Wednesday, February 15, 2017

DONYA DIPUNRAOS RUPEG TUMRAP TIYANG KUFRUN NIKMAH




 
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Salebetipun khutbah Jum’at ing siyang punika kula badhé ngaturaken irah-irahan “Donya dipunraos rupeg tumrap tiyang kufrun nikmah”.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْهَا, إِنَّ اللهَ لَغَفُوْرٌ رَحِيْمٌ.
Tegesipun: “Lan kalamun sira kabèh padha ngétung-étung nikmaté Gusti Allah mesthi sira kabèh tan bisa nemtokaké gunggungé. Sejatiné Gusti Allah iku yekti Dzat kang Agung pangapurané tur Agung Welasé.” (QS. An-Nahl [16]:18).
Tumrap tiyang iman punika boten wonten alesan kanggé boten syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Boten kuwawi ngétang menggah gunggungipun nikmat Allah ingkang dipunparingaken dhateng kawula-Nipun. Bènten kaliyan tiyang kufrun nikmah, wontenipun namung kirang kémawon sadaya peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kawontenan donya dipunraos rupeg. Bumi ingkang jembar punika boten saged maremaken tumrap tiyang ingkang boten nggadhahi iman wonten ing manahipun. Tiyang ingkang boten nggadhahi iman punika, jagad ingkang jembar boten kapétang wiyar lan isinipun punika taksih badhé dipunparingi èmpèr tambahan.
Kirangipun punapa nikmat ingkang dipunparingaken dhumateng kawula-Nipun. Sandhang lan tedha boten badhé telas manawi dipuncakaken kanthi samadya. Nanging kasunyatanipun tiyang-tiyang ingkang kufrun nikmat taksih kagodha tumindak ingkang boten jumbuh kaliyan dhawuhipun syara’, boten manggalih malih batal lan haram, boten hanggadhahi raos melas malih dhumateng tiyang sanès, boten menggalih malih tumindakipun damel sengsaranipun tiyang sanès.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
لَوْ اَنَّ لِإِبْنِ اَدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَّهَبٍ اَحَبَّ اَنْ يَكُوْنَ لَهُ وَادِيًا وَلَنْ يَمْلَأَفَهُ  اِلاَّ التُّرَبُ وَيَتُوْبُ
 اللهُ عَلَى مَنْ تَابَ. (رواه البخاري و مسلم).
Tegesipun: “Saumpama sawijining anak Adam (manungsa) nduwèni lembah emas siji  mesthi dhèwèké kepéngin duwéni lembah loro, lan ora ana kang bisa nutup tutuké (ora ana kang bisa ngendheg kerakusané marang kadonyané kajaba lemah [maut]). Lan Allah iku kersa paring pangapura marang sapa wahé kang gelem tobat.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Jumbuh kaliyan pawartos samangké, saé lumantar media cetak lan elektro, kados TV, majalah lan sapanunggalanipun kathah tiyang ingkang pantes dipunhormati, gajinipun inggil, sabinipun wiyar, kendharakanipun kathah ngantos bingung anggènipun badhé ngagem, boten kajèn awakipun, jalaran tumindakipun boten jumbuh kaliyan pangkat lan kadonyan ingkang dipunsandhang. Sholah bawa lan pangandikanipun tansah damel sakitipun tiyang sanès. Makaten pungkasanipun tiyang manawi boten syukur nikmat, wontenipun tansah kirang kémawon, lan makaten punika ngantos piyambakipun pejah.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
اَلْهَكُمُ التَّكَاثُرُ<1>, حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ<2>.
Tegesipun: “Akèh-akèhan bandha iku wus nglalèkaké (nyembranakaké) sira kabèh [1]. Nganti sira kabèh  padha mlebu kuburan (mati) [2].” (QS. At-Takatsur [102]: 1-2).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Awit saking punika kita boten perlu gumun, pancèn makaten punika sifat dhasaripun manungsa, wontenipun tansah kirang, kufrun nikmah, tomak lan srakah. Cobi kémawon mundhut pirsa dhateng badan awak kita piyambak, wontenipun inggih makaten. Remen bandha ingkang kathah, bojo ayu tur boten namung satunggal, donya manawi saged badhé dipunkekahi piyambak. Bagya sanget kita dipuparingi iman.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Islam boten ngawisi umatipun dados tiyang ingkang sugih bandha. Malah kapara umatipun dipundhawuhi dados tiyang sugih bandha. Nanging Islam nggadhahi rambu-rambu amrih bandha ingkang dipunundhuh saged barokah.
lslam dhawuh, manawi pados bandha supados liwat margi ingkang makruf, margi ingkang saé lan halal, margi ingkang boten ndadosaken sengsaranipun tiyang sanès. Islam ugi paring pepémut bilih bandha ingkang dipunundhuh kanthi saé lan halal punika taksih wonten hakipun tiyang sanès, inggih punika kaum miskin lan tiyang ingkang dèrèng gadhah kabegjan, inggih ingkang awujud zakat.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Zakat ingkang kedah kita bayar punika èstunipun boten ageng manawi kabandhingaken kaliyan kuwajiban bayar pajek tumrap negari-negari ingkang sampun majeng. Para ulama’ kontemporer netepaken bilih zakat profesi punika 2,5%.
Miturut Bapa Prof. DR. KH. Amin Rais, MA., penggagas Tauhid Sosial, zakat punika namung infaq wajib minimal. Tiyang ingkang sugih bayar zakat miturut Bapa Amin Rais taksih dipunanggep minangka tiyang medhit.
Punapa kita kalebet tiyang ingkang pelit punapa boten ingkang langkung pirsa inggih pribadi kita piyambak-piyambak, pinten gunggungipun bandha ingkang wajib kita zakataken.
Mugi kita dipuntebihaken saking raos manah ingkang tansah kirang, lan sifat kufrun nikmah.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 241116, 17.45)=-

No comments:

Post a Comment