Wednesday, February 15, 2017

CARA NANGGULANGI PACOBÈN SAKIT






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing wekdal punika kita  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jum’ah kanthi Jama’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala., mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tanduk budi pakartinipun dados tuladha tumrap panggesangan kita.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Sakit, musibah, lan pacobèn panggesangan sanèsipun punika mujudaken satunggalipun perkawis ingkang mesthi lan boten saged éndho, ugi boten saged dipunsingkiri. Saben-saben tiyang kathah-kathahipun sampun naté ngraosaken gerah utawi sakit, sahé punika sakit ingkang awrat ugi sakit ingkang ènthèng, sakit jiwa lan sakit raganipun.
Bala’ utawi pacobèn ingkang awujud sakit punika kedah dipunfahami minangka “peparingipun” Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kedah dipunsyukuri, kedah dipuntampi kanthi rena, manah ingkang longgar, lan kedah pinter mendhet hikmahipun.
Bala’ ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala punika èstunipun mujudaken “lahan subur” kanggé investasi akhirat.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kanggé ngadhepi raos sakit, sahé sakit raga utawi sakit jiwa punika saged lumantar ngageng-agengaken kapitadosan ingkang wetah dhumateng Dzat ingkang Maha Kuwaos inggih Allah Subhanahu wa Ta’ala.  Cara kanggé ngadhepi raos sakit punika ing antawisipun inggih punika:
1)      Arikala kita dipuncobi Allah Subhanahu wa Ta’ala arupi sakit, prayogi kita tampi kanthi manah ingkang sabar, ampun ngantos hanggadhahi raos nelangsa, susah lan gelisah.
2)      Prayogi kita syukur dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran raos sakit punika saged handadosaken dhetik-dhetik umur kita sami lan selaras kaliyan jam-jam kanggé ngibadah.
3)      Bilih tujuan tiyang gesang wonten ing alam donya punika kanggé ngibadah lan boten kanggé seneng-seneng. Awit saking punika arikala kita nandhang sakit prayogi kita dadosaken pawitan kanggé mawas dhiri tepasalira hangeningaken penggalih saha nentremaken manah.
4)      Kita mesthi kedah hanggadhahi kapitadosan ingkang gumathok bilih kita punika kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan badhé wangsul dhumateng Panjenenganipun.
إنا لله وإنا إليه راجعون.
Arikala kita dipuncobi sakit, prayogi kita pasrahaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi legawa, manah ingkang longgar, lan boten perlu nalangsa.
5)      Prayogi kita mangertosi bilih sakit ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala punika èstunipun mujudaken anugerah lan kamirahanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Malah kapara ngagengaken kapitadosan kita bilih manawi Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé ngersakaken kesahènan dhumateng satunggalipun tiyang punika Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng maringi pacobèn.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,

Ingkang salajengipun sumangga kita gatosaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah [2] ayat 155, ingkang nedahaken bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala mesthi badhe maringi pacobèn dhumateng kawulanipun:
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ, وَبَشِّرِ الصَّابِرِيْنَ.
Tegesipun: “Lan Ingsun mesthi bakal nguji sira kabèh kelawan rasa wedi, luwé, kekurangan bandha, tenaga lan wo-wohan. Lan mbebungaha sira marang wong-wong kang padha sabar”. (QS. Al-Baqarah [2]:155).
Makaten, pawartos ingkang dipunparingaken dhumateng kita, bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala mesthi badhé maringi pacoben dhumateng kita.
Lan makaten ugi sawatawis cara kita ngadhepi pacobèn mliginipun arikala kita nandhang sakit. Parayogi kita kanthèni kanthi raos sabar, manah ingkang longgar, saha ngageng-agengaken penggalih dhumateng manfaatipun sakit. Manawi Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi pacobèn dhateng kawula-Nipun punika mesthi badhé maringi kesahénan ingkang langkung sahé tumrap kawula-Nipun. Awit saking punika prayogi kita nambahi pasinahon, kita pados hikmah saha rahasianipun Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi pacobèn dhumateng kita.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 290317, 07.21)=-


No comments:

Post a Comment