Tuesday, October 7, 2014

AL-QUR’AN MINANGKA PITEDAH



AL-QUR’AN MINANGKA PITEDAH TUMRAP MANUNGSA


-=[1]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken.
Sholawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saben-saben dhaerah utawi negari wonten satunggalipun cara kados pundi anggenipun badhe ngayomi dhumateng konsumenipun. Pramila dhaerah utawi negari majibaken dhumateng saben-saben produsen nyempurnakaken barang produkipun kanthi ngedalaken satunggaling pedoman kangge ngginakaken produkipun. Pedoman utawi pitedah kangge ngginakaken produk punika kawastanan ”Manual Book”. Inggih wonten ing “Manual Book” punika kanthi ringkes nedahaken kados pundi caranipun ngginakaken produkipun; punapa ingkang kedah dipunlampahi, punapa ingkang kedah dipuntilar, lan pitedah sanes ingkang kedah dipungertosi konsumenipun. Otoritas ingkang ndamel “Manual Book” punika wonten ing astanipun produsen, jalaran piyambakipun ingkang langkung mangertosi barang-barang produkipun. Pancen saged kemawon tiyang sanes mangertosi saperangan isi produk kasebat, nanging mesthi kemawon produsenipun ingkang langkung mangertosi. Lan inggih produsen punika ingkang langkung nggadhahi hak ndamel “Manual Book” punika.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Manawi manungsa lan sadaya isi alam ingkang gumelar punika titahipun Allah Swt., pramila Panjenenganipun ingkang langkung kagungan hak lan otoritas ndamel “Manual Book” kasebat. Panjenenganipun ingkang langkung priksa kados pundi cara nylametaken manungsa lan sadaya alam ingkang gumelar punika.
Panjenengnipun ingkang langkung mangertosi margining ngagesang ingkang kedah dipunlampahi dening manungsa, amrih gesangipun wilujeng lan begja. Kanthi “Manual Book” para manungsa boten pados-pados pitedah malih. Boten ragu lan mamang malih, jalaran margining ngagesang sampun cetha, arahipun sampun mesthi, lan para manungsa kantun manut lan mituhu pitedah ingkang sampun wonten.
Gambaran “Manual Book” punika ingkang kawastanan “Al-Qur’an”. Allah Ingkang Maha Nitahaken sampun ndamel pitedah margining ngagesang ingkang kedah dipunlampahi dening manungsa. Margining ngagesang ingkang ndadosaken manungsa wilujeng lan begja mulya ing donya lan ing akhirat. Allah Swt. sampun maringi garansi dhumateng manungsa, manawi manut lan mituhu ndherek pitedah kados ingkang sampun kaserat wonten ing “Manual Book”, pramila dipunjamin boten badhe sasar salami-laminipun. Garansi punika boten namung dipunwatesi setahun kalih tahun, utawi gansal tahun, kados lazimipun produksinipun manungsa. Garansi ingkang dipundamel dening Allah Swt. punika lumampah ngantos salaminipun.
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
ãöky­ tb$ŸÒtBu üÏ%©!$# tAÌRé& ÏmŠÏù ãb#uäöà)ø9$# Wèd Ĩ$¨Y=Ïj9 ;M»oYÉit/ur z`ÏiB 3yßgø9$# Èb$s%öàÿø9$#ur 4
“(Dina-dina kang wis ditemtokake hiyaiku) wulan Ramadlan, kang ana ing wulan iku diudhunake (kawitane) Al-Qur’an, minangka dadi pituduh tumrap para manungsa lan dadi tandha kang cetha rupa pituduh lan rupa dhawuh-dhawuh kang mbedakake (antara perkara kang bener lan perkara kang salah).” (QS. Al-Baqarah [2]: 185).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Al-Qur’an kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling  sadaya “Manual Book” ingkang wonten. Kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling sadaya kitab lan waosan saha pawartos punapa kemawon. Pawartos Al-Qur’an kedah kita yakini tinimbang kitab-kitab sanesipun. Pawartos sanesipun Al-Qur’an boten kenging kita papanaken wonten ing sanginggiling pawartos Al-Qur’an, jalaran beneripun Al-Qur’an punika mutlak, langkung otentik, lan langkung sampurna. Punika sebabipun Al-Qur’an kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling kitab lan waosan punapa kemawon. Kita kedah pitados lan boten kenging ragu lan mamang-mamang malih dhumateng Al-Qur’an. Tiyang ingkang taksih ragu lan mamang dhumateng beneripun Al-Qur’an kedah enggal nyuwun pangapunten dhumateng Allah Swt., jalaran piyambakipun sampun tumindak duraka. Piyambakipun punika sampun ngalih posisi saking Muslim ngalih dhateng Kafir (QS. 5:44), dlalim (QS. 5: 45), lan fasik (QS. 5:47).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. badhe njamin dhumateng tiyang ingkang cepengan kanthi kiyat dhumateng pitedahipun, inggih punika piyambakipun boten badhe nggadhahi raos khawatir lan susah. Allah Swt. dhawuh:
( $¨BÎ*sù Nä3¨YtÏ?ù'tƒ ÓÍh_ÏiB Wèd `yJsù yìÎ7s? y#yèd Ÿxsù ì$öqyz öNÍköŽn=tæ Ÿwur öNèd tbqçRtøts ÇÌÑÈ  
Ing tembe yen sira ketekanan pituduh saking Ingsun, mangka sing sapa wonge gelem manut marang pituduh Ingsun, temtu ora ana was-was tumrap dheweke, lan (uga) ora bakal susah". (QS. Al-Baqarah [2]: 38).

