Wednesday, February 15, 2017

CARA NGADHEPI ERA GLOBAL TUMRAP LARÉ





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang ngabekti, paring sandhang (wastra) lan tedha (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Zaman mangké punika kalebet zaman ingkang majeng, tiyang mastani zaman utawi éra global. Paribasan kahanan donya saged dipuntingali wonten ing kamar saré sinambi lèyèh-lèyèh. Badhé ngersakaken punapa kémawon, tombol dipunpenyèt barang ingkang dipunkersakaken sampun dumugi piyambak. Pangaribawa punapa kémawon ugi gampil mlebet lan njalari negari lan bangsa kita badhé ambrol manawi filter ingkang dipunpasang boten kuwawi nahan.
Ngadhepi kawontenen punika tiyang sepuh kedah ekstra migatosaken ngawékani amrih laré minangka calon generasi penerus dados generasi ingkang tangguh boten gampil kataman pangaribawa ingkang awon, lan boten nyocoki kaliyan uger-ugeraning agami saha pranataning negari.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ingkang kawastanan tiyang sepuh wonten ing mriki, boten kawates tiyang sepuh wonten ing griya kémawon, hananging kalebet ugi tiyang sepuh wonten ing madrasah  utawi wonten sekolah inggih punika bapa lan ibu guru, saha tiyang sepuh wonten ing masyarakat kadosta para pejabat, aparat, tokoh masyarakat, agamawan. Sadaya gadhah tanggel jawab nyamektakaken amrih laré minangka calon generasi penerus kuwawi ngadhepi tantangan global kanthi mawarni-warni cara tantanganipun.
Sawenèhing cara ingkang kedah kita samektakaken tumrap laré kanggé ngadhepi éra global samangké inggih punika; kita kedah nggatosaken potènsi ingkang sampun dipunbekta laré wiwit laré punika lahir, inggih punika : 1. Potènsi kalbu, 2. Potènsi akal, lan 3. Potènsi tangan.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
1.      Potènsi kalbu;
Potènsi kalbu punika minangka lahan kanggé nanem bibit ma’rifat, kedah dipunsuburaken amrih saged kiyat imanipun. Jalaran kekiyatan iman mujudaken fundamental lan dhasar ing samudayanipun. Manawi laré lan generasi muda sampun leres lan kiyat imanipun boten tidha-tidha lan khawatir malih ngadhepi tantangan global samangké, lan isya Allah badhé suksès saha siyaga ing dhiri ngadhepi dinten  ingkang badhé dumugi. Saumpami piyambakipun dados  politikus, ékonom, birokrat, budayawan, polisi, tentara, agamawan; pramila piyambakipun inggih badhé dados politikus, ékonom, birokrat, budayawan, polisi, tentara, agamawan ingkang hanggadhahi iman ingkang dados sarana wujudipun masyarakat ingkang aman, tentrem, ayem lan boten wonten rubéda.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
اَلْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُوْنَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ.
Tegesipun: “Sawenèhing muslim, yaiku wong kang bisa gawé damai lan slameté  marang sapadhané muslim liyané saka gangguan lisan lan tangané.”
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
2.      Potènsi akal;
Potènsi akal mujudaken potènsi ingkang sampun dipunbekta laré wiwit lahir, poténsi punika kedah dipunisi kaliyan ilmu pengetahuan ingkang samamgké saged dados pangeker lan saged ngendhalèni tumindak sahé lan awon, manfaat lan madharat punapa kémawon ingkang dipunadhepi. Ugi kedah dipun-gatosaken bilih ilmu pengetahuan ingkang dipunupadi punika boten kénging cengkah kaliyan ajaran agaminipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
اِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِكَ الَذِيْ خَلَقَ.
Tegesipun: “Sira macaha kanthi (nyebut) asma Pengèran ira kang nitahaké.” (QS.  Al-‘Alaq [96]: 1).
Dhawuh sinau ing ayat kasebat boten winates ilmu agami kémawon, nanging ugi ilmu umum kalebet umpaminipun ilmu ingkang gegayutan kaliyan sistem managerial, organisasi, politik, sosiologi, budaya, sistim ékonomi lan perbankan. Tiyang manawi nggadhahi ilmu tembé wingkingipun mesthi badhé dados tiyang ingkang nggadhahi derajat lan posisi ingkang inggil (عِلِّيِّيْن) ; inggih inggil wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala saha ing sasaminipun ngagesang. Tiyang manawi nggadhahi ilmu jiwanipun badhé alus (لُطْفٌ). Jiwa ingkang latif (alus) badhé katingal wonten ing sikap, tumidak lan pangandikanipun ingkang boten badhé ndadosaken sengsara lan sisah manahipun tiyang sanès. Tiyang manawi nggadhahi ilmu badhé dipunparingi mandhat panguwaos  (مُلْكٌ)déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tiyang manawi bodho, mokal lan tangèh badhé dipunparingi mandhat déning Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran badhé ndadosaken risaking pranatan lan kawontenan.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
3.      Potènsi tangan;
Potènsi tangan maksudipun bilih laré punika kedah dipunisi kanthi ketrampilan (skill). Sanajan laré sampun nggadhahi iman lan ilmu, nanging boten nggadhahi ketrampilan, pramila piyambakipun badhé kasisih lan kapojok déning kawontenan ing éra global.
Ketrampilan ageng pangaribawanipun kanggé ngadhepi wekdal ingkang sarwa kompetitif. Kalebet ketrampilan kasebat inggih punika trampil lan nguwaosi basa manca utaminipun basa Arab lan basa Inggris. Lan ugi trampil ngginakaken prabot-prabot modern. Samsaya alit nggadhahi ketrampilan, samsaya alit nggadhahi peluang lan pangajeng-ajeng ingkang saged dipunundhuh wonten zaman global.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Makaten ing antawisipun cara ngadhepi éra global tumrap laré amrih boten kapitunan ing tembé wingkingipun. Inggih potènsi kasebat (potènsi kalbu, potènsi akal, lan potènsi tangan) mujudaken potènsi dhasar lan kuci utami kanggé nyamektakaken laré ngadhepi tantangan ing éra global.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 111116, 08.47)=-

KHUTBAH  II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 111116, 08.47)=-


No comments:

Post a Comment