السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا
وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى
يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا
وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ
اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ
اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ
وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ
اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ
ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Sadaya puji
namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika
Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang ngratoni
sadaya langit lan bumi. Dzat ingkang hanggesangaken lan hamejahaken. Dzat
ingkang Maha Kuwaos lan Maha Mirsani sadaya obah mosikipun para kawula wonten
ing sadhéngah wekdal, papan, lan penggénan.
Sumangga kita
hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala
wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi
gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan
salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi
lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng
para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu
dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Saben tiyang
ingkang hanggadhahi iman mesthi nglenggana manawi penggesangan wonten ing
lumahing bumi punika boten langgeng tanpa winates kanthi wekdal. Saben tiyang
nglampahi penggesangan jumbuh kaliyan kontrakipun, sadaya kanthi wates
wekdal ingkang sampun dipunpesthèkaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Umuripun tiyang satunggal lan satunggalipun bènten, makaten ugi ngamal
tumindakipun.
Saben tiyang
Mukmin nglenggana bilih piyambakipun boten badhé selaminipun gesang lan mapan
wonten ing alam donya. Panggesangan wonten ing alam donya punika hakékatipun
nembé wonten ing proses lumampah tumuju panggesangan akhirat ingkang langgeng
lan kakiki. Sikap ingkang makaten punika èstu bènten sanget lan cengkah kaliyan
tiyang-tiyang ingkang boten hanggadhahi iman. Jumbuh kaliyan dhawuh
pangandikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا. وَالآخِرَةُ خَيْرٌ
وَأَبْقَى
“Ananging sira
kabèh (wong-wong kafir) padha milih kahuripan donya [16]. Déné kahuripan
akhirat iku luwih apik lan luwih langgeng [17].” (QS. Al-A’la [87]: 16-17).
Hadirin jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Wonten
sawenèhing tiyang ingkang asring nglirwakaken bilih wekdal gesang hanamung
dipun-ginakaken kanggé seneng-seneng, nedha, ngombé, lan sadaya tumindak ingkang
sifat kadonyan. Piyambakipun babar pisan boten menggalihaken dhateng proses dumadosipun
jiwa lan raganipun ngantos nalika ajal dumugi. Raos kedewung wonten wekdal
punika sampun boten wonten ginanipun babar pisan. Inggih wonten ing wekdal
punika kita hambetahaken iman ingkang kiyat supados ngatos-atos lan waspada
anggènipun hangginakaken wekdal ingkang sumadya. Prayogi kita pinter-pinter
manfaataken, amrih boten wonten wekdal ingkang muspra. Makaten kawontenaniun
wekdal ingkang lumampah rina lan dalu gilir gumanti saben wekdal lan dintenipun.
Hadirin jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Wonten ing agami Islam, “wekdal” punika boten
namung sekedhar langkung awis katimbang emas. Kados ngendikanipun tiyang-tiyang
Inggris “Time is money”. Hananging wedal punika langkung aji lan awis
katimbang arta. Wekdal, wonten ing agami Islam punika mujudaken “Panggesangan”,
“Al-Waqtu huwa Al-Hayah”, makaten atur pangandikanipun
AS-Syahid Hasan Al-Banna.
Hadirin jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Pepatah ingkang ngendikakaken bilih “wekdal”
punika langkung awis katimbang arta, jalaran èstunipun arta punika bandha donya
ingkang saged dipunpadosi. Lajeng wekdal punika mujudaken rahmat lan
karunianipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang boten saged dipunpadosi, malah
kapara badhé mangsulaken boten saged sanajan namung satunggal dhetik kéwala.
Panggesangan
ing alam donya ingkang dipunpaèsi kanthi mawarni-warni kasenengan, sahingga
kanthi donya ingkang hanggadhahi sifat boten langgeng punika handadosaken
tiyang kathah-kathahipun lajeng kasengsem lan supé wekdal.
Malah kapara
boten sakedhik wekdal ingkang kabucal hanamung kanggé nikmati panggesangan
donya kemawon boten menggalih bilih piyambakipun punika badhé ngadhep dhumateng
Allah Dzat Ingkang Maha Kuwaos kanggé nanggeljawabaken sadaya amal tumindakipun
arikala gesang wonten alam donya.
Para sadhèrèk,
nyaosi pémut, bilih ajal utawi pejah punika satunggalipun kawontenan ingkang
mesthi kadadosan lan badhé tumama dhateng sadaya makhluk ingkang gesang
minangka tandha telasipun kontrak gesang ing alam donya. Gegayutan kaliyan
pepesthèn ajal punika Allah Ta’ala dhawuh makaten:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ.
“Saben-saben
awak-awakan kang anduwèni nyawa iku bakal ngicipi pati.”(QS. Ali Imron [3]:
185).
