Monday, June 11, 2018

TUJUWAN GESANG MANUNGSA


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ يَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakumullah,
Wonten ing wekdal ingkang éndah punika sumangga kita ningkataken keimanan lan ketaqwaan kita kanthi nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala saha hanebihi sadaya awisan-Nipun. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan begya mulya donya lan akhirat.

Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita  Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, dhumateng para kulawarga lan para shahabatipun, saha dhumateng para pendhѐrѐkipun ingkang istiqamah dhѐrѐk sunnah-sunnahipun, lan in sya Allah kalebet dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken manungsa punika kadhawuhan ngibadah hanamung dhateng Penjenenganipun, lan boten dhateng sanѐs-Ipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
Tegesipun: “Lan Ingsun ora nggawé jin lan manungsa kejaba supaya dhѐwѐké kabѐh padha nyembah marang Ingsun”. (QS. Az-Zariyat [51]:56).
Ayat kasebat mengku pangertosan bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken jin lan manungsa punika boten wonten sanѐs kajawi hanamung kadhawuhan manyembah lan ngibadah dhumateng Penjenenganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Dados manawi wonten tiyang ingkang boten ngibadah punika kalebet medal saking fitrahipun, saha cengkah saking tujuwanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken manungsa. Pangertosan punika dipunmangertosi saking huruf -lam lil ghoyyah- (للغية) ing kalimat –liya’buduni  (ليعبدون)- ingkang tegesipun –tujuwan- , inggih punika tujuwan panitahan.
Tujuwanipun manungsa dipuntitahaken Allah Subhanahu wa Ta’ala boten wonten sanѐs hanamung supados ngibadah. Kanthi tembung sanѐs bilih kita gesang ing alam donya punika boten lelahanan, hananging gesang kita kanggé ngibadah.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Ibadah miturut Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah rahimahumullah inggih punika sebatan ingkang nyakup sadaya punapa kémawon ingkang dipuntrisnani lan ingkang dipunridhai Allah Subhanahu wa Ta’ala, sahé punika awujud ucapan utawi ngamal pendamelan, ingkang dzahir utawi ingkang  bathin.

Ibadah punika kapérang dados ibadah ati, lisan, lan anggota badan. Raos ajrih (khauf), ngarep arep (raja’), katergantungan (tawakal), seneng (raghbah) punika ibadah qalbiyah (ingkang gegayutan kaliyan ati (manah), Lajeng shalat, zakat, haji, lan jihad punika kalebet ibadah badaniyah qalbiyah (fisik/anggota badan lan ati/manah). Saha taksih kathah malih ibadah ingkang gegayutan kaliyan ati, lisan , lan badan.

Ibadah punika ingkang dados tujuwan panitahanipun manungsa kados ingkang kasebat wonten ing ayat 56 surat Az-Zariyat kasebat nginggil kala wau.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Allah punika Maha Sugih, boten hambetahaken ibadahipun para kawula, hananging para kawula punika ingkang hambetahaken Allah Subhanau wa Ta’ala. Awit saking katergantunganipun para kawula dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Pramila para kawula anggѐnpun manyembah ngibadah dhateng Allah kanthi jumbuh kaliyan tata aturan lan syari’atipun Allah SSubhanahu wa Ta’ala. Tiyang ingkang nolak lan mbangkang ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambakipun kalebet gumedhé utawi sombong. Sintena tiyang ingkang menyembah lan ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi syari’at sanѐsipun, pramila piyambakipun kalebet Mubtadi (pelaku bid’ah). Lan sintena tiyang ingkang manyembah lan ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi syari’atipun pramila piyambakipun kelebet Mukmin Muwahhid (tiyang ingkang ng-Esa-aken Allah).

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Sumangga kita dadosaken sadaya pendamelan kiya saben dintenipun punika amrih kacatet lan dados ngamal ibadah. Wiwit wungu saré dumugi saré malih. Kita mlebet pakiwan utawi jamban (WC) kita kanthi niyat lan cara ngibadah; tegesipun kita mlebet jamban kanthi suku kiwa, medal jamban kanthi suku tengen, lan kanthi maos donga mlebet lan medal WC. Kita turas / toyan / nguyuh kanthi ndhodhok lan dhѐhѐm –dhѐhѐm. Kados makaten kala wau kalebet ngibadah.  Ngagem busana, ngrumiyinaken tangan tengen mlebet lengen tengen, lan tangan kiwa mlebet lengen kiwa. Ugi kalebet ngibadah. Semanten ugi ngagem sandhal inggih kados makaten. Sadaya tradisi utawi kabiyasaan  ingkang sahé tur boten cengkah kaliyan syari’at agami kita amalaken kanthi cara ngibadah dados amalan ibadah. Kados gugur gunung resik-resik margi ing kampung dados amal ibadah. Makaten sapanunggalanipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Makaten tujuwan kita gesang ing alam donya punika boten wonten sanѐs hanamung hanggadhahi kuwajiban ngibadah dhateng Allah Ta’ala. Kita ngibadah kantbi niyat ingkang ikhlas lan katindakaken kanthi manut tuntunan Allah lan Rasul-Ipun ingkang kaserat wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah. Mugi sadaya pangibadahan kita katampi wonten ngarsanipun Allah Subahanu wa Ta’ala. Amin yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 280418, 10.28)=-

No comments:

Post a Comment