Wednesday, February 15, 2017

UNDHUH-UNDHUHANIPUN TIYANG TAKABUR






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita tansah hambudidaya nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun taqwa. Inggih punika hanindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi tulus lan ikhlas, ugi hanilaraken sadaya papacuhipun  kanthi ikhlas lan sabar, hanamung ngajeng-ajeng ridhonipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Takabur, gumedhé, lan inggih ingkang kawastanan sombong punika makna lan tegesipun sami sanajan inggih wonten ingkang mbèntenaken teges lan makna khususipun. Takabur utawi sombong punika boten nampi perkawis ingkang leres lan ngasoraken hak-hakipun tiyang sanès.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
اَلْكِبْرُ بَطْرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ.
“Takabur iku nolak bebener lan ngasoraké hak-haké manungsa”. (HR. Muslim).
Rasululllah shalallahu ‘alaihi wa sallam minangka tetunggulipun ummat, negarawan suksès, politikus handhal, panglima perang, hananging Panjeneganipun boten naté babar pisan takabur, ngegungaken pribadhinipun.
Rasululllah shalallahu ‘alaihi wa sallam inggih besuk (tuwi) tiyang ingkang sakit, sanget trisna dhumateng laré yatim lan tiyang miskin, lan ugi kersa hangrawuhi iber-iber (sedhahan) lan pamundhutipun sinten kémawon.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Takabur punika sanget hambebayani tumrap pribadhinipun piyambak, lan ugi hambebayani dhumateng tiyang sanès. Tiyang ingkang takabur punika badhé pikantuk adzab neraka Jahannam. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إِنَّ الَّذِينَ يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِي سَيَدْخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ
“ Satemené wong-wong kang padha angkuh saking manembah marang Ingsun bakal mlebu neraka Jahanam kanthi kahanan kang banget inane”. (QS. Mukmin [40]: 60 ).
Makaten punika piwalesipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng tiyang ingkang hanggadhahi sifat takabur.  Tiyang ingkang tansah nglirwakaken  lan boten hanggatosaken dhawuh lan syari’atipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Awit saking punika kita kedah hambudidaya hanebihi sifat takabur punika, jalaran badhé pikantuk adzab saking Allah Subhanahu wa Ta’ala; badhé dipunlebetaken dhateng jurangingipun latu neraka ingkang sanget hanggegirisi siksanipun.
Lajeng manawi tiyang ingkang kalebet takabur dhumateng Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam punika tiyang ingkang sungkan lan awrat ing manah hanindakaken dhawuhipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam.
Tiyang ingkang manut lan mituhu dhawuhipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam badhé dipunlebetaken dhateng suwarga kanthi ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
كُلُّ أُمَّتِيْ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ, إلاَّ مَنْ أَبَى.
“Kabèh umatku bakal mlebu ing suwarga, kajaba wong ingkang ‘aba’ (wegahan)”.
Ingkang kawastanan ‘aba’ punika tiyang ingkang angas lan wegahan, tiyang ingkang boten manut lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang manut lan mituhu dhumateng dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun punika gambaranipun kados umatipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam; Inggih jalaran iman lan kepitadosanipun, sanajan wanci ketiga miturut tata nalar lan adat sabenipun boten badhé wonten jawah, hananging umatipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam tetep kémawon manut lan mituhu dipundhawuhi damel baita (prahu). Inggih saking kersanipun Allah ingkang Maha Kuwaos ketiga ngerak jawah ageng dumugi ingkang handadosaken banjir bandhang, toya manginggil ngantos ngungkuli redi.
Tiyang ingkang manut lan mituhu dhawuhipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam sadaya wilujeng, kajawi tiyang ingkang baléla boten manut dhawuhipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam, kalebet garwa lan putranipun ingkang nami Kan’an. Banjir sampun cetha ageng tetep kemawon boten purun mlebet minggah nitih prahu. Lan inggih makaten punika pungkasanipun tiyang ingkang takabur. Kan’an lan ibunipun saha tiyang ingkang boten tha’at dhawuhipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam sadaya klelep ical lan pejah kabeta banjir. Makaten bebayanipun lan pungkasanipun tiyang manawi takabur.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita handedonga mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah maringi kekiyatan Iman lan Islam dhumateng kita, sahingga kita saged ngawonaken sifat-sifat takabur lan saged ngéwahi dados tiyang ingkang hanggadhahi sifat-sifat ingkang pinuji, tiyang ingkang hanggadhahi akhlaq karimah.
Mugi pungkasan gesang kita tansah pikantuk ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, gesang bagya mulya donya lan akhiratipun, pejah kanthi husnul khatimah.
Amin Yaa Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 160117, 13.45)=-


No comments:

Post a Comment