Monday, August 15, 2016

AKIDAH INGKANG LERES MINANGKA SAHIPUN NGAMAL



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ:
يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Para sedhèrèk kawula, Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kawula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sami, sahingga kita ing wekdal punika  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah SwT. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw., ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha dhumateng kita.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Akidah ingkang leres punika handadosaken syarat sahipun ngamal. Akidah mujudaken pondasi kanggénipun agami.
Akidah inggih punika iman dhumateng Allah SwT., iman dhumateng para Malaikat-Ipun, iman dhumateng Kitab-Ipun, iman dhumateng Rasul-Ipun, iman dhumateng Dinten akhir, lan iman dhumateng Qadar; sahé Qadar ingkang awon lan Qadar ingkang sahé. Gegayutan punika dipunsebat ugi minangka rukun iman.
Akidah inggih punika ingkang dipunpitadosi utawi dipunyakini dénéng satunggalipun tiyang. Manawi dipunngendikaaken, “Piyambakipun kagungan akidah ingkang leres,” ateges tiyang kasebat akidahipun kalis saking kamamangan. Akidah mujudadaken pendamelan manah, inggih punika kapitadosan manah lan ngleresaken dhumateng satunggaling perkawis.
Akidah sacara syar’i kapérang dados kalih warni, inggih punika I’tiqadiyah lan Amaliyah. Akidah I’tiqadiyah inggih punika perkawis ingkang boten magepokan kaliyan tatacara ngamal, kados I’tiqad (kapitadosan) dhumateng rububiyah Allah SwT. lan kewajiban ngibadah dhumateng Allah Ta’ala, ugi hanggadhahi I’tiqad dhumateng rukun-rukun iman ingkang sanésipun, lan punika ugi kasebat akidah ashliyah (pokokipun agami). 
Wondéné ingkang kasebat akidah Amaliyah inggih punika sedaya punapa ingkang magepokan kaliyan tatacara ngamal. Contonipun inggih punika shalat, zakat, shiyam, lan sedaya hukum-hukum amaliyah, lan punika dipunwastani Far’iyah (cabangipun agami), jalaran piyambakipun dipunbangun kanti i‘tiqadiyah.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Leres lan risakipun amaliyah gumantung dhumateng leres lan risakipun I’tiqadiyah. Pramila akidah ingkang leres punika minangka fondasi bangunanipun agami saha dados syaratipun ngamal.
Kawastanan aqidah ingkang leres inggih punika manawi adhedhasar dhumateng wahyu kéwala. Awit saking punika sumber-sumberipun inggih hanamung ingkang woten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah. Jalaran boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang langkung mangertosi magepokan kaliyan Allah Ta’ala, perkawis ingkang wajib lan ingkang punapa ingkang dipun sucèkaken Allah Ta’ala inggih hanamung Allah Ta’ala piyambak ingkang mangertosi.
Lan boten wonten satunggal tiyang kéwala ingkang langkung mangertosi magepokan Allah Ta’ala kajawi hanamung Rasulullah saw. piyambak. Awit saking punika para pendhèrèkipun anggènipun gegebengan lan gegondhélan akidah inggih hanamung Al-Qur’an lan As-Sunnah kéwala.
Allah SwT. dhawuh:
 (36). وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ
“Lan sejatiné Ingsun wis ngutus rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangaké): “Manembaha sira kabèh marang Allah, lan ngedohono Thaghut,” (QS. An-Nahl [16]: 36).
Thaghut inggih punika syaitan lan punapa kémawon ingkang dipunsembah sanèsipun saking Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Para da’i lan muballigh saben-saben wekdal anggènipun hamaringi sesuluh lan tausiyah prayogi handhèrèk lan nuladha dhumateng para rasul anggènipun dhakwah. Inggih punika dhakwah dipunwiwiti lan adhedhasar tauhid saha hangleresaken akidah. Salajengipun nembé ngajak-ajak dhumateng sedaya dhawuhipun agami sanèsipun. Lan anggènipun hanindakaken pangibadahan prayogi tansah gegondhèlan saèstu dhumateng Al-Qur’an lan As-Sunnah kanti saleres-leresipun akidah.