Wonten ing ayat sanes ingkang nunggal maksud Allah Swt. dhawuh:
( $¨BÎ*sù Nà6¨ZtÏ?ù'tƒ ÓÍh_ÏiB Wèd Ç`yJsù yìt7©?$# y#yèd Ÿxsù @ÅÒtƒ Ÿwur 4s+ô±o ÇÊËÌÈ  
“Mula kalamun teka marang sira kabeh pituduh saka ngersaningsun, banjur sapa wonge manut marang pituduh Ingsun, dheweke ora bakal kesasar lan ora bakal cilaka.(QS. Thaahaa [20]: 123).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang boten purun ngangge pitedahipun Al-Qur’an, piyambakipun kagolong dhumateng tiyang ingkang gumedhe. Lan jalaran anggenipun gumedhe punika gesangipun badhe cilaka. Piyambakipun badhe gesang sangsara wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat. Piyambakipun badhe nandhang wuta ing donya lan badhe nandhang wuta wonten ing akhirat. Allah Swt. dhawuh:
Hxx. ¨bÎ) z`»|¡SM}$# #ÓxöôÜuŠs9 ÇÏÈ   br& çn#uä§ #Óo_øótGó$# ÇÐÈ  
6. Mangertiha! Satemene manungsa iku yekti lacut.
7. Jalaran dheweke weruh awake sarwa cukup.” (QS. Al-‘Alaq [96]: 6-7).

Alloh Swt. dhawuh wonten ing ayat sanes:

ô`tBur uÚtôãr& `tã ̍ò2ÏŒ ¨bÎ*sù ¼ã&s! Zpt±ŠÏètB %Z3Y|Ê ¼çnãà±øtwUur uQöqtƒ ÏpyJ»uŠÉ)ø9$# 4yJôãr& ÇÊËÍÈ  
“Lan sing sapa wonge mengo saka pituduh Ingsun, mula satemene tumrap dheweke kahuripan kang rupek, lan Ingsun bakal ngumpulake dheweke ana ing dina kiyamat kanthi kahanan wuta." (QS. Thaahaa [20]: 124).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang tansah mirengaken Al-Qur’an (istima’), ngangen-angen (ntadaburi) Al-Qur’an kanthi saestu, Insya Allah manah badhe kabuka lan saged  nampi pitedahipun Allah Swt.. Tiyang ingkang sinau lan mbudidaya ngafalaken Al-Qur’an, Insya Allah ugi badhe gampil, jalaran kalimah-kalimah, huruf-huruf, susunan kalam, lan gaya basa (uslub) Al-Qur’an jumbuh kaliyan fitrahipun manungsa. Allah Swt. badhe maringi margi kanthi gampil dhumateng kawulanipun ingkang nyinau Al-Qur’an.

Kasebat wonten ing Al-Qur’an: QS. Al-Qamar [54]: 17, 22, lan 40.
ôs)s9ur $tR÷Žœ£o tb#uäöà)ø9$# ̍ø.Ïe%#Ï9 ö@ygsù `ÏB 9Ï.£B ÇÊÐÈ  
17. Mula satemene wus Ingsun gampangake Al-Qur’an minangka dadi tuladha, mula endi wong kang karep njupuk tuladha?.
ôs)s9ur $tR÷Žœ£o tb#uäöà)ø9$# ̍ø.Ïe%#Ï9 ö@ygsù `ÏB 9Ï.£B ÇËËÈ  
22. Mula satemene wus Ingsun gampangake Al-Qur’an minangka dadi tuladha, mula endi wong kang karep njupuk tuladha?.
ôs)s9ur $tR÷Žœ£o tb#uäöà)ø9$# ̍ø.Ïe%#Ï9 ö@ygsù `ÏB 9Ï.£B ÇÍÉÈ  
40. Lan satemene wus Ingsun gampangake Al-Qur’an minangka tuladha; mula ana ta wong kang gelem ngalap tuladha?.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mugi-mugi Allah Swt. maringi margi ingkang gampil kangge sinau la ngamalaken sadaya pitedahipun Al-Qur’an.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.


-=(hms)=-

4 comments:

  1. mohon izin copas khutbah'nya mg' lebih manfaat. syukron...

    ReplyDelete
  2. izin copy mas, insya Allah besok jumat legi giliran saya naik mimbar

    ReplyDelete