Friday, September 30, 2016

TANGGAP WARSA HIJRIYAH 1438H



TANGGAP WARSA HIJRIYAH 1438H

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ: يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng Panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Boten dangu malih kita umat Islam badhé gantos warsa énggal 1438H. cethanipun Insya Allah tanggal 01 Muharram 1438H dhumawah dinten Ahad Kliwon tanggal 02 Oktober 2016M ingkang badhé dhateng.
Mapag warsa énggal Hijriyah punika boten wonten tuntunanipun ingkang gumathok dénng Rasululullah sallallahu ‘ali’aihi wasalam. Lan manawi wonten  tuntunanipun saking Rasulullah sallallahu ‘aliahi wasalam mesthi kémawon para shahabat, para tabi’in lan para ulama salaf sapungkuripun  sampun mèngeti lan meriahaken. Hananing  ingkang kedah kita émut-émut punika kanthi tambahing wekdal kita samsaya caket ugi kaliyan maut utawi pejah.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Wonten ing satunggalipun mahfudzad (kata mutiara) ingkang pantes kita galih lan kita angen-angen inggih punika makaten ungelipun:
“Lamun sira ora mangerti sing mbok arep tandangi ana ing wektu ésuk,  mula luwih becik sira mati ana ing wektu bengi iki uga.”
Wonten ing kawitan warsa énggal punika prayogi kita sampun hanggadhahi program (rencana) ingkang badhé  kita tindakaken wonten ing saben-saben dhetikipun, sahingga wonten ing pungkasanipun warsa 1438H mangké kita saged mengévaluasi sapinten target ingkang kita programaken punika saged kita tindakaken.
Mengévaluasi hasil anggén kita nyambut damel punika mujudaken sapérangannipun saking  nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, kados dhawuh-Ipun:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
“Hé wong-wong kang padha iman, padha taqwaha  marang Allah lan prayoga saben awak-awakan migatèkaké apa kang wus dilakoni kanggo dina mburi (akhirat), lan padha taqwaha marang Allah, satemené Allah Maha Pirsa kalawan apa wahé kang sira kabéh padha nglakoni.” (QS. Al-Hasyr [59]: 18).
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Kados umpaminipun, wonten ing warsa énggal 1438H punika kita nargètaken apal 1 juz saking juz 30 Al-Qur’an. Pramila kita kedah sampun hanggadhahi program, saben-saben dintenipun kita kedah sampun apal pinten ayat. Lan pinten menit saben dintenipun kita kedah hanyisihaken wekdal kanggé apalan lan wonten wekdal punapa kita kedah apalan lan tilawah.
Kita kedah tertib lan disiplin wekdal anggèn kita tahfidz lan muroja’ah saben dintenipun. Kita ugi kedah émut wekdal-wekdal ingkang kapengker, punapa wonten wekdal ingkang kléwatan boten tahfidz lan muroja’ah. Kita kedah mangertos punapa sebabipun boten tertib lan disiplin apalan lan muraja’ah.
Kita kedah tertib lan disiplin kados displin lan tertibipun para pengidhap penyakit TBC (Tuber Colusis utawi Batuk Berdarah) anggénipun ngunjuk obat.
Wonten wekdal ingkang sampun sakit TBC (Batuk Berdarah) dipunanggep satunggalipun penyakit ingkang boten saged dipunmantunaken lan boten saged dipunobati.
Hananging wonten ing wekdal samangké penyait TBC punika boten angel utawi sulit kanggé ngobati kanthi tuntas, manawi ingkang sakit kersa  ngunjuk obat kanthi tertib lan disiplin. Tiyang ingkang sakit TBC manawi kersa ngunjuk obat kanthi  disiplin wekdal routin 6 wulan laminipun saben dinten kanthi jadual wekdal ingkang sampun dipunjadualaken kanthi ridhonipun Allah Subahanhu wa Ta’ala tiyang sakit TBC saged dipunmantunaken kanthi tuntas.
Kanggé njagi tertib lan disiplin wekdal prayogi sadaya kulawarga kedah hanyengkuyung supados anggènipun ngunjuk obat saged ajeg. Jalaran manawi sapindhah kémawon boten tertib, tiyang ingkang sakit TBC kasebat kedah mangsuli saking nol malih.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Wonten mahfudzat malih ingkang dipunaturaken Tsun Zu, satunggalipun Jendral Perang ingkang misuwur ing legenda Tiongkok:
“Lamun sira paham rencanamu lan memahami rencanané musuhmu, mula sira bakal bisa menangaké saben-saben peperanganmu. Lamun sira paham rencanamu nanging ora memahami rencanané musuhmu, mula peluangmu menang padha gedhéné karo peluang kalahmu. Lamun sira ora memahami rencanamu lan ora memahami rencanané musuhmu, mula sira bakal kalah ana saben-saben peperanganmu.”
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Awit saking punika, mumpung kita taksih wonten ing awal warsa 1438H, wonten sahénipun manawi kita hanyobi muhasabah, ngawontenaken évaluasi kegagalan lan kasuksesan kita wonten ing warsa ingkang kapengker (1437H) ngiras pantes kita hangrencanakaken langkah-langkah wonten ing warsa samangké.
Tanpa rencana / program ingkang mateng, peluang sukses kita mesthi namung alit, lan saged ugi kita badhé gagal total, kita badhé gragapan, o… wis ganti tahun,  o … wis wektu ‘Ashar,  o … wis samsaya tuwa  wis gak bisa ngapa-ngapa, wis budheg,  wis loyo, wis ora bisa maca.
Kita sampun nglirwakaken wekdal ingkang sampun dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan kita sampun mbucal wekdal lan kasempatan ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala. Jalaran pungkasanipun hanamung hanggetuni wekdal ingkang sampun kalampahan. Kita pungkasanipun dados tiyang ingkang kapitunan ing alam donya lan alam akhirat.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Ing wasana sumangga kita ginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika 365 dinten saben satunggal tahunipun, 24 jam saben satunggal dintenipun, lan 60 menit saben-saben jamipun, kanthi program ingkang sahé lan boten supé kita nyadhong pitulungan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi ing pungkasanipun warsa 1438H kita dipunparingi suksés, widada, nir rubéda, nir sambikala.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 220916, 16,13)=-



Khutbah 2
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا,مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. قَالَ اللهُ تَعَالى فِيْ الْقُرأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.  
وَقَالَ اَيْضًا: إِنَّ اللهَ وَمَلَئِكَتَهُ يُصَلُوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِمُ تَسْلِمًا. الَلَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمُ عَلَى مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.  
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وصلى الله على نبينا محمد وعلى اله وصحبه أجمعين.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ, اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ, وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 220916, 23)=-



No comments:

Post a Comment