Saturday, September 10, 2016

URIP IKU KAYA DÉNÉ MUNG MAMPIR NGOMBÉ (revisi)



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken. Dzat ingkang paring rizki dhumateng kita saadaya. Dzat ingkang paring sakit lan paring obat amrih saged pinaringan saras. Dzat ingkang paring sandhang lan pangan ingkang murakabi. Dzat ingkang ngatur rinten lan dalu; rinten kanggé ngupados sandhang pangan lan dalu kanggé saré utawi istirahat.
Sholawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng Panjenenganipun.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah SwT. nerangaken bilih satunggal dinten akhirat punika sami kaliyan sèwu dinten ing alam donya (1 dinten akhirat = 1000 tahun donya). Kados dipunsebataken Allah SwT. wonten ing Al-Qur’anul Karim:
وَإِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِمَّا تَعُدُّونَ
“Sejatiné mangsa sedina ing ngersané Allah iku kaya déné sèwu tahun saka tahun-tahun kang sira étung.” (QS. Al Hajj [22]: 47).
Gegayutan kaliyan katerangan Allah SwT. punika Rasulullah saw. ugi paring dhawuh, makaten:
يَدْخُلُ فُقَرَاءُ الْمُؤْمِنِينَ الْجَنَّةَ قَبْلَ الأَغْنِيَاءِ بِنِصْفِ يَوْمٍ خَمْسِ مِائَةِ عَامٍ
“Wong iman kang miskin bakal mlebu Suwarga sadurungé wong-wong sugih, yaiku luwih dhisik ½ (setengah) dina kang padha 500 (limang atus) tahun.” (HR. Ibnu Majah no. 4122 lan Tirmidzi no. 2353. Al-Hafizh Abu Thohir ngendikakaken bilih sanad hadits punika hasan).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hadits kasebat nedahaken bilih setengah dinten ing akhirat sami kaliyan 500 tahun ing alam donya. Utawi 1 (satunggal) dinten akhirat sami kaliyan 1000 (sèwu) tahun ing donya.
Rasulullah saw. ugi paring sanépa bilih gesang ing alam donya punika kados déné musyafir; tiyang késah utawi mlancong. Rasulullah saw. ugi paring sanépa bilih tiyang gesang ing alam donya punika kados tiyang  ingkang BARA. Ingkang suraosipun bilih tiyang gesang ing alam donya punika namung sakedhap sanget, boten dangu lan sakedhap badhé wangsul dhateng papan asalipun malih. Lan  manawi tiyang Jawi ngendika makaten: “URIP IKU PRASASAT MUNG MAMPIR NGOMBÉ”.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun, sumangga kita étang sesarengan manawi 1000 tahun ing donya = 1 dinten ing akhirat. 1 dinten akhirat  = 24 jam akhirat. 12 jam akhirat = 500 tahun ing donya. 6 jam akhirat = 250 tahun ing donya. 3 jam akhirat = 125 tahun ing donya. 1,5 jam akhirat = 62,5 tahun ing donya.
Manawi umur kita 63 tahun, lajeng kita ginakaken kanggé saré utawi istirahat 8 jam; (1/3 x 24 jam = 8 jam). Pramila wekdal ingkang kita ginakaken saré utawi istirahat 21 tahun. Salajengipun manawi umur / gesang kita 63 tahun dipunkirangi 21 tahun, gesang kita ing alam donya punika namung 42 tahun, utawi 1 (satunggal) jam ing akhirat; 42 tahun donya = 1 jam akhirat.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun gegayutan kaliyan ibadah ingkang wigatos lan ingkang utami, inggih punika ibadah shalat. Manawi saben dinten kita nindakaken shalat wajib 5 (gangsal) wekdal, lan saumpami satunggal wekdal kanggé shalat betah wekdal 5 (gangsal) menit, Gunggungipun wekdal kanggé shalat kita 25 (selangkung) menit, inggih punika 5 wekdal x 5 menit = 25 menit.
