اَلسَّلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ الّذِيْ خَلَقَ الْمّوْتَ وَالْحَيَوةَ لِيَبْلَوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ
عَمَلاً.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ
اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:
فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْ بِنَفْسِيْ وَإِيَّكُمْ بِتَقْوَى اللهِ, فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ
تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا
اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْن.
Jama’ah sidang Jum’ah
ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hamiwiti khutbah Jum’at
punika, kula ngajak dhumateng kula piyambak ugi jama’ah sadaya sumangga kita
tansah syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya nikmat ingkang
tansah kaparingaken dhumateng kita. Boten supé sumangga kita tansah nambahi
iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala amrih iman lan taqwa
kita tetep istiqamah ngantos kita sowan dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa
ta’ala. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi kita
Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun paring tuntunan gesang
dhumateng kita amrih gesang kita begya mulya donya lan akhirat.
Jama’ah sidang Jum’ah
ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
TAQWA punika asalipun
saking basa Arab, miturut makna lughat (basa) tegesipun hanjaga awak saking
siksanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika kanthi handhѐrѐk sadaya
dhawuh-Ipun saha hanebihi sadaya awisan-Ipun; (Imtitsalu awamirillah
wajtinabu nawahihi).
Taqwa (takwa), punika
tembung asalipun; waqa – yaqi – wiqayah, tegesipun njaga, inggih punika njagi
awak amrih wilujeng donya saha akhirat. Tembung Waqa ugi nggadhahi teges
hangayomi satunggalipun barang utawi perkawis, inggih punika hangayomi saking
samukawis barang ingkang hambebayani saha perkawis ingkang ndadosaken tuna
(rugi).
Iman Ibnu Qayyim al-Jauziyyah ngendika, bilih taqwa
ingkang hakiki punika taqwa wonten ing manah, lan sanѐs taqwa wonten ing
anggota badan kémawon. Piyambakipun ngendika bilih ѐstunipun satunggalipun
kawula punika hanamung saged pikantuk ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala
kanthi manah, sedya ingkang kekeh, boten namung sakedar anggota badanipun
kémawon. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
ذَلِكَ وَمَنْ
يُعَظِّمْ شَعَائِرَ اللَّهِ فَإِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوبِ
Tegesipun: “Kaya mengkono iku
(printah Allah), lan sapa wongé ngagungaké syi’ar-syi’ar Allah, mula satemené
iku tuwuh saka taqwané ati”. (QS. Al-Hajj [22]: 32).
Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi dhawuh
wonten ing ayat sanѐs makaten:
لَنْ يَنَالَ
اللَّهَ لُحُومُهَا وَلا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ.
Tegesipun: “Daging-daging unta lan
getihé iku babar pisan ora bisa mekoléh (karilaané) Allah, ananging ketaqwaan
kang saka sira kabѐh iku kang bisa mekoléh karilaané Allah”. (QS. Al-Hajj
[22]: 37).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam ngendika:
اَلتَّقْوَى
هَهُنَّا. وَيَشِيْرُ إِلَى صَدْرَهُ ثَلَاثَ مَرَاتٍ.
Tegesipun: “Taqwa iku
(panggonané) ana kéné, lan Panjenengané (Rasulullah) nuduhaké marang dada (ati)
Panjenengané kaping 3 (telu)”.
Imam Nawawi nalika nerangaken makna hadits kasebat ing
nginggil, panjenenganipun ngendika: “Tegesipun: “Satemené amal penggawéyan kang
katon ana anggota badan iku ora mesthi nuduhaké anané taqwa kang hakiki ana ing
sawijining wong. Ananging, taqwa kang sabeneré iku kawujud ana ing sajroné ati
manungsa, awujud pangagungan, rasa wedi lan tansah ngrasakaké pangawasané Allah
Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah sidang Jum’ah
ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
TAQWA ingkang hakiki kados ingkang kasebat ing nginggil cetha
sanget, jalaran ngamal ingkang ketingal anggota badan punika boten mesthi
hanamung katujukaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados tiyang-tiyang
munafiq iang zaman Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, piyambakipun
ngetingalaken Islamipun secara lahir, kanthi tujuan amrih piyambakipun pikantuk
pangayoman saking kaum Muslimin, kamangka jroning manah kasimpen kekafiran lan
kabencian dhateng agami Islam. Allah
Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إِنَّ
الْمُنَافِقِينَ يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْ وَإِذَا قَامُوا إِلَى
الصَّلاةِ قَامُوا كُسَالَى يُرَاؤُونَ النَّاسَ وَلا يَذْكُرُونَ اللَّهَ إِلَّا
قَلِيلاً.
