Friday, July 22, 2016

AMALAN SASAMPUNIPUN RAMADHAN



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,

Ngawiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kawula ngajak dhumateng diri pribadi kawula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kawula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Shalawat lan salam tansah kita aturaken dhumateng Nabiyullah Muhammad saw. ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,

Sasampunipun kita hanglampahi ngibadah ing wulan Ramadhan, temtu kémawon kita taksih perlu ngamal ngibadah kanggé sangu bénjang sadèrèngipun kita dipunpapag déning Malaikat Maut inggih Malaikat Izro’il ingkang pendamelanipun hanjabut nyawa. Kepareng hanyosi priksa dhumateng para sedhèrèk, bilih saèstunipun piwalesanipun ngamal kesaénan punika, arupi kesaénan sapungkuripun lan piwalesipun tumindak awon punika tumindak awon sapungkuripun. Kados ingkang dipun ngedikakaken déning ahli salaf makaten:
إِنَّ مِنْ ثَوَابِ الحَسَنَةِ الحَسَنَةَ بَعْدَهَا، وَإِنَّ مِنْ جَزَاءِ السَّيِّئَةِ السَّيِّئَةَ بَعْدَهَا
“Satemené piwalesé ngamal kang becik iku yaiku, tumindak kabecikan sapungkuré. Lan piwalesé ngamal kang ala iku, yaiku tumindak ala sapungkuré.” (Tafsir Al-Qur’an Al ‘Adhim tafsir surat Al-Lail).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Ngibadah sasampunipun nindakaken pangibadahan ing wulan Ramadhan punika ing antawisipun inggih punika:


11.   Tetep Jagi Shalat Gangsal Wekdal Lan ugi jagi Shalat Kanti  Jama’ah;
Rasulullah saw. paring katerangan gegayutan fadhilahipun tiyang ingkang saged hanjagi shalat gangsal wekdal, inggih punika makaten:
قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ افْتَرَضْتُ عَلَى أُمَّتِكَ خَمْسَ صَلَوَاتٍ وَعَهِدْتُ عِنْدِى عَهْدًا أَنَّهُ مَنْ
 حَافَظَ عَلَيْهِنَّ لِوَقْتِهِنَّ أَدْخَلْتُهُ الْجَنَّةَ وَمَنْ لَمْ يُحَافِظْ عَلَيْهِنَّ فَلاَ عَهْدَ لَهُ عِنْدِى
“Allah ‘Azza wa Jalla ngendika: “ Aku majibabaké marang umatmu shalat limang wektu. Aku janji marang awak-Ku, yaiku sapa waé kang bisa hanjaga ana ing wektuné, Aku bakal hanglebukaké marang wong mau ana ing suwarga. Banjur wong kang ora bisa hanjaga wektuné, mula Aku ora handuwèni janji karo dhèwèké.” (HR. Sunan Ibnu Majah no. 1403).
22.      Hambayar zakat utawa shodaqah.
Shadaqah wajib (zakat) lan shadaqah sunnah (shadaqah biasa) prayogi  dipunbayaraken kanti ajeg, tertib, lan teratur. Para sedhèrèk, mangertosa bilih tumindak kesahénan sanajan sakedhik dipuntindakaken kanti ajeg punika langkung sahé tinimbang kathah hananging namung sepindah. Rasulullah saw. ngendika makaten:
عَنْ عَا ئِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا قَالَتْ: لَمْ يَكُنْ رَسُوْلُ اللهِ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَمَ فِيْ الشّهْرِ مِنَ السَّنَةِ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِيْ شَعْبَانَ, وَكَانَ يَقُوْلُ: خُذُوْا مِنَ اْلأَعْمَالِ مَا تُطِيْقُوْنَ, فَإِنَّ اللهَ لَنْ يَعْمَلَّ حَتَّى تَمَلُّوْا, وَكَانَ يَقُوْلُ أَحَبُّ الْعَمَلِ إِلَى اللهِ مَا دَوَامَ عَلَيْهِ صَاحِبُهُ وَإِنْ قَلَّ. (رواه مسلم).
“Hadits saka ‘Aisyah, panjenenganipun ngendika: “Rasulullah saw. ora naté pasa kang akèh ana ing sasi kang tertemtu ana ing sajroné setahun, hangluwihi pasa Panjenengané saw. nalika ana ing sasi Sya’ban. Lan Panjenengané saw. naté ngendika: “Tindakna ngamal ngibadah kang sira kuwasa hanindakaké, jalaran Allah ora bakal bosen sahingga sira dhéwé kang rumangsa bosen. Lan ngamal kang paling disenengi déning Allah Ta’ala yaiku kang terus tanpa pedhot dilakoni, sanajan mung sathithik.” (HR. Muslim).
Hadits kasebat ing nginggil paring katerangan dhumateng kita ing antawisipun bilih panggesangan saben dintenipun kita dipuntuntunaken sawatawis ngamal pangibadahan ingkang ajeg prayogi kita jagi kanti ngajegaken tumindak ingkang ajeg sanajan namung sakedhik. Ngamal ingkang ajeg kasebat umpaminipun; ngajegaken tadarus lan tadabur Al-Qur’an, handhatengi pengaosan / Majelis Ta’lim, maringi shedhekah, hanindakaken shalat sunnah (tathowwu’), hanglampahi shiyam sunnah, lan sapanunggalanipun.
Maringi shadaqah punika salah satunggalipun conto ngamal ngibadah ingkang prayogi dipunajegaken lan dipunroutinaken. Wonten ing sawenéhing padhusunan kita naté mireng lan hangrembaka gerakan shadaqah kanti istilah: SMS = Sedina Minimal Sèwu, SKS = Saben Kegiatan Sepuluh èwu.  Lan babagan tahfidz utawi apalan kanti istilah: SMS = Sedina Minimal Seayat. Lajeng babagan shalat wajib kanti istilah: GERSHUMAH = Gerakan Shalat Shubuh Berjama’ah, GERSAWAJIBA = Gerakan Shalat Wajib Berjama’ah. Lan taksih kathah malih istilah-istilah sanès ingkang jalari saget ajeg nindakaken pangibadahan.