1 (satunggal) dinten, kita shalat 25 (selangkung) menit, 1 (satunggal) minggu = 175 menit, 1 (satunggal) wulan = 700 menit, 1 (satunggal) tahun = 140 jam.
Dados kita ngibadah shalat madhep sowan dhumateng Allah SwT. namung betah wekdal 25 (selangkung) menit kémawon. Salajengipun menawi kita étang kanti matematika kita shalat salaminipun kita gesang ing alam donya manawi umur kita 63 tahun, namung betah wekdal 292 dinten utawi  9  wulan.
Étangan cara matematika makaten. Tiyang gesang ing alam donya punika rata-rata 63 tahun. Wekdal baligh rata-rata 13 tahun. Pramila gesang kita ing alam donya kanggé shalat namung 50 tahun ;  umur 63 tahun –  wekdal baligh 13 tahun = 50 tahun. Salajengipun, 50 tahun x 140 jam = 7000 jam. Lajeng 7000 jam = 9 wulan.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Manawi kita dipunparingi umur 63 tahun, lan kita sregep shalat 5 wekdal tanpa gothang, lajeng kita étang kanthi matematika donya saged dipunpundhut dudukan bilih umur 63 tahun punika namung betah wekdal 9 (sangang) wulan ingkang kanggé ngibadah shalat madhep dhumateng Allah SwT.
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ.
Émanipun boten sakedhik tiyang anggènipun hangginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala punika namung kanggé tumindak ingkang boten manfa’at, ingkang handadosaken gesang sangsara, umpaminipun kanggé ghibah; nyatur tiyang sanès, nyolong barangipun liyan, dhahar lan ngujuk ingkang haram, ngrisak pager ayu / selingkuh.
نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ ذَالِكَ.
Awit saking punika, sumangga kita sesarengan tata-tata siyaga ing dhiri, ngathah-ngathahaken ngibadah, istighfar, lan nyambut damel ingkang sahé kanggé sangu gesang kita ing akhirat, lan siyaga ing dhiri ngadhepi sakarartul maut ingkang sanget hanggegirisi.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
1 (satunggal) dinten akhirat sami kaliyan 1000 (sèwu) dinten ing alam donya. Manawi umur kita 63 (suwidak tiga) tahun ing alam donya, punika ateges gesang kita punika hanamung 1½ jam ngalam akhirat.
Awit saking punika, sumangga sesarengan kita manfa’ataken wekdal ingkang namung sakedhik punika kanggé tumindak ingkang sahé, kanti lelambaran dhèrèk dhawuhipun Allah SwT. lan Rasulullah saw, ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.
Pancèn kasinggihan bilih gesang ing alam donya punika namung mampir ngombé; “URIP IKU PRASASAT MUNG MAMPIR NGOMBÉ.” Ing wusana kita pungkasi khutbah ing dinten Jum’ah punika kanthi kita gatosaken sesarengan dhawuhipun Allah SwT. wonten ing kitab Al-Qur’an surat Al-‘Asr [103] ayat 1-3:
ÎŽóÇyèø9$#ur ÇÊÈ   ¨bÎ) z`»|¡SM}$# Å"s9 AŽô£äz ÇËÈ   žwÎ) tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#qè=ÏJtãur ÏM»ysÎ=»¢Á9$# (#öq|¹#uqs?ur Èd,ysø9$$Î/ (#öq|¹#uqs?ur ÎŽö9¢Á9$$Î/ ÇÌÈ  
1. Dhemi wektu. 2. Satemené manungsa iku yekti ana ing srajoné kapitunan, 3. Kajaba wong-wong kang iman lan nglakoni ngamal shalèh lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa hanaati ing  kabeneran lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa hanetepi ing kesabaran.”
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 160616, 10.20)=-

2 comments:

  1. wah mbah kakung makin siiip...sungkem kagem mbah kung mbah uti disitu,,salam kagem kluarga purwodadi nggih...

    ReplyDelete