Para sadhèrèk
nyaosi priksa, bilih donya punika minangka papan panggénan tiyang kanggé
ngamal, tumindak ingkang sahé lan nilar tumindak ingkang awon. Donya punika
mujudaken papan panggénan kanggé pados sangu gesang wonten akhirat. Allah
Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا ۖ وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ ۖ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
“Lan
nyupriha sira marang apa kang wis dianugrahaké déning Allah marang sira
(supriha) kanggo akhirat, lan sira aja lali jatahanira saka donya (supaya nindakaké
donya kanggo kapentingan akhirat) lan sira mbagusna (marang sapadha-padha sarana
sedhekah) kaya anggoné Allah mbagusi marang sira, lan sira aja nyuprih
karusakan ana ing bumi (sarana nindakaké maksiat). Satemené Allah ora seneng
marang wong-wong kang padha gawé karusakan.” (QS. Al-Qashash [28]: 77).
Hadirin Jama’ah
Jum’at rahimakumullah.
Nyaosi
priksa bilih kita punika dipuntitahaken Allah Ta’ala minangka makhluk ingkang
apes, makhluk ingkang ina, boten pantes manawi kita lajeng tumindak angkuh,
gumedhé, takabur, lan nyombongaken dhiri. Kita punika minangka makhluk ingkang
boten saged punapa-punapa, kajawi Allah
Ingkang Maha Kuwaos ngersakaken.
Para
sadhèrèk, nyaosi priksa bilih kita manungsa punika dipuncipta déning Allah
Ta’ala kanthi mawarni-warni kaunggulanipun, boten hanamung kanggé nguja hawa
nafsu kémawon, hananging Allah Ta’ala ndadosaken kita manungsa wonten ing
lumahing bumi punika minangka dados khalifah, kados dhawuh pangandikanipun
Allah Ta’ala:
“Élinga
nalika Pangéran-ira dhawuh marang para malaikat: “Setuhuné Ingsun arep nitahaké
khalifah ana ing bumi”. Para malaikat padha matur:
“Menapa
prayogi Panjenengan nitahaken (khalifah) wonten ing bumi rupi tiyang ingkang
namung badhé damel kirasakan lan patèn-pinatèn, kang mangka kawula sedaya
punika tansah maos tasbih lan tahmid sarta nyucèkaken asma Panjenengan?”. Allah
dhawuh: “Setuhuné Ingsun iku Pirsa apa kang sira kabèh ora padha ngerti”. (QS. Al-Baqarah [2] : 30).
Para
sadhèrèk, nyaosi priksa bilih pasca panggesangan ing alam donya punika kita
badhé wangsul sowan marak dhateng Allah Rabbul ‘Izzati nanggeljawabaken sadaya
amal pendamelan kita. Pramila minangka tiyang ingkang hanggadhahi iman, prayogi
kita hangginakaken wekdal peparingipun Allah Ta’ala punika kanggé ngibadah
kanthi sahé lan leres, sahingga boten badhé kapitunan ing tembé wingkingipun.
Prayogi
kita mbudidaya wekdal kita ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala punika kanggé
ngibadah, lan poma dipoma sampun ngantos ngibadah punika nengga wekdal manawi
sampun longgar.
Sumangga
kita lajeng gumrégah awit sapunika kanggé ngisi panggesangan punika kanthi
mawarni-warni pandamelan ingkang sahé lan positif. Kadosta umpaminipun: maos
lan nulis ingkang mbokbilih badhé wonten gina lan manfa’atipun wonten wekdal
ingkang badhé dumugi, lan maringi punapa kémawon ingkang migunani dhateng
tiyang sanès.
Kanthi
makaten Insya Allah kita badhé pikantuk kabagyan ingkang ageng. Lan kanthi
makaten wekdal ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala dhumateng kita boten badhé ical
kanthi muspra.
Hadirin Jama’ah
Jum’at rahimakullah.
Sumangga
kita ngangen-angen lan manggalihaken, bilih tiyang-tiyang ingkang gesang
langkung rumiyin punika sanget antusiasipun dhumateng buku lan sanget
efektifipun anggènipun manfa’ataken wekdal. Pramila saking punika, kintenipun
prayogi kita ingkang gesang wonten ing zaman ingkang sarwa modern punika;
buku-buku sampun sumebar warata wonten ing pundi kémawon, malah wonten ing internet
kanthi gampil kita ngakses mawarni-warni ilmu lan pangertosan. Boten pantes
manawi kita lajeng kèndel boten gumrégah, tilem kémawon boten hangginakaken
wekdal kanthi sahé. Lan inggih punika pentingipun wekdal wonten ing agami kita
Islam. Wekdal punika panggesangan “اَلسَّاعَةُ هَوَ اَلْحَيَاةُ”, tegesipun wekdal punika kedah kita
ginakaken kanggé makarya lan ngibadah, lan ampun ngantos wekdal ingkang sampun
lumampah punika boten nilar atsar/tilas
kasahénan tumrap kapentinganipun ummat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ,
وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ
الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم
-=(hms, 110117, 11.39)=-
KHUTBAH II (2)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا
وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ
الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,
الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ
عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
اللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا
بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا,
رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا
ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا
عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا
نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى
الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ
اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ
دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا
ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ.
عِبَادَ
اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى
الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ
لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms)=-
No comments:
Post a Comment