Monday, June 11, 2018

NGIBADAH SAPUNGKURIPUN RAMADHAN


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wasiat taqwa asring kita midhangetaken, paling boten saben dinten Jum’at khatib tansah ngémutaken supados kita nambah taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Hananging raosipun lan katingalipun namung sakedhik sanget ingkang saged nyénggol ing manah nggatosaken ajakan kasebat. Utawi wonten ingkang handhѐrѐk ajakan kasebat hananging tansah kandhas wonten ing satengahing marga, jalaran kapѐncut bujukan lan pangridhunipun syéthan, sahingga dados tiyang munafiq.
Sumangga kita hanyenyuwun dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala mugi-mugi kita istiqamah saged hangreksa iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ngantos bénjang sowan ngarsan-Ipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Dinten Riyadi Idul Fitri 01 Syawwal nembé kémawon kita lampahi kanthi suka renaning penggalih lan kebak syukur dhateng ngarsanipun Allah Subhanhu wa Ta’ala, jalaran sampun kita rampungaken pangibadahan shiyam Ramadhan salebetipun satunggal wulan natas. Sadaya kita lampahi kanthi tulus ikhlas namung nyadhong ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Salaminipun wulan Ramadhan kita manfa’ataken kanggé nambah kwalitas dhiri. Mugi-mugi sadaya pangibadahan kita pikantuk hasil, saged nambah ketaqwaan kita dhateng Allah Subhanhu wa Ta’ala. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ngamal ingkang sahé punika ngamal ingkang ajeg (istiqamah) katindakaken sanajan namung sakedhik gunggungipun.  Rasulullah shallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ.
Tegesipun: ”Amalan kang banget disenengi déning Allah Ta’ala yaiku amalan kang ajeg (kontinu), sanajan iku sathithik”. (HR. Muslim No.:783, saka ’Aisyah –radhiyallahu ’anha).
Sapungkuripun wulan Ramadhan wonten amal ibadah ingkang kedah kita lajengaken malah kapara boten dipuntilar. Amal ibadah ingkang kedah dipunlanggengaken ing antawisipun, inggih punika:
1.      Qiyamul Lail: Qiyamul Lain kasebat ugi Tahajud, lan ugi kasebat Tarwih manawi ing wulam Ramadhan prayogi katindakaken kanthi wigatos, jalaran lumantar shalat tahajud punika Allah Subhanhu wa Ta’ala badhé paring kanugrahan ingkang ageng. Allah Subhanhu wa Ta’ala paring derajat ingkang pinuji, paring solusi sadaya perkawis gesanging manungsa. Allah Subhanhu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-Isra’ [17] ayat 79-80:

وَمِنَ اللَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهِ نَافِلَةً لَكَ عَسَى أَنْ يَبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَحْمُودًا (٧٩) وَقُلْ رَبِّ أَدْخِلْنِي مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنِي مُخْرَجَ صِدْقٍ وَاجْعَلْ لِي مِنْ لَدُنْكَ
سُلْطَانًا  نَصِيرًا  (٨٠)
Tegesipun: “Lan ana ing sapérangané wengi shalata Tahajud sira minangka sawijining ngibadah tambahan tumrap sira; muga-muga Pengéran ira ngangkat sira ing derajat kang pinuji [79], Macaha sira (Muhammad): “Dhuh Pengéran kula, mugi Panjenengan nglebetaken kula sarana mlebet ingkang leres (mlebet Madinah) lan mugi Penjenengan ngedalaken kula (saking Mekah) sarana  medal ingkang leres, lan mugi Penjenengan paring saking ngersa Penjenengan kanggé kula kekiyatan ingkang mitulungi”. (QS. Al-Isra’ [17]:79-80).
2.      Shiyam/pasa; Shiyam (wajib/sunnah) punika dados tamѐng tumindak ingkang boten prayogi; keji lan mungkar ingkang boten nyocoki kaliyan pranatan agami. Shiyam ugi dados tamѐng saking bentѐripun latu Neraka. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
اَلصِّيَامُ جُنَّةٌ.
Tegesipun: “Pasa (Shiyam) iku  tamѐng”. (HR. Bukhari lan Muslim).
Shiyam ingkang dipunsunnahaken ing antawisipun inggih punika:
2.1.           Shiyam/pasa 6 (enem) dinten salebetipun wulan Syawwal.
2.2.           Shiyam/pasa Nabi Dawud; sadinten pasa lan sadinten buka (boten pasa).
2.3.           Shiyam/pasa dinten Senin lan dinten Kamis.
2.4.           Shiyam/pasa Wulan Sya’ban.
2.5.           Shiyam/pasa Muharram lan Wulan-wulan Hurum (inggih punika: Zulkaidah, Zulhijjah, Muharram, lan Rajab).
2.6.           Shiyam/pasa Dinten ‘Asyura lan Tasu’a (tanggal 9 lan 10 Muharram).
2.7.           Shiyam/pasa Dinten ‘Arofah (tanggal 9 Zulhijjah) manawi boten nembé ihram hajji.
2.8.           Shiyam/pasa Yaumul Bi’id (tanggal 13, 14, lan 15 saben wulan Qomariyah).

