Khutbah Jum'at Bahasa Jawa :
BЀNTEN
NIYAT BЀNTEN INGKANG DIPUNPIKOLIH
-=(07/6/2018)=-
اَلسَّلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
الْحَمْدَ
ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا
وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ,
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. أَمَّا بَعْدُ,
فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ, لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ
الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ
إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah
rahimakumullah;
Boten wonten tembung ingkang pantes
kita aturaken wonten wekdal punika
kajawi namung syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Mugi kita kalebet éwonipun tiyang
ingkang pinter-pinter nyukluri nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken
dhumateng panutan kita Nabi Agung Muhammad
shallallahu ‘alahi wa sallam, para kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah
dhumateng kawulanipun ingkang istiqamah handhѐrѐk sunnah-sunnahipun. Amin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Niyat punika minangka ruh
salebetipun ngamal. Niyat punika sanѐs tembung ingkang dipunucapaken nalika
badhé nindakaken satunggalipun damelan. Niyat punika sejaning manah ing
salebetipun manah. Niyat punika sanѐs tembung ingkang dipunucapaken.
Satunggalipun penjahat boten ngaturaken sejanipun nalika badhé merjaya tiyang.
Hananging jalaran sampun niyat, pramila penjahat badhé merjaya tiyang ѐstu
kadadosan. Makaten ugi tiyang ingkang badhé nindakaken shalat, boten wajib piyambakipiun
ngucapaken niyat, jalaran niyat punika seja ingkang mrentul ing salebeting
manah.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Samsaya kiyat niyatipun tiyang
samsaya kiyat ugi perjuangan ingkang badhé dipuntindakaken. Sinten kémawon
ingkang niyatipun dѐrѐng tembus ing manah, rubéda badhé gampil kendho lan
nglokro perjuanganipun.
Dr. Muhammad bin Hasan paring
nasihat, bilih: “Keagungan satunggalipun tiyang gumantung saking keagunganipun
tujuwan.”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Ujian ingkang awujud kali utawi lѐpѐn ingkang misahaken tentara THALUT ingkang
hanggadhahi niyat ingkang teguh kaliyan tiyang-tiyang ingkang salah niyat. Para
prajurit ingkang teguh niyat, niyatipun namung mendhet toya ing kali sacakup
tangan cekap kanggé ngunjuk. Salajengipun piyambakipun nglajengaken lampah
perang lan mimpang ngalahaken pasukan JALUT. Hananging tiyang ingkang salah
niyat ngombé toya boten sakedhar ngombé toya, hananging ngombé
sakathah-kathahipun, malah kapara ngantos kuwaregen, lan nafsu sampun ngalahaken
piyambakipun sadѐrѐngipun perang
tandhing kaliyan mengsah.
Wusananipun piyambakipun namung saged ngucap:
فَلَمَّا فَصَلَ
طَالُوتُ بِالْجُنُودِ قَالَ إِنَّ اللَّهَ مُبْتَلِيكُمْ بِنَهَرٍ فَمَنْ شَرِبَ
مِنْهُ فَلَيْسَ مِنِّي وَمَنْ لَمْ يَطْعَمْهُ فَإِنَّهُ مِنِّي إِلَّا مَنِ
اغْتَرَفَ غُرْفَةً بِيَدِهِ ۚ فَشَرِبُوا مِنْهُ إِلَّا قَلِيلًا مِنْهُمْ ۚ
فَلَمَّا جَاوَزَهُ هُوَ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ قَالُوا لَا طَاقَةَ لَنَا
الْيَوْمَ بِجَالُوتَ وَجُنُودِهِ ۚ قَالَ الَّذِينَ يَظُنُّونَ أَنَّهُمْ مُلَاقُو
اللَّهِ كَمْ مِنْ فِئَةٍ قَلِيلَةٍ غَلَبَتْ فِئَةً كَثِيرَةً بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ
وَاللَّهُ مَعَ الصَّابِرِينَ
Tegesipun: “Mangka nalikaThalut budhal nggawa
bala tentarané, dhѐwѐké ngendika: “Setuhuné Allah bakal nguji marang sira kabѐh
kelawan suwijiné bengawan. Mangka sing sapa wongé ngombé banyuné bengawan mau,
mangka dhѐwѐké ora kalebu pendhѐrѐk ingsun. Lan sing sapa ora ngombé banyuné
bengawan mau, kejaba mung sak cawukan, mangka dhѐwѐké kelebu pendhѐrѐk ingsun.
Akhiré dhѐwѐké padha ngombé kajaba namung sithik saking wong-wong iku. Bareng
Thalut sak balané kang iman wis nyaberang bengawan, wong-wong kang padha ngombé
ing bengawan padha matur: “Kita ora kuwat dina iki ngadhepi Jalut sak balané”.
