Wednesday, February 15, 2017

TUMUJU DHATENG AMPUNAN LAN SUWARGANIPUN ALLAH SWT.






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang Maha Mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi gesang kita bagya mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat mangké.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Wonten kalih perkawis ing panggesangan kita ingkang kedah kita tindakaken kanthi énggal-énggal, inggih punika nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan nyuwun suwargan-Ipun.
Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ
Tegesipun: “Lan padha énggal-énggala sira kabèh (luru) marang pengampunan saka Pangéranira kabèh lan (luru) marang suwarga kang jembaré iku kaya jembaré langit lan bumi kang kacawisaké kanggo wong-wong kang padha taqwa.” (QS. Ali Imran [3]: 133).
Ayat kasebat sampun makaping-kaping kita midhangetaken, hananging kathah ing antawisipun kita kirang migatosaken saha nindakaken wonten ing panggesangan kita saben dintenipun.
Mesthinipun, manawi kita mirengaken lan mangertosi dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kita lajeng nindakaken dhawuh kasebat, nanging kasunyatanipun boten makaten, malah kapara nglirwakaken, lan boten kagigah manah kita nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kasebat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Wonten faktor panyebab ingkang ndadosaken tiyang punika boten énggal-énggal nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan nyuwun suwarganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika:
1.      Manawi tiyang punika nggadhahi pemanggih lan rumaos bilih piyambakipun tansah leres boten naté lepat, lan tiyang sanés boten naté leres. Piyambakipun badhé nindakaken punapa kémawon inggkang dipunanggep leres. Piyambakipun badhé terus ngapusi, jalaran piyambakipun nggadhahi pemanggh bilih tumindakipun punika leres, sanajan tumindakipun nyengsarakaken tiyang sanés. Piyambakpiun namung nuruti hawa nafsunipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوَىٰ أَنْ تَعْدِلُوا
Tegesipun: “Mangka sira aja mung nuruti hawa nefsu amarga kepingin tumidak kang ora bener.” (QS. An-Nisa’ [4]: 135).

Kathah tiyang ingkang ngutamakaken kapentinganipun pribadi lan golonganipun, nanging nglirwakaken kapetinganipun tiyang sanès.

2.      Manawi tiyang punika rumaos umuripun taksih dangu, lajeng nggadhahi pamanggih nyuwun pangapunten lan tobat punika dipunulur-ulur bénjang mawon manawi sampun pensiun utawi sampun sepuh. Piyambakipun supé manawi umur punika kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan boten wonten satunggalipun tiyang ingkang mangertosi bénjang punapa lan wonten pundi piyambakpiun badhé ajal. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

وَمَا تَدْرِي نَفْسٌ مَاذَا تَكْسِبُ غَدًا ۖ وَمَا تَدْرِي نَفْسٌ بِأَيِّ أَرْضٍ تَمُوتُ ۚ

Tegesipun: “Lan ora ana siji-sijiya wong kang bisa mangertèni (kanthi mesthi) apa kang bakal katindakaké (nyambut gawé) ing dina sésuk. Lan ora ana siji-sijiya pawongan kang bisa mangertèni ing bumi ngendi dhèwèké bakal mati.” (QS. Luqman [31]: 34).

3.      Tiyang ingkang sanget anggènipun rakus dhumateng kadonyan. Manawi tiyang punika sanget anggènipun rakus dhateng kadonyan, punapa kémawon badhé dipunlampahi uger kasembadan pikantuk kadonyan kasebat, lan boten nggatosaken malih halal lan haramipun. Piyambakipun badhé terus rumaos kirang kémawon sanajan sampun pikantuk bandha donya kathah matumpuk-tumpuk. Wontenipun namung kirang kémawon.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

اِعۡلَمُوۡۤا اَنَّمَا الۡحَيٰوةُ الدُّنۡيَا لَعِبٌ وَّلَهۡوٌ وَّزِيۡنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيۡنَكُمۡ وَتَكَاثُرٌ فِى الۡاَمۡوَالِ وَالۡاَوۡلَادِؕ
Tegesipun: “Mangertiya, setuhuné donya iki hamung dolanan lan guyonan kang nglalèkaké lan pepahès lan umuk-umukan ing antarané sira kabèh, lan akèh-akèhan bandha lan anak  … .” (QS. Al-Hadid [57]: 20).
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
لَوْ اَنَّ لِإِبْنِ اَدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَّهَبٍ اَحَبَّ اَنْ يَكُوْنَ لَهُ وَادِيًا وَلَنْ يَمْلَأَفَهُ  اِلاَّ التُّرَبُ وَيَتُوْبُ
 اللهُ عَلَى مَنْ تَابَ. (رواه البخاري و مسلم).
Tegesipun: “Saumpama sawijining anak Adam (manungsa) nduwèni lembah emas siji  mesthi dhèwèké kepéngin duwèni lembah loro, lan ora ana kang bisa nutup tutuké (ora ana kang bisa ngendheg kerakusané marang kadonyané kajaba lemah [maut]). Lan Allah iku kersa Paring tobat marang sapa wahé kang gelem tobat.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Islam pancèn boten ngawisi dhateng umatipun nggadhahi bandha ingkang kathah, namung kémawon kedah tansah ènget kados pundi caranipun pikantuk bandha punika lan dhumateng pundi bandha punika dipunblanjakaken. Sadaya kalawau kedah tansah dipunangen-angen supados boten kapusan déning kadonyan.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Amrih kita pikantuk pangapuntenipun lan suwarganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, boten wonten sanès kita kedah hanebihi perkawis-perkawis ingkang ina lan njijiki kasebat. Saha kita kedah mbudidaya hanyaketi dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken sadaya dhawuh-dhawuhipun lan nilar sadaya awisan-awisan-Ipun.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى اللَّهِ تَوْبَةً نَصُوحًا عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَنْ يُكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ
Tegesipun: “Hé wong-wong kang padha iman, padha tobata sira kabèh,  marang Allah kelawan tobat kang murni. Muga - muga Pengéran ira kabèh bakal nutupi kesalahan-kesalahan ira kabèh lan nglebokaké sira kabèh ing sajroning suwarga kang ana pira-pira bengawan padha mili ing ngisoré.” (QS. At-Tahrim [66]: 8).
Ing wasana mugi-mugi kita tansah pikantuk rahmat saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan saged énggal-énggal nyuwun pangapunten dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan suwargan-Ipun. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

-=(hms, 091116, 13.25)=-

KHUTBAH 2 (KALIH)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

-=(hms, 280916, 12.26)=-



No comments:

Post a Comment