Saturday, September 10, 2016

NGAMAL KESAHÉNAN INGKANG MUSPRA (revisi)



السلام عليكم ورحمة الله وبركته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Para sadhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah SwT. ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang lepas saking pamirsanipun Allah SwT. dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipun lampahi sadaya makhluk-Ipun.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah saw. ingkang sampun maringi tuntunan gesang, tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Para sadhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Anuju satunggaling dinten Atha’ As-Salami, panjenengapunipun punika kalebet shahabat Tabi’in ingkang hanggadhahi seja badhé sadé kain ingkang sampun dipuntenun. Sasampunipun dipuntingali déning satunggalipun saudagar kain, Sang saudagar kain lajeng paring pangandikan dhumateng Atha’. Makaten atur pangandikanipun: “Dhuh Atha’, sajatiné kain tenunmu iki lumayan apik, nanging éman banget ana ciriné, sahingga yèn aku dikon tuku ora bisa.”
Atha’ sasampunipun mirengaken atur pangandikanipun Sang Saudagar kalawau lajeng kèndel sawatawis mengnggalih lan lajeng muwun. Mirsani Atha’ muwun, Sang Saudagar lajeng ngedika malih: “Atha’ shahabatku! Aturku marang sliramu iku kanthi atur kang samesthiné, Pancèn kainmu iku ana cacaté handadèkaké aku ora bisa tuku. Nanging manawa tangismu iku jalaran kain kang ciri iku, aku tetep bisa nuku kanti rega kang murwat.”
Midhanget  atur pangandikanipun Sang Saudhagar kalawau Atha’ lajeng matur: “Dhuh shahabat kula! Panjenengan kinten manawi anggèn kula nangis punika jalaran kain ingkang ciri punika?. Nyaosi priksa bilih anggèn kula nangis boten jalaran kain punika. Kula nangis jalaran kula kinten kain ingkang kula damel pinten-pinten wulan punika boten wonten cirinipun, hananging wonten ing ngarsa panjenengan minangka ahlinipun kasunyatanipun taksih wonten ciri lan cacatipun.”
“Makaten kula nangis wonten ngarsanipun Allah Ta’ala jalaran kula kinten ngamal ngibadah kula ingkang sampun kula lampahi tahun-matahun punika wonten cacatipun, mokal wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala minangka ahlinipun wonten cacatipun, punika ingkang hanjalari kula punika lajeng nangis.”
Para sadhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kisah kasebat ing nginggil mujudaken tadabur saking dhawuhipun Allah SwT.:
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ (١) وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ (٢) عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ (٣) تَصْلَىٰ نَارًا حَامِيَةً (٤)
“Apa wus teka marang sira kabar (ngenani) dinané nampa piwales? [1]. Rahi-rahiné (wong-wong) akèh ing dina iku padha dhingkluk ina [2]. Banget kangélan lan payah,[3]. Padha kacemplung geni kang banget panasé (neraka) [4]. (QS. Al-Ghasyiyah [88]: 1-4).
Para sedhèrèk ingkang kula hormati lan ingkang tansah dipunrahmati Allah Ta’ala,
Kénging punapa piyambakipun wonten ing Neraka?. Piyambakipun sregep ngibadah, namung kémawon sadaya muspra tanpa gina, malah kepara jalari mlebet Neraka. Punapa Allah Ta’ala dlolimi piyambakipun?. Temtu kémawon boten jalaran Allah Ta’ala boten naté zalimi dhateng kawulanipun. Allah Ta’ala ngaramaken dhateng pribadinipun zalimi dhumateng kawulanipun. Lajeng punapa sebabipun?. Sebabipun, piyambakipun salah anggènipun ngibadah manembah dhumateng Allah  Ta’ala. Piyambakipun nyambut damel ing alam donya, nanging nindakaken pandamelan maksiat lan sedaya pendamelan ingkang Allah boten ridha, sahingga pungkasanipun dipunlebetaken ing Neraka ingkang latunipun mulat-mulat, mbakar lan musnahaken.
Ing alam donya punika, kathah tiyang ingkang nyambut damel lan ngibadah kanti susah payah ngupados ganjaran, hananging kanthi keyakinan lan kapitadosan ingkang sasar, ngibadah kanthi cara ingkang salah, nyambut damel kanthi ngaya, nanging pungkasipun mlebet Neraka. Piyambakipun boten marem dhateng dhawuhipun Allah SwT. lumantar Rasul-Ipun, lajeng damel tata cara ingkang cengkah lan bènten kaliyan Al-Qur’an lan As-Sunnah. Kasunyatanipun taksih kathah tiyang Islam ingkang salah mahami agami Islam. Allah SwT. dhawuh:
قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْأَخْسَرِينَ أَعْمَالًا,(103) الَّذِينَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَهُمْ يَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ يُحْسِنُونَ صُنْعًا,(104) أُولَئِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ وَلِقَائِهِ فَحَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَزْنًا.(105). 
“Dhawuha sira!: “Apa toh bakal Ingsun paring pangertèn marang sira ngenani wong-wong kang banget rugi (saking) kelakuwané? [103]. Hiya iku wong-wong kang wis muspra tumindaké sajroné urip  ana alam donya iki, sedheng dhèwèké kabèh padha ngira yèn dhèwèké kabèh wis padha  nglakoni saapik-apiké [104].  Dhèwèké kabèh iku wong-wong padha kafir (ngingkari) ing atasé ayat-ayaté Pangérané dhèwèké kabèh lan (kufur ing atasé)  sapatemon karo Panjenengané (Gusti Allah), mula banjur sirna amalan-amalané dhèwèké kabèh, lan Ingsun ora bakal ngregani/nggatèkaké tumrap (amalan) dhèwèké kabèh ana ing dina Kiyamat. (QS. Al-Kahfi [18]:103-105).
Para sadhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sanès kathahing amal ingkang dipunkersakaken dening Allah Ta’ala, hananging ingkang dipunkersakaken Allah Ta’ala, amal punika leres punapa klèntu. Wonten 2 (kalih) syarat dipuntampinipun amal, inggih punika ikhlas lan leres (mutaba’ah). Ikhlas tegesipun ngamal kanggé Allah Ta’ala, lajeng ingkang kanti bener tegesipun cocok kaliyan sunnahipun Rasulullah saw. Awit saking punika, sumangga kita amal kanthi sahé lan leres. Kanti cara sinau agami supados mangertosi syari’at agami ingkang dipunkersakaken dening Allah SwT.
Sedhèrèk kula ingkang tansah winengku ing karaharjan, boten sadaya tiyang ing Neraka punika tiyang-tiyang ingkang selaminipun wonten ing alam donya remenipun tumindak maksiat, kecanduan narkoba, korupsi, tumindak zina, lan sapanunggalanipun. Kasunyatanipun penghuni Neraka punika wonten ingkang sregep ngibadah, sregep ngamal, malah kapara ngantos kesayahan anggènipun ngamal,  hananging anggènipun ngamal lan ngibadah punika kalebet ngamal ingkang klèntu lan sasar.
Kita sadaya sampun hanggadhahi pawitan iman, kantun saatipun kita mbudi daya amrih amal kita dipuntampi Allah Ta’ala. Mbudi daya supados amal ingkang dipuntindakaken punika kalebet amal ingkang leres. Leres jumbuh kaliyan criteria ingkang sampun dipun-garisaken dening syari’at.
Mugi-mugi sadaya amal ibadah kita dipuntampi déning Allah Ta’ala, lan kita dipun tebihaken saking amal-amal ingkang muspra.  
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 050716, 07.15)=-

No comments:

Post a Comment