Tuesday, August 16, 2016

HANAMUNG NGAMALAN INGKANG NGANCANI ING NGALAM KUBUR




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Para sadhérék kawula, Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya ngalam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng Panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Ngaturi uninga, bilih hanamung ngamalan kémawon ingkang badhé saged hangancani gesang kita bénjang wonten ing ngalam kubur.
Rasulullah shallallahu’alaihi wa sallam dhawuh makaten:
يَتْبَعُ المَيِّتَ ثَلاَثَةٌ فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى مَعَهُ وَاحِدٌ يَتْبَعُهُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ
“Sing ngetut burèni mayit marang kuburan iku ana 3 (telu), banjur kang 2 (loro) bakal bali lan kang bakal tinggal bareng karo mayité mung 1 (siji); sing ngetut buréni mayité yaiku keluwargané, bandhané,  lan ngamalé. Banjur bakal bali manèh keluwarga lan bandhané, lan sing isih tinggal mung ngamalé.” (HR. Al-Bukhari lan Muslim saking Anas bin Malik radhiyallahu’anhu).
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Hadits kasebat ing nginggil punika ngemu piwucal luhur tumrap panggesangan kita ing ngalam ndonya punika minangka sangu panggesangan ing kampung akhirat samangké. Piwucal kasebat ing antawisipun inggih punika:
1.      Bilih hadits ingkang minulya punika paring piwucal luhur dhumateng kita wigatosipun ngamal shalèh wonten panggesangan ing ngalam ndonya punika minangka sangu kanggé panggesangan ing kampung akhirat ingkang langgeng.
Allah SwT. dhawuh makaten:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الألْبَابِ
“Padha gawéha sangu sira kabèh, lan satuhuné sangu kang paling bagus hiya iku taqwa, lan padha taqwaha sira kabèh marang Ingsun hé wong-wong kang padha handuwèni akal.” (QS. Al-Baqarah [2]: 197).
2.      Bilih éman sanget, manawi kita nembé sadhar badhé ngamal shalèh arikala kamatian sampun dumugi mapak kita, inggih arikala panyesalan boten wonten gina lan manfaatipun. Allah Ta’ala paring dhawuh:
حَتَّى إِذَا جَاءَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُونِ لَعَلِّي أَعْمَلُ صَالِحًا فِيمَا تَرَكْتُ كَلا إِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَائِلُهَا وَمِنْ وَرَائِهِمْ بَرْزَخٌ إِلَى يَوْمِ يُبْعَثُونَ
“(Kaya mangkono iku kahanané wong-wong kafir),  nganti arikala wis tumeka ajalé sawijiné wong kang saka dhèwèké kabèh, dhèwèké banjur ngucap: “Dhuh Pangéran kula, wangsulaken (malih) kula punika (wonten ing ngalam ndonya) [99], kersanipun mangké kula saged ngamal shalèh, tumrap ngamal ingkang sampun kula tilaraken (rumiyin). Wis babar pisan ora bisa. Satemené iku wujudé tembung kang diucapaké wahé. Lan ing ngarepé dhèwèké kabèh ana aling-aling nganti ana tekan dinané dhèwèké kabèh padha ditangèkaké saka kubur [100].” (QS. Al-Mu’minun [23]: 99-100).
3.      Langkung hanggegirisi malih, arikala para tiyang ingkang manggèn wonten ing neraka sami nangis dedlèwèran sesenggukan nyuwun dipunwangsulaken dhateng ngalam ndonya supados saged ngamal shalèh malih. Allah SwT. dhawuh:
وَهُمْ يَصْطَرِخُونَ فِيهَا رَبَّنَا أَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ أَوَلَمْ نُعَمِّرْكُمْ مَا يَتَذَكَّرُ فِيهِ مَنْ تَذَكَّرَ وَجَاءَكُمُ النَّذِيرُ فَذُوقُوا فَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ نَصِيرٍ
“Lan dhèwèké kabèh padha gembar-gembor ana ing sajroné neraka: “Dhuh Gusti Pangéran kula, mugi Panjenengan kersa ngedalaken kula sedaya, saèstu kula badhé hanglampahi ngamal ingkang shalèh, boten kados ngamal ingkang kula sedaya lampahi.” Lan apa toh Ingsun ora handawakaké umur ira kabèh ing sajroné mangsa kang cukup kanggo mikir tumrap wong kang gelem mikir, lan (apa toh ora) teka marang sira kabèh wong kang awèh pepéling (medèn-medèni  mring siksa Ingsun)?. Mula padha rasakna (siksa Ingsun) lan wus ora ana tumrap wong-wong kang padha dlolim iku wong bisa hanulungi.” (QS. Fathir [35]: 36).
4.      Bilih punika mujudaken pepéling dhumateng kita supados boten kasemsem kaliyan kulawarga lan bandha, lajeng supé ngamal shalèh kanggé panggesangan ingkang hakiki lan kabahagiaan ingkang sejati ing kampung akhirat samangké. Allah SwT. dhawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لا تُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَلِكَ فَأُولَئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
“Hé wong-wong kang padha iman, aja nganti bandha-bandha ira kabèh lan anak-anak ira kabèh hanglalèkaké sira kabèh saking ngèlingi Allah. Sapa wongé kang tumindak kaya mengkono, mula hiya dhèwèké kabèh iku wong-wong kang padha tuna.” (QS. Al-Munafiqun [63]: 9).
5.      Bilih ngamalan ingkang badhé ngancani satunggalipun tiyang wonten ing ngalam kubur inggih punika kados dipunsebataken wonten ing hadits saking Al-Bara’ bin ‘Azib radhiyallahu ‘anhu, inggih punika manawi ngamalipun sahé pramila ingkang badhé ngancani piyambakipun kanti ujud tiyang ingkang bagus rupinipun, agemanipun lan gandanipun. Hananging manawi ngamalipun awon, pramila ingkang badhé ngancani inggih kosok wangsulipun.
Lan kuburanipun tiyang ingkang hanggadhahi ngamal shalèh dipunjembaraken satebihipun mripat hamirsani. Dipunbukaken lawang suwarga sahingga mambet ganda arum. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang ngamalipun awon kuburanipun dipunciyutaken, dipunbukaken lawang neraka sahingga hangraosaken hawa ingkang bentèr. Awit saking punika kuburan badhé dados  taman suwarga utawi dados jurang neraka punika gumantung wonten ngamalipun tiyang arikala wonten ngalam ndonya.
6.      Bilih sadaya umat punika hanggadhahi ajal utawi badhé pejah, lan ajal punika boten saged dipunundur lan dipunajokaken sanajan hanamung satunggal menit paribasanipun. Kados dhawuhipun Allah SwT. wonten ing Al-Qur’an Al-Karim:
لِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ إِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖوَلَا يَسْتَقْدِمُونَ