Déné wong-wong kang padha nduwѐni keyakinan mesthi bakal ngadhep ana ing
ngarsané Allah, dhѐwѐké padha ngucap: “Pirang-pirang golongan kang sethithik bisa
ngalahaké golongan kang akѐh kelawan iziné Allah. Lan Allah iku tansah nyartani
wong-wong kang padha sabar”. (QS. Al-Baqarah [2]:249).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Semanten ugi nalika perang UHUD. Sadѐrѐngipun
perang kadadosan 300 (tigangatus) tiyang munafiq ingkang dipunpandhégani
Abdullah bin Ubay medal saking barisan Islam. Wonten ing mriku katingal
bѐntenipun tiyang-tiyang munafiq kaliyan para pejuwang Islam ingkang
sayektosipun. Tiyang-tiyang Islam ingkang leres-leres niyat hambéla agami Islam
terus majeng perang kanthi kawontenan sawontenipun. Hananging tumrap tiyang
ingkang niyatipun namung pados bandha, pados pangalembana tiyang, badhé mundur
nalika manggihi kasulitan lan karupekan. Kados ingkang dipunaturaken
piyambakipun, makaten:
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ كَفَرُوا وَقَالُوا لِإِخْوَانِهِمْ
إِذَا ضَرَبُوا فِي الْأَرْضِ أَوْ كَانُوا غُزًّى لَوْ كَانُوا عِنْدَنَا مَا
مَاتُوا وَمَا قُتِلُوا لِيَجْعَلَ اللَّهُ ذَٰلِكَ حَسْرَةً فِي قُلُوبِهِمْ ۗ
وَاللَّهُ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Tegesipun: “Hé wong-wong kang padha iman, aja
nganti sira kabѐh kaya wong-wong kafir (utawa kaya wong-wong munafiq) iku, kang
padha ngucapaké marang sedulur-seduluré dhѐwѐké kabѐh rikala dhѐwѐké kabѐh
padha nganakaké lelungan ana ing lumahé bumi utawa dhѐwѐké kabѐh padha paprangan: “Saumpamané dhѐwѐké
kabѐh iku padha (thenguk-thenguk ana ngomah sandhing kita iki, mesthiné dhѐwѐké
kabѐh ora bakal mati utawa dipatѐni”. Wusanané (saka ucapan lan keyakinané
dhѐwѐké kabѐh) kang kaya mengkono iku, Allah nuwuhaké rasa panalangsan kang
banget ing jero atiné dhѐwѐké kabѐh. Allah iku kang nguripaké lan kang matѐni.
Lan Allah mirsani apa kang sira kabѐh tindakaké”. (QS. Ai Imran [3]: 156).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Hikmah ingkang saged dipunpendhet
saking kisah kasebat ing nginggil, bilih: “BЀNTEN NIYAT BЀNTEN INGKANG
DIPUNPIKOLIH”.
Tiyang-tiyang munafiq boten pikantuk
punapa-napa kajawi hanamung ajrih jalaran pakertinipun piyambak. Lajeng
tiyang-tiyang Islam ingkang gugur perang UHUd dados Syuhada’.
Lan tumrap tiyang ingkang taksih
gesang tetep pikantuk pangalembana saking Allah Subahanahu wa Ta’ala awujud
ganjaran. Kados dhawuhipun Allah Ta’ala kasebat ing sedhahan trisnanipun:
وَلَا تَهِنُوا فِي ابْتِغَاءِ
الْقَوْمِ ۖ إِنْ تَكُونُوا تَأْلَمُونَ فَإِنَّهُمْ يَأْلَمُونَ كَمَا
تَأْلَمُونَ ۖ وَتَرْجُونَ مِنَ اللَّهِ مَا لَا يَرْجُونَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا
حَكِيمًا
Tegesipun: “Aja nganti sira duwѐni cilik ati
kanggo mbujung dhѐwѐké (musuh ira). Yѐn sira ngrasa lara, mangka satemené
dhѐwѐké (uga) ngrasa lara, kaya kang mbok rasakaké, sedheng sira ngarep-arep
sangka Allah apa kang ora diarep-arep dhѐwѐké. Lan Allah kuwi Maha Mirsani tur
Maha Wicaksana”. (QS. An-Nisa’ [4]: 104).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Manawi sedyanipun bѐnten, pramila
pikolih ingkang saged dipunundhuh inggih badhѐ bѐnten. Niyat punika ruhipun
ngamal. Pramila tanpa niyat ingkang leres, ngamal badhé muspra tanpa gina.
Rasululllah shallahu ‘alaihi wa
sallam ngendika:
قَالَ إِنَّمَا الْأَعْمَالُ بِالنِّيَّةِ ... .
Tegesipun: “Wis ngendika sapa Rasulullah
shallahu ‘alaihi wa sallam: “Satemené kabѐh tumindak iku gumantung saka
niyaté.” .” (HR. Bukhari, Muslim, lan
sekawan imam ahli hadits, saking Umar radliyallau ‘anhu).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;
Awit saking punika manawi badhé
tumindak punapa kémawon, kita dipunsunnahaken donga dhumateng ngarsanipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala, saboten-botenipun maos: “Basmalah” –Kanthi nyebut
asmanipun Allah Ingkang Maha Welas lan Maha Asih-. Ingkang ateges sadaya tumindak punapa kémawon
namung karana Allah. Namung katur dhumateng Allah kéwala. “BЀNTEN NIYAT BЀNTEN
INGKANG DIPUNPIKOLIH”.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ
وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 270918, 09.56)=-
No comments:
Post a Comment