Sunday, January 15, 2017

SUPADOS NIKMAT BOTEN DADOS LAKNAT









السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.

Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Pramila, sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumteng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam tansah kita aturaken dhumateng Nabiyullah Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Jawah punika mujudaken nikmat Allah Subhanahu wa Ta’ala lan simbol rizki ingkang dipunandhapaken saking langit, nyuburaken taneman lan haneguhaken jiwa-jiwa ingkang taqarub dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jawah punika rizki saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran kanthi jawah Allah Subhanahu wa Ta’ala hanggesangaken siti lan lahan ingkang cengkar saha hanggesangaken taneman-taneman ingkang saged dipunmanfa’ataken dèning para manungsa.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing surat Al-Furqan [25] ayat 48 lan 49:
وَهُوَ الَّذِي أَرْسَلَ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۚ وَأَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً طَهُورًا
لِنُحْيِيَ بِهِ بَلْدَةً مَيْتًا وَنُسْقِيَهُ مِمَّا خَلَقْنَا أَنْعَامًا وَأَنَاسِيَّ كَثِيرً
Tegesipun: “Panjenengané kang ngutus angin minangka kanggo bebungah kang parek, sadurungé katekanan rahmat-É (hiya iku udan), lan ingsun udhunaké saka langit banyu kang banget resiké.” (48). “kang supaya Ingsun nguripaké kanthi nganggo banyu iku Negara (lemah) kang mati, lan supaya Ingsun maringi inuman kanthi banyu iku sapérangan gedhé saka makhluk Ingsun; rajakaya-rajakaya lan manungsa kang akèh.” (49).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi nikmat ingkang ageng sanget, hananging kathah ing antawisipun kita manungsa boten purun syukur, malah kita tansah tumindak kufur, nuruti hawa nafsu, handhèrèk pangridhu lan panggodhanipun syéthan.
Pramila Allah Subhanahu wa Ta’ala ngéwahi nikmat jawah dados bencana banjir ingkang nyusahaken. Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi sandhangan kaluwèn (libasul ju’i), lan sandhangan ajrih (libasul khauf).
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا قَرْيَةً كَانَتْ آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِأَنْعُمِ اللَّهِ فَأَذَاقَهَا اللَّهُ لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ
Tegesipun: “Lan Guti Allah wis agawé sawijining patuladhan (karo) sawijining désa biyèn-biyèné aman tur tentrem, rezekiné teka marang dhèwèké kabèh kathi jembar saka dhaérah-dhaérah manca. Ananging (pendhudhuké) malah padha ngingkari nikmat-nikmaté Allah; mangka banjur Allah ngrasakaké marang dhèwèké kabèh nyandhang, kaluwèn lan kawedèn, jalaran apa kang tansah dhèwèké kabèh padha nandangi.” (QS. An- Nahl [16]: 112).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Banjir ingkang kita raosaken wonten ing wekdal samangké punika mujudaken undhuh-undhuhan saking tumindak kita ingkang boten ramah dhumateng lingkungan. Banjir ingkang kita raosaken wonten ing wekdal samangké punika boten mujudaken fenomena alam blaki. Hananging jalaran saking tumindak kita ingkang boten ramah dhateng lingkungan. Kita hambucal sampah kanthi sembarangan, penggundhulan wana, ngéwahi taneman ijem ing nginggil dados wewangunan gedhung-gedhung sundhul langit.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Gegayutan kaliyan sampah punika, sumangga sesarengan kita gatosaken ingkang saèstu. Kita ampun ngantos hambucal sampah kanthi sembarangan. Kita bucal sampah wonten ing papan panggènan ingkang sampun dipuncawisaken. Prayogi kita asta rumiyin manawi dèrèng manggihaken bak sampah, utawi kita sumadya wadhah sampah piyambak manawi kita kaleresan nembé kekésahan. Punapa malih manawi kita nitih kendaraan mobil piyambak, prayogi kita simpen wonten ing kotak sampah ingkang kita cawisaken. Lan ampun ngatos kita hambucal sampah kanthi sembarangan utawi kita bucal liwat jedhéla mobil ingkang pungkasanipun handadosaken reged lan cilakanipun tiyang sanès.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِي عَمِلُو لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Tegesipun: “Wis pratéla (anané) karusakan ing dharatan lan segara disebabaké kerana tumindaké tangan-tangan manungsa, kerana Allah ngin-cipaké/ngrasakaké marang dhèwèké kabèh sapérangan saka (akibat) tumindaké dhèwèké kabèh, supaya dhèwèké kabèh padha bali (tumuju dalan kang bener).” (QS. Ar-Ruum [30]: 41).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Saged ugi kita fahami bilih banjir ingkang kita raosaken samangké punika minangka sarana Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé nampi tobat kita. Hambokbilih dosa lan kalepatan kita sampun sanget kathahipun, hananging boten rumaos tumindak salah lan lepat. Utawi kita tumindak gumedhé, boten rumaos tumidak takabur. Lan hambobilih kita boten naté istighfar nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Pramila Allah Subhanahu wa Ta’ala lajeng maringi banjir minangka dados sarana  kanggé nebus dosa. Manawi kados makaten, kita kedah syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala sanajan banjir kedah kita raosaken, lan kita taksih hanggadhahi nurani kanggé mendhet hikmah lan piwucal ingkang ageng.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ
Tegesipun: “Lan apa wahé musibah kang tumama ing atasé sira mula ngono iku jalaran kelakuwan ira dhéwé, lan Allah paring pangapura maring luwih akèhé (saking kesalah-kesalah ira).” (QS. Asy-Syu’ara [42]: 30).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Istighfar punika mujudaken kekiyatan. Istighfar punika salah satunggalipun cara utawi solusi Allah Subhanahu wa Ta’ala boten badhé èstu maringi azab. Istighfar punika dados sarana tolak balak.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ ۚ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
Tegesipun: “Lan Allah ora pisan-pisan bakal paring azab marang wong-wong mau, kamangka sira ana ing antarané dhèwèké. Lan (uga) Allah ora bakal paring azab marang wong-wong mau, nalika dhèwèké nyuwun pangapura.” (QS. Al-Anfaal [8]: 33).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita tansah syukur dhateng sadaya nikmat peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi blanjakaken nikmat lan tumindak ingkang jumbuh kaliyan ingkang kados dipunkersakaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sumangga kita jagi kulawarga saking kekufuran, kita bangun kejujuran, toleransi, lan kita bangun pasedhérékan. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng, kali sing rubéda nir ing sambikala wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat mangké. Amin,  Yaa Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
KHUTBAH 2
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 161016, 10.30)=-




No comments:

Post a Comment