Sunday, August 21, 2016

LINGSEMA DHUMATENG ALLAH KANTHI SALERES-LERESIPUN



السلام عليكم ورحمة الله وبركته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Para Sedhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sadèrèngipun khutbah Jum’ah ing siang dinten punika kawula aturaken dhumateng panjenengan sami, sumangga kita tansah hambudidaya énget dhumateng Allah SwT. lan tansah hambudidaya nambahi ketakwaan kita dhumateng Panjenengan-Ipun. Jalaran hanamung kanthi ènget dhumateng Allah lan takwa dhumateng Panjenengan-Ipun kémawon kita pantes hanggadhahi pangajeng-ajeng dipunpejahaken kanthi kawontenan minangka pejah hangrukebi agami Islam.
Shalawat lan salam mugiya tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., para garwa, kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang handhèrèk dhawuhipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Para Sedhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wonten kisah satunggalipun saudagar kewan kurban gegayutan pengalamanipun. Satungalipun Ibu dumugi wonten ing salah satunggalipun saudagar ménda. Ibu kasebat migatosaken dhumateng salah satunggalipun ménda. Manawi dipunpirsani kawontenanipun kados boten kuwawi tumbas. Hananging tetep kémawon kawula cobi tawi: “Sumangga Bu, kawula aturi mindah ménda pundi ingkang dipunkersakaken”.
Lajeng Ibu kalawau nedahaken salah satunggalipun ménda ingkang paling murah sinambi nyuwun pirsa reginipun: “Manawi ingkang punika reginipun pinten Pak?”. “Ingkang punika reginipun Rp. 2.500.000,00 Bu”, atur kawula.
“Regi pasipun pinten Pak?”. Pitakènipun Ibu kalawau. “Regi pasipun Rp. 2.300.000,00 kémawon lah, Bu.
Regi samanten punika bathi kawula namung sakedhik, nanging inggih sampun ….. sumangga manawi Ibu kersa.”
“Nanging kawula hanamung gadhahi arta Rp. 2.200.000,00 punika kepareng Pak?”. Atur panyuwunipun Ibu.
Waduuuh, kawula lajeng bingung, jalaran samanten punika regi modalipun. Salajengipun kawula rembagan kaliyan kanca kawula ngantos wusananipun ménda dipunaturaken dhumateng Ibu kalawau.
Para Sedhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kawula lajeng ngeteraken ménda kurban kasebat ngantos dumugi dalemipun. Dumugi dalemipun, “Astaghfirullah…, Allahu Akbar  … ,  Laa haula wala quata illa billah …, badan kraos handredheg sadaya, jalaran ningali kawontenan dalemipun Ibu kalawau.
Ketingalipun Ibu kalawau hanamung mapan wonten ing dalem punika tiyang tiga kémawon; ibunipun, lan putranipun wonten ing gubug reyot jogan siti. Lan kawula boten haningali dipan kasur kanggé saré, kursi tamu, punapa malih berkakas lan perabot griya ingkang sahé lan éndah. Punapa malih prabot elektronika ingkang katingal kados umumipun tiyang gesang bale griya.
Ingkang katingal hanamung satunggal dipan kayu tikar pandan, lan bantal satunggal kémawon sampun lungset. Wonten pawon ingkang boten wonten labetipun latu kanggé damel sarapan énjang, lan panci tilasipun sarapan. Kadosipun dhahar namung sapindhah arikala sareng dhahar buka ing wanci sonten. Makaten ugi agemanipun ingkang dipunagem, katingal boten wonten tandha-tandha gantosipun ingkang gumathok.
Sanginggilipun dipan, katingal satunggalipun èyang putri ingkang kero badanipun, lajeng énggal kémawon Ibu matur dhumateng èyang putri kalawau: “Maa…ak, wungu Ma ….ak. Punika lo, panjenengan pirsani, kawula bekta punapa… .?” Aturipun Ibu kalawau dhumateng Emakipun ingkang nembè halelesunan ngantos èyang putri kalawau wungu.
“Ma …ak, kawula sampun numbasaken Emak ménda kanggé kurban, mangké kita teraken dhateng masjid nggih Mak.” Aturipun Ibu kalawau kanthi kebak raos suka ing manah.
Si èyang putri sanget anggènipun kagèt, sanajan katingal suka manahipun, sinambi hangelus-elus ménda, èyang putri kalawau lajeng paring pangandikan:
“Alhamdulillah …. “, “Alhamdulillah …. “ , “Alhamdulillah …. “, akhiré kelakon tenan, aku biso kurban.
Salajengipun Ibu kalawau matur dhumateng saudagar mènda makaten: “Punika Pa …ak artanipun, nyuwun pangapunten nggih manawi kalawau anggèn kawula matur tawi radi kemurahen, inggih jalaran kawula hanamung tiyang juru umbah-umbah wonten ing kampung mriki kemawon. Kawula sangaja niat ngumpulaken arta kanggé tumbas ménda kawula niataken kanggé kurban atas nami Ibu kawula”. Ngendikanipun Ibu kalawau.
