Sunday, January 15, 2017

WIGATOSIPUN TABAYUN



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi gesang kita begja mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Anuju satunggalipun wekdal Al-Walid bin ‘Uqbah bin Al-Mu’ith dipunutus Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam mendhet zakat kaum Bani Musthaliq, ingkang  sampun kepareng nampi syari’at agami Islam lan manut mituhu dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alahi wa salam. Arikala pawartos dumugi dhumateng kaum Bani Musthaliq, badhé dhateng utusan saking Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam mendhet zakat saking piyambakipun, pramila piyambakipun gegancangan suka pari suka mapag rawuhipun Al-Walid bin ‘Uqbah bin Al-Mu’ith.
Hananging wonten sawenèhing tiyang Munafiq mapag lan nyaosi pawartos dhumateng Al-Walid bin ‘Uqbah bin Al-Mu’ith ingkang nembé mlampah tumuju dhateng kaum Bani Mustaliq kanthi aturipun makaten: “Kaum Bani Musthaliq iku wis murtad saka Islam, nolak bayar zakat, lan malah padha kumpul nyegat lakuné Walid.”
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Sasampunipun Al-Walid bin ‘Uqbah bin Al-Mu’ith nampi pawartos saking salah satunggalipun tiyang Fasiq, tanpa tabayun mriksa lan hanaliti pawartos kasebat, pramila lajeng wangsul dhateng Madinah, lan matur dhumateng  Rasulullah shalallahu 'alaihi wa salam ngaturaken kawontenanipun kaum Bani Musthaliq.
Rasulullah shalallahu 'alaihi wa salam sasampunipun midhangetaken aturipun Al-Walid bin ‘Uqbah bin Al-Mu’ith, lajeng kémawon dhawuh dhumateng Kholid bin Walid lan pasukan tentaranipun ndhatengi kaum Bani Musthaliq kanthi dhawuh makaten: “Tumekané pasukan Kholid bin Walid aja nganti handadèkaké héboh, tindakna sisik melik, haneliti lan hanyelidhiki kahanan kaum Bani Musthaliq, lan poma dipoma aja nganti kesusu tumindak kanthi gegabah.
Kanthi waspada lan setiti ngati-ati, Panglima Perang Kholid bin Walid dumugi  ing wanci dalu, lajeng para pasukan perang dipunpérang-pérang supados niti pirsa hangamati lan pados telik sandi mlebet dhateng kampung kaum Bani Mustholiq. Hasil niti priksa lan pangamatanipun para pasukan telik sandi ngaturaken dhumateng Panglima Perang Kholid bin Walid: “Bilih pawartos manawi kaum Bani Mustholiq sampun murtad saking Islam punika pawartos goroh (ngapusi). Èstunipun kaum Bani Mustholiq punika nindakaken syari’at Islam kanthi sahé, suwanten Adzan kumandhang sesahutan wonten ing sadhéngah papan lan wekdal arikala badhé hanindakaken shalat jama’ah kanthi wekdal ingkang sampun gumathok.”
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Gegayutan kaliyan kisah Al-Walid bin ‘Uqbah bin Al-Mi’ith punika dados jalaran tumurunipun wahyu Al-Qur’anul Karim surat Al-Hujurat [49] ayat 6:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ
“Hé wong-wong kang padha iman, kalamun ana wong fasèk tumeka marang sira kabèh kanthi nggawa suwijiné kabar mula telitinen dhisik, supaya sira kabèh ora nibakaké suwijiné musibah marang sijining kaum tanpa ngerti kahanané kang ndadèkaké sebab sira kabèh nelangsa saka kang sira lakoni.” (QS. Al-Hujurat [49]: 6).
Ayat kasebat Allah Subhanahu wa Ta’ala suka paring pitedah dhumateng kaum Muslimin supados boten énggal gegabah paring dhawuh lan mutusaken satunggalipun perkawis manawi wonten pawartos ingkang dumugi saking tiyang Fasiq lan Munafiq. Poma dipoma dipunteliti rumiyin sadèrèngipun handhawahaken dhawuh, amprih supados boten dados fitnah lan prahara ingkang ageng.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
التَّأَنِّى مِنَ اللهِ وَالْعَجَلَةُ مِنَ الشَّيْطَانِ.
“Hanyelidhiki kanthi tenang iku saka Allah Ta’ala, lan kesusu iku saka syaithan.” (Tafsir Al-Azhar, Prof. Dr. Hamka, kaca 223-225, Juz 26, Surabaya 1982).
Abu Hasan Al-Waraaq negesi tiyang fasiq punika: “Tiyang ingkang boten tidha-tidha lan mamang-mamang nemtokaken sadaya perkawis kanthi tumindak dosa.”
Tiyang fasiq punika boten natè hanggadhahi rumaos lepat lan rumaos hanggadhahi dosa manawi ngabar-ngabaraken pawartos ingkang boten nyata (ngapusi), sanajan pawartos ingkang ngapusi punika hanyengsarakaken tiyang lan saged ugi ndadosaken kuciwaning manah, malah saged ugi ndadosaken merosotipun asma.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Nyebar aib utawi aurat dhateng sesami sadhèrèk Muslim punika kalebet salah satunggalipun “Al-Kabaair” inggih punika “dosa ageng” ingkang kedah kita tebihi. Pawartos ingkang boten wonten kasunyatanipun punika fitnah, lajeng pawartos ingkang wonten kasunyatanipun punika ghibah manawi kita biwarakaken. Fitnah lan Ghibah punika sadaya dipunawisi déning agami Islam.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
إِنَّ مِنْ أَكْبَرِ الْكَبَائِرِ إسْتِطَالَةُ الرَّجُلِ عَرْضَ أَخِيْهِ الْمُسْلِمِ بِغَيْرِ الْحَقِّ.
“Satemené salah sawijiné sagedhé-gedhé dosa gedhé, yaiku wong lanang kang ora lèrèn anggoné nyebar-nyebaraké alané sadulur sapadha-padha Muslim kang ora bener.” (HR. Abu Hurairah).
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Seru sanget kula ngajak dhumateng awak kula piyambak ugi dhumateng Jama’ah Shalat Jum’ah sadaya, sumangga kita ampun lajeng énggal gampil pitados manawi mireng pawartos ingkang katingalipun wigatos. Prayogi kita TABAYUN; mriksani pawartos kanthi waspada, ngatos-atos, pados telik sandi, taliti, ngati-ati. Ing pangajab supados pawartos kasebat boten dados fitnah lan saged ugi dados prahara ingkang ageng lan handrawasi.
Makaten lan semanten atur khutbah kula mugi saged dados sarana tambahing iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhabahu wa Ta’ala.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَاللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

-=(hms, 271016, 21.00)=-




KHUTBAH 2 (KALIH)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

-=(hms, 271016, 21.00)=-




No comments:

Post a Comment