Wednesday, February 15, 2017

KARAKTER PEMIMPIN MITURUT ISLAM






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten siyang punika, sumangga kita tansah hamemuji ke-Agunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun nedahaken marginipun hidayah, sahingga kita dados tiyang ingkang hanggadhahi iman.
Shalawat lan salam dhumateng Rasulullah Muhammad Shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun dipunutus Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng sadaya alam kanthi pitedah lan agami ingkang leres.
Manut lan mituhu dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan boten maksiat dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dados agenda saben tiyang Islam supados Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng paring pitulungan lan gampilaken rezki, saha paring solusi dhateng sadaya problema gesang ingkang mblenggu panggesangan kita. Janjinipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an Al-Karim Surat Ath-Thalaq [65]: 2 lan 3:

...وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَّهُ مَخْرَجًا, وَيَرزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَيَحْتَسِبُ
“Sapa wongé kang taqwa marang Allah mesthi Penjenengané bakal ndadèkaké kajembaran kanggo dhèwèké. (2), Lan maringi rizki saka jurusan kang ora dèn kira-kirakaké.” (QS. Ath-Thalaq [65]: 2 lan 3).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Pemimpin punika satunggalipun tembung ing agami Islam dipunsebat Khalifah. Tembung khalifah dipunsebat wonten ing Al-Qur’an kanthi sumebar rambah kaping 9 (sanga); Khalifah kanthi wujud “Harfiyah” kaping 2, inggih punika;  Surat Al-Baqarah [2]: 30, Surat Shad [38]: 26. Khalifah wujud Jama’ “Khalaif” kaping 4, inggih punika; Surat Al-An’am [6]: 165, Surat Yunus [10]: 14 lan 73, Surat Fathir [35]: 39. Khalifah wujud Jama’ “Khulafa” kaping 3, inggih punika Surat Al-A’raf [7]: 69 lan 74, Surat An-Naml [27]: 62.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wonten ing ayat kasebat kanthi cetha nedahaken wigatosipun kalenggahan lan pangaribawanipun pemimpin utawi khalifah ing donya punika. Pemimpin minangka wakilipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanjejegaken kersanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan matrapaken katetepan-katetepanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Wakilipun Allah Subhanahu wa Ta’ala boten ateges  Allah Subhanahu wa Ta’ala boten kuwawi, nanging Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng badhé nguji dhateng para manungsa lan paring pakormatan dhumateng manungsa supados makmuraken bumi, ingkang manawi sampun titi wancinipun badhé dipunsuwun tanggel jawabipun.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kapemimpinan ingkang dipunpikulaken dhateng manungsa  hanggadhai teges kawenangan ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala minangka jejeripun tiyang ingkang kedah makmuraken ing lumahing bumi. Awit saking punika pramila manungsa minangka dados pemimpin. Piyambakipun mesthi nindakaken hukum lan pranatan kanthi adil, hanebihi tumindak ingkang nuruti hawa nafsu. Punapa kémawon motifipun. Dados pemimpin praja, petani, polisi, politisi, lan sapanunggalanipun. Sinten kémawon ingkang nyalah ginakaken badhé nanggung akibatipun.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi makaten pemimpin ingkang ideal punika pemimpin ingkang mangertosi lan memahami tugas kapemimpinanipun. Inggih punika pemimpin ingkang hanyerahaken dhiri pribadhinipun kanggé kasejahteraan lan kabagyanipun umat. Damel kawicaksanan boten kanggé kapentingan pribadi lan golonganipun, hananging kanggé bangsa lan generasi sapungkuripun. Bilih kabijakan politik, ekonomi, sosial kabudayan lan kawicaksanan pambangunan boten kanggé kapentingan pribadinipun. Hananging sadaya kalawau kanggé kelajenganipun bangsa lan negari.
Awit saking punika tugas kasebat boten mandheg wonten ing piyambakipun, pramila piyambakipun kedah nyawisaken kader minangka gantosipun Panjenenganipun. Dr. Hamim Ilyas, Wakil Ketua Majelis Tarjih PP Muhammadiyah ngendika: “Pemimpin sing apik kuwi yaiku pemimpin sing nyawisaké generasi sapungkuré”.
Miturut Prof. Dr. Muhammad Chirzin, Guru Besar Ilmu Al-Qur’an UIN Sunan Kalijaga Ngayogyakarta ngendika bilih sapérangan ageng jiwa lan karakter pemimpin ing Indonesia samangké punika sampun luntur. Panjenenganipun ugi ngendika: “Bangsa Indonesia saiki lagi nedheng-nedhengipun ngadhepi problem kapemimpinan wiwit hulu tumeka hilir”.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Mugi-mugi para pemimpin negari Indonesia tansah pikantuk pitedah lan rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Inggih pemimpin ingkang kawicaksanipun tansah ngutamèkaken kapentingan bangsa lan negari, pemimpin ingkang nyamektakaken kadher sapengkeripun, pemimpin ingkang produktif lan dinamis, saha tansah peduli lan handhatengaken manfaat ingkang kathah dhumateng ummat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

KHUTBAH 2
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا. رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 041116, 06.45)=-




No comments:

Post a Comment