Wednesday, February 15, 2017

WAJIB SHADAQAH TUMRAP SABEN MUSLIM






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa sallam ngendika, bilih shadaqah punika mujudaken kuwajiban saben-saben tiyang Islam  jumbuh kaliyan kekiyatanipun. Kados dhawuh pangandikanipun makaten:
عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ صَدَقَةٌ, قَالُوْا: فَإِنْ لَمْ يَجِدْ؟, قَالَ: فَيَعْمَلُ بِيَدَيْهِ فَيَنْفَعُ نَفْسَهُ وَيَتَصَدَّقُ, قَالوُا: فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ اَوْ لَمْ يَفْعَلْ؟, قَالَ: فَيُعِيْنُ ذَا الْحَاجَةِ الْمَلْهُوْفِ,
قَالُوْا: فَإِنْ لَمْ يَفْعَلْ؟, قَالَ: (فَيُمْسِكُ عَنِ السَّرِّ فَإِنَّهُ لَهُ صَدَقَةٌ). (رواه أحمد والبخارى ومسلم والنسائ عن ابى موسى الاشعرى ر-ض).
“Saben-saben Muslim wajib shadaqah, para shahabat banjur mundhut pirsa marang Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi  wa sallam: “Kados pundi Kanjeng Nabi manawi boten gadhah ingkang dipunshadaqahaken?. Nabi shalallahu ‘alaihi  wa sallam dhawuh: “Prayoga yambut gawé nganti dhèwèké cukup kabutuhané dhéwé lan bisa shadaqah”. Para shahabat mundhut pira manèh: “Manawi boten saged nyambut damel kados pundi?. Nabi shalallahu ‘alaihi  wa sallam dhawuh: “Prayoga dhèwèké awèh pitulungan marang wong kang butuhaké pitulungan”. Para shahabat mundhut pirsa manèh: “Manawi boten saged ugi kados pundi Nabi”. Nabi shalallahu ‘alaihi  wa sallam dhawuh: “Prayoga dhèwèké ngongkon wong liya tumindak becik”. Para shahabat mundhut pirsa manèh: “Manawi amar ma’ruf kémawon boten saged kados pundi Kanjeng Nabi?. Nabi shalallahu ‘alaihi  wa sallam dhawuh: “Prayoga dhèwèké nyegah awake tumindak ala, mangka satemené nyegah tumindak ala kuwi minangka shadaqah”. (HR. Ahmad, Bukhari, Muslim, lan An-Nasa’i saking Abu Musa al-Asy’ari).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi hadits kasebat, nedahaken bilih shadaqah punika boten mutlak namung kanggé tiyang ingkang sugih bandha kémawon, hananging saged ugi dipuntindakaken sinten kémawon jumbuh kaliyan kekiyatanipun. Nabi shalallahu ‘alaihi  wa sallam kanthi sabar paring katerangan dhumateng para shahabat lan mesthinipun ugi dhumateng kita, bilih shadaqah punika:
o   Manawi boten kagungan bandha, prayogi nyambut damel kanggé hanyekapi kabetahanipun piyambak, lan sanèsipun dipun-ginakaken kanggé shadaqah,
o   Manawi kanthi bandha boten saged, pramila shadaqah kanthi tenaga dhateng tiyang ingkang hambetahaken,
o   Manawi kanthi tenaga boten saged ugi, pramila shadaqah kanthi lisanipun arupi “amar makruf nahi mungkar”; ngajak tiyang sanès nindakaken kesahénan lan nyegah tiyang saking tumindak awon,
o   Manawi boten saged ugi, pramila misah tiyang ingkang nembé pasulayan kanthi adil kalebet ugi shadaqah,
o   Maringi pitulungan dhumateng tiyang badhé nitih titihan utawi kendharaan lan ngangkat barangipun tiyang sanès dhateng kendharaan ugi kalebet shadaqah,
o   Ngucapaken kalimah “THAYYIBAH” inggih kalebet ugi shadaqah,
o   Lampahipun satunggalipun tiyang dhateng masjid saperlu hanindakaken shalat jama’ah inggih kalebet shadaqah,
o   Nyingkiraken samukawis barang ingkang ngalangi lan ngganggu ing margi, inggih kalebet ugi shadaqah.
Kanthi hadits kasebat,  sampun terwaca lan tingkas Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa sallam maringi piwucal arti lan makna shadaqah, sahingga mokal manawi wonten tiyang ingkang boten hanggadhahi kuwajiban shadaqah. Sadaya tiyang Islam hanggadhahi kuwajiban shadaqah miturut kekiyatanipun piyambak-piyambak.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Shadaqah ingkang dipunparingaken dhumateng sinten kémawon punika mujudaken kesahénan ingkang wonten ganjaranipun, hananging shadaqah kanggé sanak kulawarga hanggadhahi kesahénan ingkang linangkung katimbang shadaqah dhumateng salintunipun kulawarga. Sanajan makaten manawi kasinungan rizki ingkang langkung kathah ampun ngantos mandheg wonten ing kulawarga kémawon, hananging tiyang sanès prayogi dipun-gatosaken ugi.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Islam anggènipun majibaken shadaqah boten maringi kalonggaran tumrapipun tiyang wegah-wegahan nyambut damel, hangentosi shadaqahipun tiyang ingkang badhé maringi, hananging agami Islam paring piwucal dhumateng umatipun supados nyambut damel ingkang sregep, pados rizki kanggé hanyekapi kabetahanipun ngagesang, lan boten remen dhateng tiyang ingkang pandamelanipun namung njagakaken peparingipun tiyang sanès.
