TAUHID MUJUDAKEN DHAWUHIPUN ALLAH INGKANG AGUNG
السلام
عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ فِيْ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ
لِيَزْدَادُوُآ اِيْمَنًا مَّعَ اِيْمَنِهِمْ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ
أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ
وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ
الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ
مُّسْلِمُوْنَ.
Hadirin
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang
mirsani sadaya ingkang nyata kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten
ingkang lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sedaya
ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng
junjungan kita Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam ingkang sampun maringi
tuntunan gesang lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin
Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Dhawuhipun
Allah Subhanahu
wa Ta’ala ingkang langkung agung inggih punika TAUHID. Tauhid inggih punika nyawijèkaken
Allah Subhanahu wa Ta’ala anggènipun
nindakaken pangibadahan. Wondéné awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala
ingkang langkung agung inggih punika SYIRIK. Syirik inggih punika ibadah utawi
nyembah dhumateng sanèsipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi ngibadah lan nyembah
dhumateng Panjenenganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah
Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا
“Nyembaha sira marang Allah lan aja pisan-pisan nyekuthokaké
kanthi apa wahé.” (QS. An-Nisa’ [4]: 36).
Tegesipun
Tauhid miturut basanipun inggih punika masdar saking fi’il: يُوَحِّدُ وَحَّدَ - tegesipun: “Handadosaken satunggalipun perkawis punika satunggal.”
Punika
boten saged mawujud, kajawi kanthi nindakaken panafi’an lan panetepan. Contonipun
tiyang ngendika: “Boten sampurna tauhidipun satunggalipun tiyang, sahingga
piyambakipun haneksèni bilih boten wonten Ilah kajawi Allah.” Artosipun
piyambakipun nafèkaken Uluhiyah saking sanèsipun Allah lan netepaken Uluhiyah
kasebat mligi namung Allah Subahanahu wa Ta’ala kémawon.
Makna
Tauhid miturut istilah inggih punika “Nyawijèkaken Allah Ta’ala anggènipun
ngibadah.” Maksudipun anggènipun ngibadah katujokaken hanamung dhumateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala kémawon, boten nyekuthokaken Allah Subhanahu
wa Ta’ala dhumateng nabi ingkang dipunutus, dhumateng
malaikat ingkang langkung caket, dhumateng pemimpin, utawi sinten kémawon salah
satunggalipun manungsa. Kita ngibadah hanamung dhumateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala kémawon, kanthi raos
mahabah, takdzim, kebak pangajeng-ajeng lan raos kuwatos.
Tauhid
punika kapérang dados tigang pérangan, inggih punika tauhid rububiyah, tauhid
uluhiyah, lan tauhid asma’ wa sifat. Dipunsebat tauhid rububiyah inggih punika
nyawijèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng penciptaanipun,
panguwaosipun, saha pangrumatipun. Dipunsebat tauhid uluhiyah inggih punika nyawijèkaken
Allah Subhanahu
wa Ta’ala anggènipun nindakaken pangibadahan.
Caranipun, satunggalipun tiyang anggènipun ngibadah lan taqarup dhumateng
sinten kémawon sanèsipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kados anggènipun ngibadah
dhumteng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tauhid asma’ wa sifat inggih punika nyawijèkaken Allah Subhanahu
wa Ta’ala babagan asma lan sifatipun Allah ingkang Panjenenganipun sifataken,
wonten ing kitab-Ipun saha lumantar lisan Rasul-Ipun. Anggènipun nyawijèkaken
punika kanthi cara netepaken punapa ingkang sampun dipuntetepaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan nafsiraken punapa
kémawon ingkang sampun dipuntafsiraken Allah
Subhanahu
wa Ta’ala, boten kanthi tahrif, ta”thil, takyif, lan tamtsil.
Para sedhèrèk Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ngibadah
punika boten kepareng dipuntindakaken kajawi hanamung dhumateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala. Sinten kémawon ingkang nglérwakaken tauhid punika, statesipun
piyambakipun punika musyrik lan kafir, sanajan piyambakipun punika ngakeni
tauhid rububiyah lan tauhid asma’ wa sifat kanthi sampurna, hananging
piyambakipun handhatengi kuburan, ngibadah dhumateng penghuninipun utawi
kagungan nadzar maringi sesajén dhumateng ahli kubur kanggé hanyaketaken dhiri
dhumateng ahli kubur. Tiyang ingkang kados makaten punika kawastanan tiyang
musyrik lan kafir ingkang langgeng wonten ing neraka.
