Sunday, January 15, 2017

BANDHA INGKANG BERKAH



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَلِيُّ الصَّالِحِينَ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا خَاتَمُ الأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِيْ تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. 
 أَمَّا بَعْدُ: فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wassalam, kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Tiyang ingkang taqwa punika tansah ngajeng-ajeng bandha ingkang berkah. Bandha ingkang berkah punika ingkang dipunperkoléh  kanthi cara ingkang halal, lajeng dipun resiki (dipunwedalaken zakatipun) saha dipuninfaqaken sapérangan wonten ing sabilillah (merginipun Allah Subhanahu wa Ta’ala).
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَأَنْفِقُوا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُسْتَخْلَفِينَ فِيهِ ۖ فَالَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَأَنْفَقُوا لَهُمْ أَجْرٌ كَبِيرٌ
“Padha imana sira kabèh marang Allah lan Rasul-É lan padha mblanjakna sadhèngah saking bandhanira kabèh kang Allah wus ndadèkaké sira kabèh bisa nguwasani.
Mula wong-wong kang padha iman antarané sira kabèh lan mblajakaké (sadhéngah) saking bandhané, merkoléh ganjaran kang gedhé).” (QS. Al-Hadid [57]:7).
Ayat punika suka paring pitedah dhumateng kita, bilih èstunipun bandha ingkang kita kuwaosi punika kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang dipunkuwaosaken dhumateng kita. Dados, kita punika sanès panguwaos mutlak. Awit saking punika, kita kedah sumadya nginfakaken sapérangan bandha kasasebat.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Tiyang muslim sejati temtu rumaos bombong manahipun manawi saged ngedalaken zakat, ingfaq, lan shodaqah. Manahipun boten hanggadhahi raos awrat babarpisan, lan malah hanggadhahi kapitadosan bilih zakat, infaq, lan shadaqah punika boten ngirangi bandhanipun. Muslim sejati pitados sanget kaliyan dhawuhipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang ungelipun makaten:
عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَالسَّلاَمَ قَالَ : مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ, وَمَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلاَّ عِزًّا, وَمَا تَوَضَعَ أَحَدٌا لِلَّهِ إِلاَّ رَفَعَهُ اللهُ. (رواه الديلمي).  
Tegesipun: Hadits saka Abu Hurairah ra., Rasulullah shallahu ‘alaihi wassalam ngendika: “Ora bakal suda bandha iku amarga sedhekah. Lan Allah ora bakal nambahi tumrap wong kang mènèhi pangapura kajaba kamulyan, lan ora kalorot drajaté sawijinging wong kang andhap asor (tawadlu’) karana Allah iku kajaba Allah bakal ngangkat derajaté.” (HR. Daélami).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Bandha punika boten badhé suda jalaran zakat, infaq, lan shodaqah, amargi zakat, infaq, lan shadaqah punika hakekatipun bandha ingkang dipunampilaken dhumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala. Lan Allah Subhanahu wa Ta’ala bandhé mangsulaken kanthi matikel-tikel sahé wonten ing alam donya lan ugi wonten ing alam akhirat.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh woten ing Al-Qur’an Al-Karim:
مَنْ ذَا الَّذِي يُقْرِضُ اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضَاعِفَهُ لَهُ أَضْعَافًا كَثِيرَةً ۚ وَاللَّهُ يَقْبِضُ وَيَبْسُطُ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ
“Sapa wongé kang gelem ngutangi Allah, kelawan piutang kang bagus (nafkahaké bandhané ing dalané Allah), mangka Allah nikelaké  piwalesé marang dhèwèké kelawan tikelan kang banget akèhé. Lan Allah iku ngrupekaké lan jembaraké (rizki), lan namung marang Allah sira kabèh dibalèkaké.” (QS. Al-Baqarah [2]:245).
Allah Subhanahu wa Ta’ala punika Dzat ingkang nguwaosi rizki ingkang sajatosipun. Lan Allah Subhanahu wa Ta’ala punika ingkang maringi rizki dhumateng sadaya makhluq-Ipun kalebet kewan ingkang gegremetan.

Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۚ كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
“Lan ora ana satokéwan kang gumremet ana ing lumahé bumi kajaba Gusti Allah kang nanggung zizkiné. Lan Panjenengané (Gusti Allah) pirsa marang panggonan nenepé kéwan iku lan disimpené. Sakabèhé katulis ana ing Kitab kang nyata (Lauh Mahfudz).” (QS. Hud [11]: 6).
Tiyang muslim sejati boten badhé purun dipunhasut lan dipun-godha déning  syétan. Syétan pancèn tansah hanggodha lan hambujuk supados dados tiyang pelit (bakhil) ingkang boten purun bayar lan ngedalaken zakat, infaq, lan shadaqah. Syètan ugi ngajrih-ajrihi tiyang bilih zakat, infaq, lan shadaqah punika badhé dados tiyang miskin.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
الشَّيْطَانُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاءِ ۖ وَاللَّهُ يَعِدُكُمْ مَغْفِرَةً مِنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ .
“Syétan njanjèkaké (medèn-medèni) sira kabèh kanthi kamiskinan lan préntah marang sira kabèh tumindak jahat (medhit), sedheng Allah njanjèkaké kanggo sira kabèh pangapura saka Panjenengané lan kanugrahan. Lan Allah iku Maha Jembar (kanugrahan-É) tur Maha Mirsani.” (QS. Al-Baqarah [2]: 268).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Mugi-mugi kita sadaya dados tiyang muslim ingkang dipunridlai Allah Subhanahu wa Ta’ala anggèn kita pados rizki lan hangginakaken bandha. Remen lan ikhlas ngedalaken zakat, infaq, lan shodaqah. Lan mugi-mugi bandha kita kalebet bandha ingkang berkah. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 160616, 10.20)=-

No comments:

Post a Comment