Thursday, November 8, 2018

Khutbah Bahasa Jawa : TOLAK PERKAWIS AWON KANTHI KESAHÉNAN

Khutbah Bahasa Jawa :


TOLAK PERKAWIS AWON KANTHI KESAHÉNAN

-=(10/6/2018)=-

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Boten sami perkawis awon kaliyan kesahénan.  Tolak lan prayogi dipunwales perkawis ingkang awon punika kanthi kesahénan. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Fushshilat [41] ayat 34-35 makaten:

وَلا تَسْتَوِي الْحَسَنَةُ وَلا السَّيِّئَةُ ادْفَعْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ فَإِذَا الَّذِي بَيْنَكَ وَبَيْنَهُ عَدَاوَةٌ كَأَنَّهُ وَلِيٌّ حَمِيمٌ
وَمَا يُلَقَّاهَا إِلا الَّذِينَ صَبَرُوا وَمَا يُلَقَّاهَا إِلا ذُو حَظٍّ عَظِيمٍ
Tegesipun: “Becik karo ala iku ora padha!. Muhammad, sira nulaka kang ala iku nganggo cara kang luwih becik. Manawa kaya mangkono kahananira, satemah wong kang mauné mungsuh karo sira, satemah banjur dadi kaya déné sedulur sinara wѐdi! [34]. Sifat-sifat kang utama kasebut, ora diparingaké kajaba marang wong kang padha sabar, lan ora diparingaké kajaba marang wong kang anduwѐni kabegjan kang agung![35]”. (QS. Fushshilat [41]:34-35).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Shahabat Ibnu Abbas radliyallahu ‘anhuma ngendika, bilih ayat kasebat dhawuh dhateng tiyang ingkang iman supados sabar nalika dipundamel tiyang nesu, lan dhawuh supados nolak utawi bales kesahénan manawi dipunjahili utawi dipundamel awon, lan malah kapara paring pangapunten dhateng tiyang ingkang njahili utawi tiyang ingkang ndamel awon.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Manawi saben para kawula kados makaten caranipun tumindak; perkawis awon dipunwales kanthi kesahénan, pramila Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé paring pangalembana dipuntebihaken saking gangguwan lan pangridhunipun syaithon, saha badhé ngasoraken tiyang ingkang damel awon.
Ibnu Katsir rahimahullah ngendika, bilih ingkang saged nindakaken kados makaten punika namung tiyang ingkang hanggadhahi sifat kesabaran. Jalaran nolak utawi bales tiyang ingkang damel sakit dhumateng kita kanthi kasahénan punika satunggaling perkawis ingkang awrat.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Nolak utawi bales tumindak ingkang sami punika dhumawah tataran ingkang sami asoripun, boten kalebet ngamal ingkang luhur bebudѐnipun, boten kalebet tuntunan agami Islam.
Nolak utawi bales tumindak awon ingkang langkung damel sakitipun tiyang punika boten badhé damel sadhar lan kapok, hananging malah kapara dados madlarat ingkang langkung ageng.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sanajan kita dipunsakiti utawi dipundlolimi déning sedhѐrѐk kita nunggal iman, hak tumrap sedhѐrѐk kita ingkang nunggal iman tetep kanthi lisan ingkang sahé lan ngamal ingkang sahé. Boten wonten raos badhé bales lan dhendham saha sakit manah. Prayogi dipuntolak lan dipunwales perkawis ingkang awon punika kanthi tumindak ingkang sahé.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tumidak kesahénan punika warni-warni, sarana bandha, sarana bau, lan pikir, sadaya badhé dados amal shalih wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan masyarakat. Makaten ugi tumindak awon. Pramila sami-sami tumindak, mbok inggiha tumidak sahé mugi dipuntandhingana tumidak ingkang langkung sahé, lan tumindak awon, dipuntandhingana tumindak ingkang sahé, saha kanthi cara ingkang sahé. Manawi makaten, mangkéh saged ambalik dados mitra ingkang sinara wѐdi!. Inggih tiyang ingkang watak makaten punika, ingkang kagungan bebudѐn luhur, bebudѐnipun para priyagung utawi watak wantunipun Pemimpin.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng paring kesabaran lan kekiyatan dhumateng kita saged nolak perkawis awon kanthi tumindak ingkang bener lan sahé.Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 091018, 06.25)=-

No comments:

Post a Comment