Allah
Subhanahu
wa Ta’ala paring dhawuh:
لَقَدْ
كَفَرَ الَّذِينَ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ هُوَ الْمَسِيحُ ابْنُ مَرْيَمَ وَقَالَ
الْمَسِيحُ يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اعْبُدُوا اللَّهَ رَبِّي وَرَبَّكُمْ إِنَّهُ
مَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللَّهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوَاهُ
النَّارُ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنْصَارٍ
“Satemené wus padha kafir wong-wong kang padha ngucap: “Sejatiné Allah kuwi (‘Isa) Al-Masih putrané Maryam.” Ing mangka (‘Isa) Al-Masih dhéwé kuwi dhawuh: “Hé Kaum Bani Israil, padha nyembaha sira kabèh marang Allah, Pangéraningsun lan Pangéranira kabèh.” Satemené wong-wong kang padha nyekuthokaké marang Allah, mesthi Allah ngaramaké suwarga tumrap dhèwèké, lan wong-wong mau bakal dipanggonaké ana ing neraka. Lan ora ana kang bakal paring pitulung marang wong-wong kang padha dzalim.” (QS. Al-Maidah [5]: 72).
“Satemené wus padha kafir wong-wong kang padha ngucap: “Sejatiné Allah kuwi (‘Isa) Al-Masih putrané Maryam.” Ing mangka (‘Isa) Al-Masih dhéwé kuwi dhawuh: “Hé Kaum Bani Israil, padha nyembaha sira kabèh marang Allah, Pangéraningsun lan Pangéranira kabèh.” Satemené wong-wong kang padha nyekuthokaké marang Allah, mesthi Allah ngaramaké suwarga tumrap dhèwèké, lan wong-wong mau bakal dipanggonaké ana ing neraka. Lan ora ana kang bakal paring pitulung marang wong-wong kang padha dzalim.” (QS. Al-Maidah [5]: 72).
Para sedhèrèk Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Awisanipun
Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang agung inggih punika syirik.
Jalaran hak ingkang agung inggih punika hanamung hakipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Manawi tiyang punika
boten migatosaken tauhid, ateges piyambakipun sampun nglirwakaken hak ingkang
agung, inggih punika nauhidaken Allah
Subhanahu
wa Ta’ala.
Allah
Subhanahu
wa Ta’ala paring dhawuh:
وَإِذْ قَالَ لُقْمَانُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يَا بُنَيَّ
لَا تُشْرِكْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ
“Lan (èlinga) rikala Luqman ngendika marang putrané; kang
lagi mituturi marang putrané: “Hé putraningsun, seliramu aja nganti
nyekuthokaké marang Allah, sejatiné nyekuthokaké (Allah) iku yekti kaningaya
kang gedhé.” (QS. Luqman
[31]:13).
Ugi dhawuhipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala:
إِنَّ
اللّهَ لاَ يَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَلِكَ لِمَن يَشَاء
وَمَن يُشْرِكْ بِاللّهِ فَقَدِ افْتَرَى إِثْمًا عَظِيمًا. ( النساء ٤٨ )
“Satemené
Allah kuwi ora bakal paring pangapura marang dosa syirik, lan Panjenengané
kersa paring pangapura marang saliyané (syirik) kuwi, tumrap sapa wahé kang
dikersakaké. Sing sapa wahé kang nyekuthokaké Allah, temtu dhèwèké wus nglakoni
dosa kang gedhé banget.” (QS. An-Nisa [4]:48).
Rasulullah
salallahu ‘alaihi wa salam ugi paring dhawuh:
أَعْظَمُ
الذَّنْبِ أَنْ تَجْعَلَ لِلَّهِ نِدًّا وَهُوَ خَلَقَكَ.
