السلام
عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ
تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ
الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ
مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng
diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula
dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang
tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Pramila, sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah
ketaqwaan kita dhumteng Allah Subhanahu wa Ta’ala, nindakaken sadaya dhawuhipun
Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan nebihi sadaya awisanipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam tansah kita aturaken dhumateng Junjungan kita Nabiyullah
Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun maringi tuladha panggesangan punika dhumateng
kita.
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
وَعَنْ
اَلنَوَّاسِ بْنِ سَمْعَانَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: سَأَلْتُ رَسُولَ اَللَّهِ
صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَنْ اَلْبِرِّ وَالْإِثْمِ؟ فَقَالَ: اَلْبِرُّ حُسْنُ اَلْخُلُقِ, وَالْإِثْمُ مَا
حَاكَ فِي صَدْرِكَ, وَكَرِهْتَ أَنْ يَطَّلِعَ عَلَيْهِ اَلنَّاسُ. (أَخْرَجَهُ
مُسْلِمٌ).
Tegesipun: “
Hadits saking An-Nawwas bin Sam'an radhiyallahu 'anhu saking Nabi shallallahu 'alaihi
wa sallam, Panjenenganipun ngendika: “ Tumindak becik iku akhlak kang becik,
banjur dosa iku apa – apa kang kabayang ana ing jiwamu nanging sira wedi diweruhi utawa dikonangi déning wong
liya.” (HR. Muslim).
Ibnu Hajar Al-Haitamy
ngendikakaken bilih “Al-Birr” punika mujudaken satunggalipun tembung ingkang
hanggadhahi teges ingkang kathah (Kalimah Jami’ah). Lan punika mujudaken definisi
ingkang langkung pas. Manawi tembung “Birr” (kasaénan) dipun-gabungaken kaliyan
tembung “taqwa” kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
وَتَعَاوَنُوْا
عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى ... .
Tegesipun:
“Lan becik padha tulung tinulunga sira (kanggo ngelakoni) kabecikan lan taqwa …
.” .(QS. Al- Maidah [5]: 2).
Pramila “Birr”
hanggadhahi teges sesrawungan kaliyan sesami tiyang kanthi budi pakerti ingkang
saé. Salajengipun tegesipun taqwa inggih punika nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala saha hanebihi sadaya pepacuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Tembung “Birr” ugi saged dipuntegesaken nindakaken kewajiban. Lajeng tembung
“taqwa” tegesipun hanebihi awisan-awisan.
Tembung “Itsm” tegesipun dosa,
utawi tumindak ingkang boten halal. Al-Qurthuby ngendikakaken bilih “itsm”
punika satunggalipun tumindak ingkang ndadosaken tiyang ingkang nindakaken
pantes pikantuk cacat. Salajengipun Ibnu Hajar Al-Haitamy ngendikaken bilih
“itsm” punika satunggalipun tembung ingkang nyakup sadaya tumindak awon, saé tumindak
ingkang ageng utawi tumindak ingkang alit.
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wonten hadits kasebat ing nginggil Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa
salam sampun paring katerangan bilih ciri-cirinipun “itsm”, inggih punika:
1. Ingkang Batin; inggih punika satunggalipun perkawis ingkang
boten dipunremeni lan ndadosaken kabimbangan saha karagu-raguan dhateng raosing
manah dening satunggalipun tiyang. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam
ngendika: “Dosa kuwi apa-apa kang ndadèkaké ragu-ragu ana ing jiwamu”. Tegesipun
inggih punika sadaya perkawis ingkang ndadosaken ragu lan mamang wonten ing
manah, saha ndadosaken manah boten ayem lan tentrem.
Èstunipun manahipun saben tiyang punika suci. Manah ingkang suci / resik
punika mujudaken sumber kadamaian lan sumber katentreman. Jalaran piyambakipun
parek / caket dhumateng Dzat Ingkang Maha Damai, Maha Tentrem. Hananging arikala
tiyang punika tumindak maksiat, pramila èstunipun piyambakipun sampun ngregeti
manahipun piyambak, ingkang pungkasanipun samsaya tebih saking Dzat ingkang
Maha Damai lan Maha Tentrem. Ingkang salajengipun kadamaian lan katentreman ugi
badhé tebih.
2. Ingkang Lahir; Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam
ngendika: “Lan sira ora seneng dideleng wong liya sajroné sira nglakoni perkara
iku”.
Kabencian tiyang-tiyang
ingkang minulya mirsani tumindak punika nedahaken salah satunggalipun ciri bilih
tumindak kasebat kalebet tumindak dosa. Kanthi syarat ingkang manjurung lan
ndhasari kabencian punika faktor agami, utawi tumindak ingkang boten
dipunkersakaken déning agami, boten sanèsipun.
Manawi satunggalipun tumindak
punika saged nuwuhaken kabencianipun tiyang sanès, ndadosaken kabimbanganipun
manah, lan ndadosaken sisahipun manah, pramila tumindak punika kalebet
ciri-ciri ingkang cetha bilih tumindak punika kalebet “itsm”, punapa malih
tumindak punika kalebet perkawis ingkang subhat.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam dhawuh: “Jaluka fatwa marang
atimu”. Hadits punika paring pitedah bilih èstunipun fatwa ingkang taksih
ndadosaken bimbangipun manah punika kalebet salah satunggalipun tumindak
‘itsm”, jalaran piyambakipun maringi fatwa namung kanthi hadhedhasar / wewaton
dhateng perkawis ing lahir kéwala. Lan èstunipun fatwa ingkang leres lan
kedah dipunta’ati namung nash syari’at,
sanajan nash kasebat boten dipunremeni déning manah.
Allah Subhanahu wa Ta’ala
dhawuh:
فَلَا
وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ
لَا يَجِدُوا فِي أَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Tegesipun:
“Mangka karana Pangéranira, dhèwèké (sanyatané) ora padha iman nganti dhèwèké
ndadèkaké seliramu minangka hakim tumrap perkara kang disengkétakaké, banjur
dhèwèké ora ngrasa kabotan ana ing atiné marang keputusan kang sira wènèhaké,
lan dhèwèké bisa nerima kanthi sanyatané.” (QS. An-Nisa’ [4]: 65).
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Manah punika nggadhahi kadudukan ingkang inggil tumrapipun
panggesanganipun tiyang, jalaran manah punika ageng sanget pangribawanipun
tumrap tumindakipun tiyang. Manawi manah punika saé, faham lan mangertosi
dhasar lan qaidah-qaidah agami, pramila hukum ingkang dipuntetepaken
satunggalipun perkawis badhé leres, sanajan perkawis punika kalebet perkawis
subhat.
Satunggalipun perkawis ingkang nentremaken manah punika mujudaken
kasaénan, lan ingkang ndadosaken boten tentremipun manah punika mujudaken
pendamelan ingkang awon. Saénipun, prayogi sanget sadaya perkawis punika nyuwun
priksa dhumateng manah ingkang lebet sadèrèngipun tiyang punika badhé tumindak.
Kados umpaminipun tiyang manggihi perkawis subhat, mamang lan
sapanunggalanipun.
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ingkang kawastanan kasaénan punika sadaya tumindakipun tiyang
ingkang dipuntresnani lan dipunridhoi déning Allah Subhanahu wa Ta’ala lahir
lan bathinipun. Ingkang kawastanan dosa punika tembung ingkang teges lan
maknanipun nyakup sadaya tumindak awon, saé ingkang ageng utawi ingkang alit.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ
بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ
وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 311016,
06.08)=-
No comments:
Post a Comment