Friday, September 30, 2016

BANDHA HARAM DIPUNPIKOLÈH SAKING KEDZOLIMAN



BANDHA HARAM DIPUNPIKOLÈH SAKING KEDZOLIMAN

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga kita ing wekdal punika  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad salallahu ‘alaihi wasalam ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Sedaya syari’at agami samawi ngaramaken kedzoliman, lan majibaken keadilan. Dzolim asalipun saking basa Arab ingkang tegesipun ndèlèhaken barang wonten ing sanès papan panggènamipun. Miturut makna istilah dzolim tegesipun nindakaken awisan saha nilar dhawuhipun  Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Pramila saben-saben pandamelan ingkang nerak ugeran syari’at dipunsebat tumindak dzolim, lan kalebet tumindak dzolim ugi inggih punika nambah utawi ngirangi syari’at ingkang sampun dipuntetepaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun ngutus para Rasul lan maringi tuntunan syari’at ingkang kaweca wonten ing Kitab-Ipun supados hanjejegaken keadilan tumrapipun hak Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hakpiun tiyang saha hakipun sesami ngagesang.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
لَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلَنَا بِالْبَيِّنَاتِ وَأَنْزَلْنَا مَعَهُمُ الْكِتَابَ وَالْمِيزَانَ لِيَقُومَ النَّاسُ بِالْقِسْطِ وَأَنْزَلْنَا الْحَدِيدَ فِيهِ بَأْسٌ شَدِيدٌ وَمَنَافِعُ لِلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللَّهُ مَنْ يَنْصُرُهُ وَرُسُلَهُ بِالْغَيْبِ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ عَزِيزٌ.
‘Satemené Ingsun wus ngutus rasul-rasul Ingsun kelawan nggawa bukti-bukti kang cetha lan wus Ingsun turunaké Al-Kitab bareng-bareng dhèwèké kabèh lan teraju (keadilan)  supaya manungsa bisa nandangi keadilan. Lan Ingsun gawé wesi kang ing dalem wesi iku ana pakuwatan kang gedhé lan pira-pira paedah kanggo manungsa, (supaya dhèwèké kabèh migunakaké wesi iku) lan supaya Allah mirsani sapa kang nulungi (agama-Nè) penjenenganè lan rasul-rasul-É, ing mangka Allah Maha Kuwat tur Maha Prakosa)” (QS. Al-Hadiid [57]: 25(.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Kalebet haram hukumipun manawi satunggalipun tiyang dzolimi dhateng tiyang sanès sanajan ingkang dipundzolimi punika tiyang-tiyang non muslim.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ بِالْقِسْطِ وَلا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَى أَلا تَعْدِلُوا اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَى وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ.  
“Hé wong-wong kang padha iman, sira supaya bisa dadi golongané wong-wong kang padha janjèkaké (perkara kang bener) kerana Allah,  dadiya seksi kang adil. Lan aja nganti gethingira marang sawijiné kaum kuwi ndadèkaké  sira ora dadi tumindak adil. Padha tumindak adhila, amarga tumindak adil kuwi bisa marekaké marang takwa. Lan padha pasraha marang Allah, satemené Allah kuwi Maha Mirsani marang apa waé kang sira lakoni.” (QS. Al-Maidah [5]:8).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Mu’amalat ingkang dipunharamaken Allah Subhanahu wa Ta’ala punika jalaran wonten unsuripun kedzoliman, ing antawisipun; sadé barang najis, sadé barang  ingkang asalipun barang dipunharamaken, monopoli, korupsi, kolusi,  penipuan, pemalsuan merk dagangan lan sanès-sanèsipun.
Wondéné kedzoliman dhumateng hak-hakipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ing antawisipun inggih punika bandha ingkang campur kaliyan hakipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang boten dipunbayaraken, kados zakat ingkang boten dipunbayaraken. Tumindak punika kelebet satunggalipun kedzoliman dhumateng hak-ipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan bandha punika kelebet bandha haram ingkang kedah dipunbayaraken kanthi cepet.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Islam dhateng kanthi bekta syari’at ingkang tumuju dhumateng para tiyang ingkang wajib zakat supados nindakaken kuwajiban zakat minangka salah satunggalipun rukun Islam, saha paring ancaman ingkang awrat dhumateng para tiyang ingkang bangkang boten kersa ngedalaken zakat. Kalebet dzolim dhumateng kaum dzu’afa’ ingkang boten wanton mendhet bandha ingkang dipungenggem lan dipunasta déning tiyang-tiyang ingkang sugih.
