Wednesday, February 15, 2017

KALIH UNDERAN KARISAKAN UMAT





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing wekdal punika kita  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
 Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Salajengipun sumangga kita hanggatosaken dhawuh pangandikanipun Rasulullah shallahu ‘alaihi wassallam  kasebat:
وَعَنْ سَهْلِ بِنْ سَعْدٍ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صلعم مَنْ يَضْمَنْ لِى مَا بَيْنَ لِحْيَيْهِ وَمَا بَيْنَ رِجْلَيْهِ اَضْمَنْ لَهُ اْلجَنَّةَ. (متفق عليه).
Tegesipun: “Sahal bin Sa’ad ra. matur, Rasulullah shallahu ‘alaihi wa sallam  ngendika: “Sapa sing wani njamin marang aku keselametan apa sing ana ing antarané loro jangguté lan ing antarané pupu loroné, mula ingsun njamin dhèwèké suwarga.” (HR. Bukhari Muslim).
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Ingkang dipunmaksud punapa ing antawisipun kalih janggut inggih punika ilat (tutuk), lan ingkang dipunmaksud punapa ing antawisipun pupu kalihipun inggih punika farji (kemaluan).
Hadits kasebat Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam paring kategasan bilih sinten kémawon ingkang wantun njamin njagi tutuk lan farjinipun saking tumindak awon, pramila Rasulullah shallahu ‘alaihi wassallam  njamin piyambakipun Suwarga. Pangertosan Suwarga wonten ing hadits punika mlebet suwarga rumiyin sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang pancèn sampun dipun-garisaken Allah Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyin  mlebet Suwarga. Jalaran manawi namung sekedhar mlebet suwarga kémawon, saben-saben tiyang Mukmin jelas badhé mlebet Suwarga.
Tiyang Mukmin ingkang mlebet Suwarga punika  wonten ingkang mlebet rumiyin lan wonten ingkang mlebet kantun. Ingkang mlebet kantun punika saged ugi awit saking kathahipun perkawis ingkang kedah dipunrampungaken utawi piyambakipun dipunlebetaken ing Neraka rumiyin minangka nebus dosa-dosanipun.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Hadits Sahal bin Sa’ad ra. kasebat saged kita mangertosi bilih tutuk lan farji punika dados sumberipun kajahatan, maksiat, lan dosa. Kajahatan tutuk awujud omongan lan kajahatan farji utawi kemaluan awujud sexual ingkang boten manut pranatan syara’.
Kajahatan ingkang dipunwujudaken kekalihipun punika saged ngrisak umat, sahé pribadi, masyarakat, bangsa lan negari. Kejahatan kasebat handadosaken satunggalipun tiyang nelangsa lan sengsara gesangipun ing donya lan akhiratipun.
Kejahatan ingkang sumberipun farji (kemaluan) punika ing antawisipun zina, lesbian, homoseksual, lan sadaya  tumindak panyimpangan seksual sanèsipun. Ingkang sadaya kalawau badhé handadosaken fatal gesangipun. Tiyang kasebat saged ugi kajangkit HIV, AID, lan badhé lahir laré ingkang boten hanggadhahi bapa ingkang resmi ingkang handadosaken perkawis hak nikah lan hak warisipun.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Wondéné kajahatan ingkang sumberipun saking ilat (tutuk) punika arupi tumindak goroh, fitnah, ghibah, namimah, tumbak cucukan, guneman ingkang nuwuhaken nafsu birahi lan sapanunggalanipun. Sadaya kalawau inggih badhé handadosaken risakipun tiyang, masyarakat, bangsa lan negari.
Jalaran goroh nuwuhaken kedloliman wonten ing papan pundi kémawon. Goroh punika kalebet tumindak ingkang dipunbendu déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jalaran fitnah, saged ugi tiyang boten lepat kadakwa lepat. Fitnah punika langkung kejem tinimbang pepati.
Jalaran omongan ingkang nuwuhaken nafsu birahi sahé liwat telpon, koran, majalah, saged handadosaken sapérangan kawula mudha risak méntalipun.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kanthi katerangan cekak punika kita saged mundhut dudutan bilih tiyang punika manawi kepéngin wilujeng donya lan akhiratipun, pramila piyambakipun wajib hanjagi ilat (lathi) lan farji (kemaluan) nipun. Jalaran kalih perkawis (lathi lan farji)  punika dados underan risakipun ummat.
Manawi piyambakipun saged njamin lathi lan farjinipun boten tumindak kajahatan, pramila piyambakipun sampun pikantuk jaminan saking Allah Subhanahu wa Ta’ala mlebet Suwarga langkung rumiyin sesarengan kawulanipun Allah ingkang pancèn sampun dipuntetepaken mlebet Suwarga langkung rumiyin.
Awit saking punika sumangga kita hambudidaya hanjagi lathi lan farji kita amrih boten tumindak kajahatan lan dosa. Mesthi kémawon kita boten katalumpèn ugi lelambaran donga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah nglubèraken rahmat, taufiq, lan hidayahipun dhumateng kita sadaya.
Aamiin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 301216, 07.00)=-


No comments:

Post a Comment