Para Sedhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Mireng lan ningali kawontenan dalemipun Ibu punika kalawau, suku punika lajeng handredheg boten saged hangglawat, jaja rumaos sesek, sinambi nahan tètèsing eluh dedlèwèran ing pipi. Lajeng kawula handedonga dhumateng ngarsanipun Allah Ingkang Maha Kuwaos: “Dhuh Gusti, Ingkang Maha Welas lan Maha Paring Pangapunten, mugi kersa Paduka paring pangapunten dhumateng kawula, kawula lingsem sanget kepanggih kaliyan kawula Panjenengan ingkang mesthi langkung dèning minulya, satunggaling tiyang ingkang sudra miskin bandha, hanamung sugih iman lan takwanipun ageng sanget.
“Pak …, punika ongkos kendharaanipun.” Aturipun Ibu kalawau. “Sampun Bu, ongkos kendharaanipun kersanipun mangké kawula kémawon.”, atur kawula.
Kawula énggal-énggal kémawon késah sadèrèngipun Ibu kalawau hamirsani manawi mripat kawula dedlèwèran jalaran boten kuwawi nahan pikantuk tegur aruhipun saking Allah Ta’ala ingkang sampun manggihaken kawulan-Ipun ingkang kanthi kesabaran lan keimanan ingkang mantep kepéngin junjung lan mulyakaken tiyang sepuhipun.
Para Sedhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ngaturi uninga, bilih kanggé hanggayuh kamulyan punika kasunyatanipun boten kedah hanggadhahi bandha ingkang kalangkung kathah, pangkat lan jabatan ingkang inggil, punapa malih kekuwaosan. Hananging kita saged sinahu keikhlasan saking kisah cariosipun Ibu kalawau kanggé hanggayuh kamulyaning ngagesang.
Boten sakedhik ing antawisipun kita ingkang sampun dipunparingi kacekapan penghasilan, taksih kémawon hanggadhahi raos sungkan hanindaken kurban, kamongko saged kémawon Hand Phone lan Jam Tangan ingkang tansah wonten ing genggeman asta, lan Asesoris ingkang nèmpèl wonten ing badan kita reginipun langkung awis manawi kabandhingaken kaliyan satunggal kéwan kurban. Kuciwanipun kita taksih kémawon  éndha, ngumpet lan alesan ing ukara kanthi tembung boten mampu, utawi alesan dèrèng dipunanggaraken. Na’udzu billahi min dzalik.
Para sedhèrèk, ngaturi uninga, bilih Allah Ta’ala – lah ingkang maringi kasugihan lan kacekapan. Kados dhawuhipun Allah Ta’ala wonten ing Al-Qur’an:
وَأَنَّهُ هُوَ أَغْنَى وَأَقَنَى. (النجم 48).
"Lan satemené hiya Panjenengané kang maringi kasugihan lan maringi kacukupan”. (QS. An-Najm [53]: 48).
Para sedhèrèk, kathah nikmatipun Allah SwT. ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita. Nikmat kasempatan lan kasehatan saha nikmat sanès-sanèsipun, ingkang cetha kita boten kuwaos ngetang menggah sapinten gunggungipun nikmat ingkang kita tampi.
Kathah nikmat ingkang kita lirwakaken lan kita gorohaken. Sahingga Allah SwT. ngantos makaping-kaping hambangsuli paring pitakèn dhumateng kita, lan ing antawisipun kasebat wonten ing Al-Qur’an surat Ar-Rahman [55] ayat 13:
فَبِأَيِّ آلآءِ رَبِكُمَا تُكَذِّبّانِ. (الرحمن 13).
“Mangka nikmat Pangéran ira kang endi kang sira gorohaké.” (QS. Ar-Rahman [55]: 13).
Jama’ah Jum’ah, sedhèrèk kawula kaum Muslimin rahimakumullah,
Cobi kita galih sesarengan, pinten kémawon rahmat lan nikmatipun Allah Ta’ala ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita.
Nikmat kasempatan lan kasèhatan saha nikmat-nikmat sanèsipun kita boten kuwaos ngétang sapinten gunggungipun nikmat ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita.
Kadosipun kisah lan cariosipun Ibu kasebat ing nginggil kalawau sampun cekap kanggé nggigah manah kita amrih saged syukur nikmat, sanajan hambokbilih hanamung arupi pacobèn lan ujian dhumateng sok sintena kémawon ingkang Allah trisnani
“Lingsema dhumateng Allah Ta’ala kanthi saèstu-èstunipun lingsem”.
Mugi Allah Ta’ala tansah hamiringi taufiq lan hidayah dhumateng kita, sahinga kita dipunjagi saking tumindak masiat lan dipunparingi pitulungan saged ngamal shalèh.
Para sedhèrèk, sumangga kita pungkasi khutbah Jum’ah ing siang punika kanthi sesarengan migatosaken dhawuhipun Allah SwT. ingkang kasebat wonten ing Al-Qur’an Al-Karim surat no. 108:
!$¯RÎ) š»oYøsÜôãr& trOöqs3ø9$# ÇÊÈ   Èe@|Ásù y7În/tÏ9 öptùU$#ur ÇËÈ   žcÎ) št¥ÏR$x© uqèd çŽtIö/F{$# ÇÌÈ  
“Satemené Ingsun wus maringaké marang sira nikmat kang akèh [1], Mula shalata sira karana Pangéranira lan gawéha kurban sira [2], Satemené wong kang nyengiti sira, hiya dhèwèké iku wong kang cunthel [3].

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 210816, 20.41)=-

No comments:

Post a Comment