Kalebet kedzoliman ingkang sanget ageng inggih punika manawi wonten kaum fakir miskin tilem kanthi padharan ingkang kosong, lan badan boten manganggé ageman, ateges blogèg utawi boten klambèn. Kamangka Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring panutan  dhumateng para tiyang-tiyang ingkang sugih wonten ing sakiwa tengenipun para kaum fakir supados hanyekapi kebetahan pokokipun para kaum fakir. Éwa semanten para tiyang-tiyang kasebat boten kersa bayaraken zakatipun.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Kanthi katerangan singkat kasebat ing nginggil, pramila sampun cetha lan gamblang bilih zakat ingkang boten dipunbayaraken mujudaken bandha haram, sebab bandha haram punika badhé ngregeti lan kepara malah badhé musnahaken bandha lan badhé campur kaliyan bandha ingkang boten dipunbayar zakatipun.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Bandha haram punika kedah dipunresiki kanthi cara ngétang zakatipun jumbuh kaliyan jenis bandha adhedhasar panutan syari’at babagan zakat. Manawi bandha kasebat taksih dipunmiliki, pramila wajib dipundalaken kanthi sacepetipun, lan sasampunipun mertobat dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala saha janji boten badhé hamangsuli, lan ugi hanggetuni tumindakipun.
Manawi wonten tiyang wajib zakat kamangka dèrèng ngedalaken bandha haram punika, pramila dados kewajibanipun ahli warisipun ngedalaken zakat wonten ing tahun-tahun ingkang sampun, sadèrèngipun bandha kasebat dipunparingaken dhumateng para ahli warisipin. Gegayutan kaliyan bandha warisan punika Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh kasebat wonten ing Al-Qur’an surat An-Nisa [4]:11 ingkang tegesipun makaten:
يُوصِيكُمُ اللَّهُ فِي أَوْلَادِكُمْ ۖ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنْثَيَيْنِ ۚ فَإِنْ كُنَّ نِسَاءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۖ وَإِنْ كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۚ وَلِأَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ إِنْ كَانَ لَهُ وَلَدٌ ۚ فَإِنْ لَمْ يَكُنْ لَهُ وَلَدٌ وَوَرِثَهُ أَبَوَاهُ فَلِأُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَإِنْ كَانَ لَهُ إِخْوَةٌ فَلِأُمِّهِ السُّدُسُ ۚ مِنْ بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِي بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۗ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ لَا تَدْرُونَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۚ فَرِيضَةً مِنَ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا.
“Allah iku wus préntah marang sira kabèh ngenani urusané anak-anak ira kabèh (kang ditinggal mati déning wong tuwané) hiya iku: bagéyané anak lanang siji padha karo bagéyané anak wadon loro; lan kalamun anak iku kabèh wadon luwih saka loro, mula dhèwèké iku éntuk bagéyan rong protelan sangka bandha tinggalan; kalamun anak wadon iku mung siji waé, mula dhèwèké éntuk bagéyan separoné bandha. Lan kanggo wong tuwa loro ibu bapa, mula kabèh-kabèhé éntuk bagéyan sapranem sangka bandha kang ditinggalaké, kalamun kang mati iku duwé anak. Kalamun kang mati ora duwé anak, lan dhèwèké diwaris déning ibu-bapaké wahé, mula ibuné éntuk bagéyan sapratelon (sisané kanggo bapa kabèh). Kalamun kang mati mau duwé sadulur-sadulur, mulané ibuné éntuk sapranem, (sisané kanggo bapa). (Pembagiyan-pembagiyan kasebut ing dhuwur iku) sawisé ngleksanakaké wasiyaté mayit ngenani kanggoné bandha utawa (lan) sawisé ginawé nyaur utangé (mayit). Ngenani wongtuwanira lan anak-anakira, sira kabèh ora bisa mangertèni sapa ing antarané dhèwèké kabèh kang luwih apik (akèh) manfaaté tumrapira. Hiya iku katetepané sangka ngarsané Allah. Sejatiné Allah iku Dzat kang Mirsani tur Maha Wicaksana.” (QS.An-Nisa [4]:11).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Ayat kasebat paring katerangan bilih warisan punika saged dipundum sasampunipun dipunbayaraken utang-utang si mayit. Zakat punika kalebet utang si mayit dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang wajib dipunbayaraken dhumateng fakir miskin lan asnaf sanès-sanèsipun. Bandha punika kalebet bandha ingkang dipunpikoléh saking bandha haram.
Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring pitedah saha pitulungan dhumateng kita sahingga kita dipuntebihaken mikoléh saking  bandha-bandha haram.
Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 130916, 08.45)=-


No comments:

Post a Comment