Tegesipun: “Satemené wong-wong
munafiq kuwi padha nipu Allah, lan Allah bakal mbales tipuwané. Lan nalikané
dhѐwѐké ngadeg arep shalat dhѐwѐké krasa
aras-arasen. Dhѐwѐké mau nduwѐni karep riya’ (kanthi nglakoni shalat) ing
ngrepé wong liya. Lan dhѐwѐké ora naté nyebut Allah kajaba mung sethithik wahé
(maksudé dhѐwѐké ngelakoni shalat namung kala-kala wahé yѐn dhѐwѐké ana ing
sandhingé wong liya)”. (QS. An-Nisa’ [4]:142).
Makaten kawontenipun tiyang anggѐnipun ngamalaken agami
Islam secara lahir, boten sadaya kanthi tujuwan pados ridhanipun Allah Ta’ala.
Malah wonten sapérangan tiyang anggѐnipun ngamalaken agami Islam punika namung
nalika manawi wonten manfa’atipun pribadi, lan nalika dipunraosaken boten
wonten manfa’atipun lajeng mléngos lan nilaraken agami Islam.
Inggih tiyang-tiyang kados makaten punika ingkang
dipunkersakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an:
وَمِنَ النَّاسِ
مَنْ يَعْبُدُ اللَّهَ عَلَى حَرْفٍ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ
وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انْقَلَبَ عَلَى وَجْهِهِ خَسِرَ الدُّنْيَا
وَالْآخِرَةَ ذَلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ.
Tegesipun: “Lan ing
antarané manungsa ana wong kang nyembah
Allah kanthi minggir-minggir (ora kanthi kebaké kapitayan/keyakinan), mula
nalikané dhѐwѐké merkolѐh kabagusan dhѐwѐké ngrasa anteng ana ing kahanan iku,
lan kalamun nandhang sawijiné pacoban, dhѐwѐké banjur kuwalik rahiné (bali
kafir manѐh). Dhѐwѐké ngalami karugѐn ana ing donya lan akhérat. Kang mengkono
iku, wujudé karugѐn kang cetha“. (QS. Al-Hajj [22]:11).
Ayat kasebat mengku teges bilih tiyang munafiq punika
anggѐnipun ngrasuk agami Islam boten sawetahipun, hananging namung lamisan kémawon.
Manawi piyambakipun pikantuk punapa ingkang dipunkajengaken piyambakipun badhé
anteng, hananging manawi boten kadumugѐn pikajengipun lajeng malik tingal,
ingkang ateges murtad dados kafir malih.
Jama’ah sidang Jum’ah
ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing
Al-Qur’an:
الَّذِينَ
يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ
وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ
Tegesipun: (hiya
iku) wong-wong kang nyedhekahaké (bandhané), padha uga ing wektu kejembaran
utawa ing wektu karupekan, lan wong-wong kang ngempet uring-uringé, lan
wong-wong kang ngapura (kaluputané liyan). Allah seneng marang wong-wong kang
kang agawé kabecikan”. (QS. Ali Imran [3];134).
Ayat
kasebat mujudaken gambaran satunggalipun tiyang ingkang pengamalan taqwanipun
hakiki, jalaran anggѐnipun ngamal mligi hanamung pados ridhanipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala, boten kanggé hanyekapi kabetahipun pribadi lan nuruti hawa
nafsu. Tigang pengamalan punika; infaq / shodaqah nalika jembar saha rupeg,
ngempet boten duka ngumbar hawa nefsu, kamangka wonten kasempatan duka, paring
pangapunten dhateng tiyang ingkang tumindak lepat dhumateng kita. Sadaya punika
mujudaken pengamalan ingkang sumberipun saking ketaqwaan hati, kalis saking kabetahan
pribadi saha nuruti hawa nefsu.
Jama’ah sidang Jum’ah
ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Makaten menggah sawatawis pangertosan TAQWA
ingkang saged kula aturaken wonten ing kasempatan khutbah ing wekdal punika.
Mugi dados kawigatosan kita, bilih taqwa punika wonten manah, tegesipun wonten
ing ati boten ing tata lahiripun. Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé Mirsani lan badhé paring Pangalembana sadaya lumantar krenteging manahipun tiyang.
Ing wasana sumangga kita nyuwun pangreksa dhumateng
Allah Subhanahu wa Ta’ala mugi kita dipunparingi kiyat iman saha taqwa kita
dhumateng Allah Ta’ala kanthi hakiki, lan dipuntebihaken saking sifat Munafiq.
Tiyang ingkang hanamung lamisan keimananipun. Mugi-mugi gesang kita tansah
pinaringan begya donya saha akhérat.
Amin yaa Rabbal ‘Alamin
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ
كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 180418, 16,52)=-
No comments:
Post a Comment