Awit saking punika, tiyang ingkang pantes hanggadhahi hak nampi shadaqah punika tiyang ingkang pancèn leres-leres hambetahaken pitulungan, jalaran usahanipun boten hanyekapi kabetahanipun. Islam ugi paring piwucal bilih tiyang ingkang kiyat nyambut damel boten hanggadhahi hak nampi shadaqah.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Shadaqah kanthi bandha punika saged handhatengaken kabagyan ing alam donya lan ing alam akhirat. Kabagyan ing donya arupi gantosipun rizki ingkang langkung ageng, kados ingkang dipunjanjèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an surat Saba’ [34]: ayat 39:
قُلْ إِنَّ رَبِّيْ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَآءُ مِنْ عِبَادِهِ وَيَقْدِرُ لَهُ, وَمَآ أَنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهُ, وَهُوَ خَيْرٌ الرَّازِقِيْنَ.
“Dhawuha sira (Muhammad): “Sejatiné Gustiku anjembaraké rezeki tumrap sapa wahé kang kakersakaké ing antarané kawula-kawulané lan angrupekaké tumrap (sapa wahé kang dikersakaké)”. Lan bandha apa wahé kang sira blanjakaké, mula Allah bakal angganti bandha (mahu) lan Panjenengané iku sebagus-bagusé kang maringi rezeki”. (QS. Saba’ [34]:39).
Satunggalipun hadits ingkang nunggal makna saking Abu Hurairah ra., bilih Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa sallam paring piwucal makaten:
مَا مِنْ يَوْمٍ يُصْبِحُ الْعِبَادُ فِيْهِ اِلاَّ مَلَكَانِ يَنْرِلاَنِ فَيَقُوْلُ اَحَدُهُمَا: اللهُمَّ اَعْطِ مُنْفِقًا, وَيَقُوْلُ الْاخَرُ اللهُمَّ اَعْطِ مُمْسِكًا تَلَفَ.
Tegesipun: “Saben-saben ésuk ana Malaikat loro kang tumurun ing langit donya padha ndonga nyenyuwun marang Allah, kang siji ndonga: “Ya Allah, mugi kersa Paduka paring gantos dhumateng tiyang ingkang kersa blanjakaken bandhanipun”. Malaikat sijiné ndonga: “Ya Allah, mugi kersa Paduka maringi karisakan dhateng tiyang ingkang boten purun blanjakaken mbandhanipun”. (HR. Bukhari Muslim).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kajawi kabagyan kadonyan ingkang sifatipun materi, shadaqah punika saged dhatengaken kabagyan ingkang sifatipun maknawi, kados ingkang dipun-ngendikaken Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa sallam riwayat Turmudzi saking Mu’az bin Jabal ra:
... وَالصَّدَقَةُ تُظْفِىءُ الْخَطِيْئَةَ كَمَا يُطْفِىءُ الْمَاءُ النَّارِ.
“Lan shadaqah iku bisa ngilangi kesalahan kaya banyu bisa matèni geni”.
Wonten ing hadits sanès Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa sallam ngendika:
اِتَّمُوْا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ.
“Jaganen awakmu saka uruping geni neraka, sanajan hamung kanthi shadaqah sepotong tamar”.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi keterangan kasebat kintenipun sampun cetha lan gamblang, bilih shadaqah punika dados kewajibanipun saben-saben tiyang Islam jumbuh kaliyan kekiyatanipun. Manawi boten lumantar bandhanipun, inggih lumantar tenaganipun. Amar makruf nahi mungkar kalebet shadaqah. Nyingkiraken barang ing margi ingkang ngganggu tiyang ingkang badhé mlampah kalebet shadaqah. Maos kalimat Thayyibah kalebet shadaqah, lan sapanunggalanipun ingkang mesthi boten kedah arupi bandha.
Allah subhanahu wa Ta’ala badhé maringi piwales ingkang langkung kathah lan langkung sahé arupi kesahénan ingkang sifatipun kadonyan lan sifatipun kaakhiratan, katimbang ingkang dipunblanjakaken.
Mugi-mugi Allah subhanahu wa Ta’ala tansah maringi taufiq lan hidayah dhumateng kita, sahingga kita saged ngedalaken shadaqah kanthi ènthèng.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ
 وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 310117, 08.44)=-


No comments:

Post a Comment