“Saben-saben umat nduwèni ajal. Nalikané wis teka ajalé dhèwèké kabèh, mula dhèwèké kabèh ora bisa ngunduraké sethithik wahé lan (uga) ora bisa dhisikaké.” QS. Yunus [10]: 49.
7.      Bilih Allah SwT. badhé hamaringi piwales arupi ganjaran sanajan alit ngamal ingkang dipuntindakaken, lan sanajan hanamung saagengipun dzarrah utawi lebu. Allah SwT. dhawuh:

إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۖ وَإِنْ تَكُ حَسَنَةً يُضَاعِفْهَا وَيُؤْتِ مِنْ لَدُنْهُ أَجْرًا عَظِيمًا
“Satemené Allah ora bakal nganingaya sijining wong sanajan sak boboté dzarroh, lan yèn ana kabecikan sak bobotè dzarroh, mesthi Allah bakal nikel-nikelaké lan bakal paring ganjaran  kang gedhé.” (QS. An-Nisa’ [4]: 40).
Saben-saben kesaénan ingkang kita tindakaken wiwit saking kuwajiban kados umpaminipun shalat, shiyam, zakat, lan ngantos dumugi ngamalan ingkang sunnah insya Allah badhé dipunwales Allah kanti ganjaran ingkang matikel-tikel.
8.      Bilih manawi wonten tiyang ingkang saben-saben tahun umpaminipun saged nindakaken ngibadah haji lan umrah kanti pangajab badhé pikantuk ganjaran ingkang ageng punika èstunipun sahé. Hananging émanipun arikala tiyang punika séda, pramila tiyang kasebat boten badhé pikantuk ganjaran malih.
Arikala tiyang punika séda badhé pedhot ngamalipun, kajawi tigang perkawis. Rasulullah saw. dhawuh wonten ing satunggalipun hadits makaten:

إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

“Lamun suwijining wong wis mati, mula bakal pedhot amalé wong kajaba telung perkara, yaiku: sedhekah jariyah, ilmu kang manfa’at, utawa dongané anak kang sholèh.” (HR. Muslim no. 1631).
Rasulullah saw. ugi paring dhawuh makaten:

مَنْ دَلَّ عَلَى خَيْرٍ فَلَهُ مِثْلُ أَجْرِ فَاعِلِهِ

“Sapaning wong kang nuduhaké marang barang kabecikan, mula dhèwèké (wong kang nuduhake) bakal éntuk ganjaran kaya wong kang nglakoni pituduh mau.” (HR. Muslim, 3509). 
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Makaten kautamènipun ngamal. Awit saking punika sumangga kita sami gegancangan pados ngamal kesahénan sakathah-kathahipun kanggé sangu sowan dhumateng ngarsanipun Allah SwT. Mumpung kita taksih dipunparingi wekdal gesang wonten ing ngalam ndonya, jalaran sampun kita mangertosi bilih ajal punika kalebet ngilmunipun Allah SwT. boten wonten titah ingkang saged mangertosi benjang punapa ajal badhé dumugi sanajan titah kekasihipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 170816, 07.48)=-

No comments:

Post a Comment