manawi wonten tiyang ingkang ngendika: “Aja gumun yen sira weruh ana wong kang bisa lumaku ana ing dhuwuring banyu, jalaran setan uga bisa lumaku ana ing dhuwure banyu. Lan aja gumun yen sira weruh wong kang bisa mabur ana ing dhuwuring mega utawa tawang, jalaran setan uga bisa mabur ana ing dhuwure mega utawa tawang. Nanging padha gumuna yen sira weruh ana wong sadhaqah kanthi tangan tengene nanging tangan kiwane ora mangerteni, jalaran setan ora sadaqah (apa maneh kanthi ikhlash).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Namung tiyang ingkang begja, inggih punika tiyang ingkang tansah nggatosaken obah-mosik ing manahipun, inggih tiyang ingkang tansah nggatosaken niyatipun. Kathah-kathahipun tiyang punika boten nggatosaken, kajawi tiyang ingkang pikantuk rahmat lan taufiq saking Allah Swt.

Ing wasana sumangga kita gatosaken dhawuh pangandikanipun Allah Swt.:
tûïÏ%©!$# ¨@|Ê öNåkߎ÷èy Îû Ío4quŠptø:$# $u÷R9$# öNèdur tbqç7|¡øts öNåk¨Xr& tbqãZÅ¡øtä $·è÷Yß¹ ÇÊÉÍÈ  
“Hiya iku wong-wong kang muspra tumindake sajrone urip ana ing ngalam donya iki, sedheng dheweke kabeh padha ngira yen dheweke kabeh wis padha nglakoni saapik-apike.” (QS. Al-Kahfi [18]: 104).


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-


1 comment: