Friday, January 13, 2017

TRISNA DHUMATENG ALLAH SUBHANAHU WA TA'ALA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Wonten ing panggesangan punika, tiyang boten badhé pikantuk kasampurnan gesang tanpa raos trisna. Raos trisna punika mujudaken panyemangat tumrap tiyang ingkang badhé nyuprih lan pikantuk punapa ingkang dipuntrisnani. Lan wonten panggènan punika tiyang saged katingal èdi lan pèni saha hanengsemaken, kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاءِ وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالْأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ۗ ذَٰلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَاللَّهُ عِنْدَهُ حُسْنُ الْمَآبِ
“Manungsa iku tansah pinahèsan déning rasa seneng marang pirang-pirang kasenengan, hiya iku; wanita-wanita, anak, bandha donya kang akèh, kang saka jinisé emas, pérak, jaran pinilih, raja kaya, lan sawah pategalan.
Hiya kang kaya mengkono iku (wujudé) kasenengan urip ana ing donya. Lan ing ngersané Allah ana papan panggonan bali kang bagus (suwarga)”. (QS. Ali Imran [3]:14).
Kados limrahipun tiyang, pramila tiyang Muslim inggih ugi hanggadhahi raos trisna ingkang handadosaken purun nyambut damel lan makarya kanthi semangat lan saèstu. Hananging raos trisna ingkang dipuntuju  tiyang Muslim punika hanamung dhumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala kéwala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an Al-Karim:
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَتَّخِذُ مِنْ دُونِ اللَّهِ أَنْدَادًا يُحِبُّونَهُمْ كَحُبِّ اللَّهِ ۖ
“Lan sadhéngah saking manungsa iku ana kang gawé sesembahan saliyané Allah; dhèwèké padha seneng marang sesembahané kaya senengé marang Allah … .” (QS. Al-Baqarah [2]:165).
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun punika dados kuwajibanipun saben-saben tiyang Islam (Muslim). Trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun punika minangka pepaès ingkang sanget édi lan pèni menggah dhiri pribadhinipun, minangka raos ingkang nuntun pribadhinipun manembah kanthi cara ingkang leres dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kados dhawuhipun  Allah Subhanahu wa Ta’ala:
قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ
 وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
“Dhawuha sira!, “kalamun sira kabèh iku (bener-bener) seneng marang Allah, padha manuta sira kabèh marang Ingsun, mesthi Allah nrisnani lan ngapura dosa-dosanira kabèh. Allah iku Maha Ngapura lan Maha Welas”. (QS. Ali Imran [3]:31).
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Ayat kasebat nedahaken bilih tandha lan tengeripun trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika ndhèrèk punapa ingkang dipundhawuhaken lan nilar sadaya awisanipun. Awit saking punika, sinten kémawon ingkang rumaos hanggadhahi raos trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hananging boten manut lan mituhu dhateng sadaya syari’atipun, boten hanuladha lan nyonto panjenenganipun, pramila tiyang kasebat  kalebet tiyang ingkang nggorohaken dhateng kapitadosanipun.
Ayat kasebat (QS. Ali Imran [3]: 31) ugi martélakaken bilih faédah lan manfaatipun trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun punika badhé pikantuk maghfirah (ampunan) lan badhé dipuntrisnani Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Lan inggih tiyang punika ingkang sampun hasil nyuprih trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran manawi Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun nrisnani kawulanIpun, pramila Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé dhawuh dhumateng sadaya makhluk-Ipun supados hanrisnani dhateng tiyang kasebat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Kanthi cetha lan terwaca bilih trisna lan ngagungaken Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam punika minangka bukti lan tandhanipun trisna kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kanthi saleresipun.
Hanuladha  lan handhèrèk pitedah lan sunnahipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam punika kalebet satunggalipun kuwajiban saben-saben tiyang Islam (Muslim).
Lan kalebet boten trisna saha ngagungaken Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam manawi nindakaken pandamelan lan ngibadah ingkang boten dipuncontohaken déning Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Awit saking punika sumangga kita hambudidaya lan handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi kita dipunteguhaken lan dipunmantepaken raos trisna kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, saha saged nuwuhaken raos trisna ingkang hakiki.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
 أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
 فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
-=(hms, 280916, 12.26)=-

No comments:

Post a Comment