Allah SwT. paring dhawuh:
وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ
“Lan padha cecekelana sira kabèh marang tamparé (agamané) Allah, lan aja nganti sira kabèh padha prenca-prenca, lan padha ngèlingana sira kabèh marang nikmaté Allah kang wis kaparéngaké marang sira kabèh rikala sira kabèh mbiyèn (jaman Jahiliyah) padha musuh-musuhan, mula Allah banjur nglulutaké antarané atinira kabèh, banjur amarga nikmaté Allah sira kabèh dadi wong-wong kang padha paseduluran; lan sira kabèh wis ana sapinggiré jurang Neraka, banjur Allah nylametaké sira kabèh saka jurang Neraka iku. Kaya mengkono iku Allah mratélakaké ayat-ayat-É marang sira kabèh, kang supaya sira padha éntuk pituduh.” (QS. Ali Imran [3]: 103).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Ingkang kedah kita mangertosi ugi inggih punika, bilih Allah Ta’ala boten ridho lan rilo manawi wonten ingkang dipunsekuthokaken kaliyan Panjenenganipun Allah anggènipun ngibadah dhumateng Panjenenganipun. Hanamung Allah piyambak ingkang langkung hanggadhahi hak dipunibadhahi utawi dipunsembah.
Dalil ingkang gegayutan kaliyan punika dipunsebataken wonten ing surat Al-Jin [72] ayat 18 inggih punika makaten:
وَأَنَّ الْمَسَاجِدَ لِلَّهِ فَلا تَدْعُوا مَعَ اللَّهِ أَحَدًا (١٨)
“Lan satemené mesjid-mesjid iku kagunganè Allah. Mula aja padha nyembah marang sapa wahé  ana ing jeroné sartané  (nyembah) Allah.” (QS. Al-Jiin [72]: 18).
Wonten ing ayat punika Allah SwT. hangawisi tiyang ngibadah dhumateng sanèsipun Allah, kajawi hanamung dhumateng Panjenenganipun piyambak. Allah SwT. boten hangawisi satunggaling perkawis, kajawi perkawis kasebat mesthi boten dipunridhoi Panjenenganipun. Allah SwT. boten ngridhoi kekafiran lan kesyirikan, hananging saèstunipun Allah Ta’ala sampun ngutus para rasul lan sampun hanurunaken kitab-kitab kanggé hamerangi kekafiran lan kesyirikan.
Allah SwT. dhawuh:
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّى لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلَّهِ
“Lan padha merangana marang wong-wong mau, supaya aja nganti ana fitnah lan supaya agama kuwi namung kagem Allah … .” (QS. Al-Anfal [8]: 39).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Manawi Allah Ta’ala boten hangremeni kekafiran lan kesyirikan, pramila tiyang mukmin inggih hanggadhahi kewajiban boten ngridhoi kekalih-kalihipun, jalaran ridho lan nesunipun tiyang mukmin inggih dhèrèk ridho lan nesunipun Allah Ta’ala. Makaten ugi manawi Allah Ta’ala boten ngridhoni kesyirikan lan kekafiran, pramila tiyang mukmin boten layak hangridhoni ugi.
Kesyirikan punika mujudaken perkawis ingkang sanget hambebayani. Allah SwT. dhawuh:
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَىٰ إِثْمًا عَظِيمًا

“Satemené Allah kuwi ora bakal paring pangapura marang dosa syirik, lan Panjenengané kersa paring pangapura marang saliyané (syirik) kuwi, tumrap sapa wahé kang dikersakaké. Sing sapa wahé kang nyekuthokaké Allah, temtu dhèwèké wus nglakoni dosa kang gedhé banget.” (QS. An-Nisa’ [4]:48).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Akidah ingkang leres punika minangka syarat sahipun satunggaling pangibadahan. Awit saking punika, sumangga kita hanjagi akidah kita supados boten wonten nodha saking kasyirikan, sahé syirik ingkang ageng utawi syirik ingkang alit, supados pangibadahan kita dados sah lan badhé katampi déning Allah SwT.
Mugi-mugi Allah Ta’ala kepareng paring pitulungan dhumateng kita saged hanjagi akidah kita, lan saged tumidak kesahénan kanti sahé lan leres.
Hanamung kanti akidah ingkang leres kémawon ingkang badhé saged hanyempurnaken pangibadahan kita.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 130816, 09.25)=-





No comments:

Post a Comment