“Dosa
kang gedhé banget, yaiku sliramu ndadèkakè sekutu tumrapé Allah, ing mangka
Allah kang wus nyiptakaké sira.” (HR. Bukhari).
Dhawuhipun
Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam ugi:
مَنْ
مَاتَ وَهُوَ يَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللهِ نِدًّا دَخَلَ النَّارِ.
“Sing
sapa wongé mati, kamangka dhèwèké ngibadah marang saliyané Allah, mangka wong
mau bakal mlebu ing neraka.” (HR. Bukhari).
Para sedhèrèk
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi
adhedhasar katerangan ayat lan hadits kasebat ing nginggil kala wau Allah Subhanahu
wa Ta’ala handhawuhaken supados ngibadah dhumateng Panjenenganipun lan ngawisi
tumindak ingkang nyekuthokaken samukawis barang dhumateng Panjenenganipun
(syirik). Punika ngemu suraos awujud
dhawuh supados anggènipun ngibadah punika hanamung dhumateng Panjenenganipun
Allah Subhanahu wa Ta’ala kémawon.
Sintena tiyang anggènipun ngibadah boten katujokaken
dhumateng Panjenganipun Allah Subhanahu
wa Ta’ala, pramila piyambakipun punika kalebet tiyang kafir lan tiyang ingkang gumedhé
(sombong). Lan sintena tiyang ingkang ngibadah dhumateng Allah ugi manembah
dhumateng sanèsipun Allah, pramila tiyang kasebat kalebet tiyang kafir lan musyrik.
Wondéné tiyang ingkang ngibadah namung dhumateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala kémawon, pramila piyambakipun kawastanan muslim ingkang mukhlis.
Tiyang gesang punika kedah waspada lan ngatos-atos dhumateng tumindak syirik.
Allah Subhanahu wa Ta’ala hangambali
ngèngetaken lumantar dhawuhipun:
إِنَّ
اللهَ لاَ يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ ... . ( النساء ٤٨ ) .
“Satemené
Allah kuwi ora bakal paring pangapura marang dosa syirik.” (QS. An-Nisa
[4]:48).
Jama’ah Jum’ah
kaum Muslimin rahimakumullah,
Gegayutan
kaliyan tauhid punika tiyang-tiyang musyrik klèntu lan kasasar anggènipun
ngibadah, pramila lajeng dipunperangi déning Kanjeng Nabi; bandha, griya,
rahipun, lan penawanan putra saha
garwanipun dipunhalalaken. Awit saking punika dakwah ingkang dipunparingaken
déning para utusanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng piyambakipun, kathah-kathahipun
inggih magayutan kaliyan tauhid uluhiyah.
Allah
Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَلَقَدْ بَعَثْنَا
فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ ۖ
فَمِنْهُمْ مَنْ هَدَى اللَّهُ وَمِنْهُمْ مَنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلَالَةُ ۚ
فَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ
“Lan
sejatiné Ingsun wis ngutus rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangaké):
“Manembaha sira kabèh marang Allah, lan ngedohana Thaghut, mangka ana sadhéngah
umat iku uwong-uwong kang diwènèhi pituduh déning Allah lan ana uga sadhéngah
uwong-uwong kang wis pesthi kesasar kanggoné dhèwèké. Mula padha mlakuwa sira
kabèh ing lumahing bumi lan sawangen kepriyé pungkasané wong-wong kang padha
nggorohaké (para utusan).” (QS. An-Nahl [16]:36).
Para Sedhèrèk Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tauhid
punika mujudaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang
agung sanget, jalaran tauhid mujudaken fondasi papan panggénan sedaya syari’at
agami Islam. Awit saking punika, Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam
anggènipun hamiwiti dakwahipun inggih kanthi tauhid lan anggènipun dhawuh
dhumateng para utusan ingkang dipunutus anggènipun miwiti dhakwah inggih kanthi
tauhid.
Mugi-mugi
Allah Subhanahu
wa Ta’ala tansah paring pitulungan dhumateng
kita sedaya saged gegodhélan tauhid kanthi teguh, inggih dhumateng tauhid
ingkang leres boten nyembah lan ngibadah kajawi namung dhumateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
No comments:
Post a Comment