Thursday, November 8, 2018

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : AMRIH IMAN TAMBAH

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa :


AMRIH IMAN TAMBAH

-(08/6/2018)=-

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الّذِيْ خَلَقَ الْمّوْتَ وَالْحَيَوةَ لِيَبْلَوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْ بِنَفْسِيْ وَإِيَّكُمْ بِتَقْوَى اللهِ تُقَاتِهِ,  فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang handadosaken pejah lan gesang, amrih Allah Hamirsani sintena tiyang ingkang langkung sahé ngamalipun.
Shalawat lan salam mugi tansah kapiraken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, para shahabat, lan para tiyang ingkang tansah handhѐrѐk dhawuh-dhawuhipun ngantos bénjang dinten qiyamah.
Kula minangka khatib ing dinten Jum’ah siyang punika, keparenga kula ngajak dhumteng awak kula piyambak ugi dhumateng panjenengan sadaya, sumangga kita hambudidaya iman lan taqwa saged ngrembaka, amrih gesang kita tansah pinaringan widada mulya ing alam donya lan alam akhirat mangké.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Iman punika mujudaken bandha ingkang baku tumrap tiyang Islam. Gesang tanpa iman namung badhé nambah sengsara. Pejah mbeta iman badhé gesang mulya wonten ing Suwarga.
Iman dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé handadosaken gesangipun tiyang sregeb lan semangat, jalaran piyambakipun yakin bilih manawi tumindak kesahénan Allah Ta’ala badhé paring pangalembana ingkang matikel-tikel.
Piyambakipun yakin bilih kanikmatan ing Suwarga punika boten wonten amput-amputipun manawi kabandhing kaliyan kanikmatan ing donya. Pramila tiyang  lajeng hambudidaya amrih saged dipunlebetaken dhateng Suwarga.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Manawi iman punika tambah, pramila sikap optimisipun badhé tambah, keihlasaipun tambah, kejujuranipun tambah, mantepipun manah tambah (tambah percaya dhiri), keuletanipun tambah, kabegjanipun inggih badhé tambah.
Makaten salengipun manawi iman punika tambah, pramila badhé tambah sedaya sifat lan amal ingkang sahé, makaten ugi nikmat ingkang badhé  dipunpikolih inggih badhé tambah.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wonten cara amrih iman punika saged tambah, ing antawisipun inggih punika:
o   Nambah Kuwalitas Ibadah Mahdhah Lan Kuwalitas Saha Kuwantitas Ibadah Ghairu Mahdhah.
Jama’ah Jum’ah ingkang minulya, Ibadah mahdhah umpaminipun shalat fadhu 5 (gangsal) wekdal boten saged dipumtambah, shalat Shubuh 2 (kalih) raka’at boten saged dipuntambah dados 3 (tigang) raka’at, hananging kuwalitasipun shalat Shubuh saged dipuntambah umpaminipun tambah khusyu’ lan tuma’ninah.

Shalat Ghairu mahdhah saged dipuntambah kuwantitasipun saha kuwalitasipun, kados nindakaken shalat Sunnah Rawatib katambah shalat Sunnah Dhuha. Shalat Sunnah Rawatib lan shalat Sunnah Dhuha katambah kuwalitasipun, tambah khusyu’ lan tambah tuma’ninah.

Gegayutan nambah kuwalitas lan kuwantitas punika kita kedah hameksa dhiri, jalaran sadaya punika manawi dѐrѐng kalampahan raosipun awrat lan aras-arasen. Pramila kedah meksa awak manawi badhé hamiwiti.

o   Maos Lan Tadabur Al-Qur’an.
Al-Qur’an minangka tuntunan tumrap panggesanganing tiyang kedah kita waos lan sinahu, amrih mangertos lan paham isi suraosipun (tadabur).
Kanthi makaten tiyang badhé tawadhu’ dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan dhateng sesami ngagesang. Tiyang boten badhé kataman sifat ujub lan ghumedhé (sombong).
Kanthi maos lan tadabur Al-Qur’an, tiyang imanipun badhé tambah kiyat, jalaran tiyang kepanggih bebener ingkang hakiki, janji-janji Allah Ta’ala ingkang nyata, pawartos ingkang nentremaken manah. Sadaya dados bukti Maha Kuwaosipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.

o   Dzikir Lan Tafakur Dhateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Dzikir punika boten namung manawi bibar nindakakekn shalat, hananging wonten ing saben wekdal lan papan pundi kémawon kedah tansah dzikir dhumateng Allah Ta’ala.
Wekdal nyambut damel, rékréasi, badhé tilem lan nalika wungu tilem, nalika badhé dhahar lan nalika dhahar sampun rampung dzikir dhumateng Allah Ta’ala. Sadaya aktifitas tansah dzikir dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Tafakur tegesipun ngangen-angen. Sadaya perkawis ingang kaweca ing kitab Al-Qur’an lan ngangen-angen kawotenan ingkang wonten ing jagad raya (ayat kauniyah) punika dadosaken iman badhé ngremboko. Kanthi dzikir lan tafakur sadaya titahipun Allah Ta’ala kanthi bener badhé pikantuk dudutan (hasil) ingkang sami.

o   Kumpul Kaliyan Tiyang Ingkang Shalih.
Kuwalitas gesang kita punika jamak limrahipun kathah jalaran pangaribawa (pengaruh) saking kawontenanan lingkngan kanan kéréngipun.
Tiyang badhé sregeb ngibadah shalat, manawi kanca lan mitranipun sregeb ngibadah. Tiyang badhé lingsem tumindak awon, manawi kanca lan para mitranipun sahé tumindakipun.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wonten sanépan makaten; Kakancan kaliyan BAKUL minyak wangi badhé dhѐrѐk wangi gandanipun sanajan boten tumbas minyak wangi, lan badhé dhѐrѐk ganda apek lan saged ugi badhé kacipratan latu manawi cedhak-cedhak tukang PANDAI wesi.
Kados makaten punika pangaribawanipun tiyang kekancan. Pramila pancѐn ageng sanget pangaribawanipun. Lan poma dipoma kita kedah waspada manawi kita pados réncang punika. Boten angger kémawon kekancan punika.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Makaten sawatawis cara kita amrih iman saged tambah lan ngrembaka.
Ingih punika kita kedah  nambah kuwalitas ibadah mahdhah lan nambah kuwalitas saha kuwantitas ngibadah ghairu mahdhah, maos lan tadabur Al-Qur’an, Dzikir lan tafakur dhateng Allah Ta’ala, kumpul kaliyan tiyang ingkang shalih.
Manawi kita saged mujudaken perkawis punika, insya Allah iman kita badhé langgeng. Iman ingkang [anggeng badhé hanjalari gesanging manungsa widada mulya wiwit gesang ing ngalam donya ngantos gesang ing akhirat.
Gesang ing donya kanthi ayem tentrem, gesang ing akhirat pikantuk pangalembana awujud Suwarga Loka. Gesang ayem tentrem salaminya.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sumangga kita hanyenyuwun pangreksa dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi kersa paring pitulungan dhumateng kita sowan dhumateng ngarsanipun kanthi bekta Iman, Islam, Ihsan ingkang jejeg.
Aamin Yaa Rabbal ‘Aalamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 290918, 11.11)=-

No comments:

Post a Comment