3.      Shodaqah; Ngamal shadaqah prayogi kita gatosaken sanajan namung sakedhik anggѐn kita ngamal shadaqoh. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
مَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنْبُلَةٍ مِئَةُ
حَبَّةٍ وَاللَّهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Tegesipun: Patuladhan (sedhekah kang kawetokaké déning) wong-wong kang padha nyedhekakahaké bandhané ing dalan Allah iku padha kaya patuladhané segagang winѐh kang nukulaké pitung ulѐn-ulѐn, kang saben-saben ulѐnan ana satus wiji. Allah nikel-nikelaké (ganjaran) tumrap sapa wahé kang dikersakaké Allah. Lan Allah iku Maha Jembar (kanugrahan-É) tur Maha Ngudanѐni”. (QS. Al –Baqarah [2]: 261).
Sedekah punika boten ngirangi bandha, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, makaten:  
مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ.
Tegesipun: “Sedekah iku ora ngurangi bandha”. (HR. Muslim no.2558).
Wonten ing hadits sanѐs dipunsebataken:
أنفقي أَوِ انْفَحِي ، أَوْ انْضَحِي ، وَلاَ تُحصي فَيُحْصِي اللهُ عَلَيْكِ ، وَلاَ تُوعي فَيُوعي اللهُ
عَلَيْكِ
Tegesipun:  “Infaqna bandhamu. Aja sira ngétung-étung (nyimpen tanpa gelem nyedhekahaké). Lamun ora gelem nginfaqaké, mangertiya Allah bakal ngilangaké berkah rizki mau. Aja sira ngalang-ngalangi kanugrahané Allah kanggo sira. Lamun ora (gelem nginfaqaké), mula Allah bakal nahan anugerah lan kamurahan kanggo sira”. (HR. Bukhari no. 1433 dan Muslim no. 1029, 88).
4.      Ta’lim (ngudi ngilmu); Pados seserepan mliginipun ngilmu agami punika boten wonten wekdal kanggé ngaso, paribasanipun. Gegayutan kaliyan Ta’lim (pados seserepan) punika kedah dipunpiji, amrih anggѐn kita gesang lan ngibadah punika saged leres lan jumbuh kaliyan tuntunan syari’at agami. Prayogi nyuwun priksa manawi pancѐn boten mangertos ngilmunipun, jalaran badhé drawasi manawi ngamal boten lelambaran kanthi ngilmu. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَقَدِمْنَا إِلَىٰ مَا عَمِلُوا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنَاهُ هَبَاءً مَنْثُورًا
Tegesipun: “Lan Ingsun ngersakaké niti priksa marang ngamal-ngamal kang dhѐwѐké kabѐh wis nindakaké, banjur Ingsun ndadѐkaké ngamal iku (kaya déné) lebu kang diawur-awurké”. (QS. Al-Furqan [25]:23).
Ayat sanѐs ingkang nunggal makna, Allah Ta’ala dhawuh:
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ (1) وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ (2) عَامِلَةٌ نَاصِبَةٌ (3) تَصْلَى نَارًا حَامِيَةً. (4)  
Tegesipun: “Apa wis teka marang sliramu kabar (ngenani) dinané nampa piwales [1], Rahi-rahiné (wong-wong) akѐh ing dina iku padha tundhuk ina [2], banget kangélan lan payah [3], padha kecemplung ing geni kang banget panasé [4]”. (QS. Al-Ghasyiyah [88]: 1-4).
Awit saking punika poma-dipoma ngamal ngibadah punika kedah lelambaran ngilmu, jalaran ngamal tanpa ngilmu boten badhé dipuntampi déning Allah Ta’ala. Dipun-gambaraken kados lebu ingkang dipunawur-awuraken, babar pisan boten wonten gina lan manfa’atipun.
5.      Silaturrahmi; Nyambung pasedhѐrѐkan (silaturrahmi) punika ageng sanget manfa’atipun. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمِ اْلآخِرِ فَلْيُكْرِمْ ضَيْفَهُ, وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمِ اْلآخِرِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ.
Tegesipun: “Sapa wongé iman marang Allah lan dina akhir, becik dhѐwѐké mulyakaké tamu, lan sapa wongé iman marang Allah lan dina akhir, becik dhѐwѐké nyambung silaturrahmi (paseduluran)”.

Hadits sanѐs ingkang nunggal makna, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
صِلْ مَنْ قَطَعَكَ وَأَعْطِ مَنْ حَرَمَكَ وَأَعْرِضْ عَمَّنْ ظَلَمَكَ.

Tegesipun: “Padha sambungen sira wong kang medhotaké sesambungan karo sira wѐnѐhana marang wong kang ora mѐnѐhi marang sira, lan ungkurana wong kang tumindak dlolim marang sira”. (HR. Ahmad).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi ngendika gegayutan kaliyan silaturrahmi punika kanthi dhawuh pangandikanipun:
مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَجَلِهِ، فَلْيَتَّقِ اللَّهَ، وَلْيَصِلْ رَحِمَهُ.
Tegesipun: “Sapa wongé kang seneng dijembaraké rizkiné, lan didawakaké umuré, becik dhѐwѐké taqwa marang Allah, lan nyambung paseduluran (silaturrahmi)”.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Makaten khutbah Jum’ah ing wekdal siyang punika ingkang saged kula aturaken gegayutan kaliyan pangibadahan sapungkuripun Ramadhan. Mugi-mugi kita saged pinanggih malih wulan Ramadhan tahun ingkang badhé dumugi, kanthi pinaringan séhat wal ‘afiyat. Amin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=[hms, 100618, 16.25]=-

No comments:

Post a Comment