Sunday, January 15, 2017

DONYA KULA KANGGÉ AKHIRAT KULA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga kita ing wekdal punika  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad shalallahu ‘alaihi wassalam ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Samangké punika taksih kathah tiyang ingkang boten nyadhari lan boten hanggadhahi pétangan. Hanelasaken bandhanipun kanggé foya-foya, boten béntenaken malih antawisipun kabetahan lan kapénginan. Ingkang dipunutamèkaken hanamung tata dhahiripun kémawon, kapéngin katingal kerèn, lan katingal wah!. Sanajan wonten ing sakiwa tengenipun kathah tiyang-tiyang ingkang kaluwèn lan sarwa kacingkrangan.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Sanajan ing sedya ingkang kawitan tiyang ingkang hanggadhahi gaya panggesangan ingkang sarwa méwah punika kepéngin dipunpuji lan pikantuk pangalembana saking tiyang kathah, hananging èstunipun badhé nemahi kabencian lan kasangsaran, kacemburuan sosial lan kadhendhaman. Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi boten remen dhumateng tiyang-tiyang ingkang gumedhé lan tiyang ingkang pamèr.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Kalepatanipun tiyang kasebat kalawau boten amargi piyambakipun punika dipuntaqdiraken sugih lan sarwa wonten. Lan ugi boten ugi kasinungan  bandha-bandhu. Hananging kalepatanipun punika amargi piyambakipun boten saged ngatur lan hangelola bandhanipun. Manawi anggènipun ngatur lan hangelola punika jumbuh kaliyan ingkang dipunkersakaken ingkang Maha Maringi inggih Allah Subhanahu wa Ta’ala, pramila badhé pikantuk kabegjan lan kamulyan. Pramila boten badhé wonten bandha ingkang muspra, manawi sadaya kita atur lan kita kelola kanggé akhirat kita, lan ugi kita tilaraken punapa kémawon ingkang boten wonten gina lan manfaatipun. Lan inggih punika ingkang kawastanan zuhud.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Zuhud punika boten sami kaliyan manawi ngagem ageman sarwa compang-camping, griya réyat-réyot, miskin boten hanggadhahi pakaryan lan pandamelan ingkang gumathok.
Tiyang sugih punika saged gesang kanthi zuhud, manawi sadaya bandhanipun dipun-ginakaken kanggé akhératipun.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Hubbud dunya (trisna kadunyan) punika handadosaken donya minangka dados tujuan. Tumindak punika kalebet satunggalipun kalepatan lan kasengsaran. Awit kajawi badhé hanyiksa raga, nguras energy, pramila ibadhahipun ugi badhé katalumpén.
Dèrèng malih ingkang pejah manahipun,  badhé handadosaken tiyang ingkang mabuk kadonyan punika  badhé tegel dhateng sasami ngagesang, angas lan buas lir kadya kéwan serigala ingkang nandhang kaluwèn.
Yahya bin Mu’adz ngendika: “ La kapriyé aku ora seneng marang bandha donya, kamangka ing kono aku bisa mangan lan handadèkaké aku bisa urip, lan aku bisa tumindak tha’at lan kanthi iku uga aku bisa antuk suwarga”.
Pramila kalebet pinter lan cerdhas sanget, jalaran donya ingkang rèmèh lan fana, piyambakipun saged hanyadé kanggé sarana pikantuk suwarga ingkang ful kanikmatan lan langgeng tanpa winates.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Hangginakaken kadonyan kanggé akhérat, tegesipun ngatur bandha lan donyanipun kanggé ngupados ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, sahé lumantar zakat, infaq, lan sodaqoh, saha sadaya ingkang handhatengaken manfa’at dhateng sadaya tiyang.
Undhuh-undhuhanipun tiyang zuhud punika badhé pikantuk kamulyan, inggih punika badhé dipuntrisnani Allah Subhanahu wa Ta’ala lan badhé dipuntrisnani tiyang kathah. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam dhawuh:
إِزْهَدْ فِي الدُّنْيَا يُحِبُّكَ اللهُ, وَزْهَدْ فِيْمَا فِيْ اَيْدِ النَّاسِ يُحِبُّكَ.
Tegesipun: “Zuhuda sira ing donya, yekti Allah bakal nrisnani marang sira, lan zuhuda sira marang apa wahé kang didarbèki manungsa, yekti manungsa bakal nrisnani marang sira.” (HR. Ibnu Majah).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Pramila sampun titi wancinipun kita hambudidaya lan hangiyataken tékad (azzam) wonten ing manah kita, bilh sadaya bandha  donya kita hanamung kanggé akhérat kita.
Ing wasana, mugi-mugi gesang kita wilujeng wiwit ing alam donya punika, lan wilujeng gesang kita wonten ing akhérat mangké.
Amin, Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 131016, 06.35)=-

No comments:

Post a Comment