33.      Ngathah-ngathahaken syiyam (pasa) Sunnah;

Kajawi kita nindakaken syiyam wajib wonten ing wulan Ramadhan, prayogi kita hanyempurnaaken ugi kanti hanindakaken ngamalan syiyam sunnah. Wondéné fadlilah lan kautamènipun dipunsebataken wonten ing sawenèhing hadits, Rasulullah saw. ngendika makaten:
أَلاَ أَدُلُّكَ عَلَى أَبْوَابِ الْخَيْرِ الصَّوْمُ جُنَّةٌ
“Apa ta sira gelem ingsun tuduhaké marang sliramu pirang-pirang lawang kabecikan?; syiyam utawa pasa kuwi dadi tamèng (perisai) … .” (HR. Tirmidzi no. 2616).
Syiyam utawi pasa wonten ing hadits punika mujudaken tamèng (perisai) tumrapipun tiyang muslim sahé wonten ing ngalam donya lan ugi wonten ing ngalam akhirat. Ing ngalam donya, syiyam minangka perisai utawi tamèng saking tumindak maksiat. Lajeng wonten ing akhirat bénjang minangka tamèng saking panasipun latu neraka.
Kathah syiyam sunnah ingkang saged dipuntindakaken déning tiyang muslim sasampunipun Ramadhan. Wonten ing wulan Syawwal, kita saged nindakaken syiyam 6 (enem) dinten wonten ing wulan Syawwal ingkang kawastanan pasa Syawwal. Ugi wonten ing saben-saben wulan Hijriyyah kita saged syiyam wonten ing suryo kaping 13, 14, lan 15 ingkang kawastanan pasa Yaumul Bi’idz. Kita ugi saged nindakaken syiyam saben dinten Senin lan Kemis, Syiyam ‘Arofah (surya kaping 9 Dzulhijjah), Syiyam ‘Asyura (Surya kaping 10 Muharram), lan ngathah-ngathaken syiyam wonten ing wulan Sya’ban kados ingkang dipuntuntunaken déning Rasulullah saw.. Lan manawi wonten kasempatan ugi saged nindakaken syiyam Daud, inggih punika sadinten syiyam lan sadinten boten syiyam (buka).
Mug-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng hanggampilaken kita hanindakaken ngamalan syiyam sunnah punika. 

4.      Hanjagi Shalat Dalu (Shalat Lail);
Hanjagi shalat Lail pancèn awrat sanget, kajawi pikantuk rahmatipun Allah Subhanhu wa Ta’ala. Lan punika malah kapara dados penyakit menggahipun tiyang Islam. Jalaran nalikanipun wonten ing wulan Ramadhan masjid-masjid katingal regeng lan kebak sami hanindakaken Qiyamul Lail (Shalat Tarwih). Hananging saged kita tingali piyambak sasampunipun Ramadhan, amalan shalat Lail punika kados-kados ical lan sirna makaten. Kathahipun tiyang langkung remen tilem ing wanci dalu ngantos dumugi wanci Shubuh, katimbang wungu lajeng mendhet toya wudhu lan hanindakaken shalat Lail.
Kados-kados ngamalan shalat Lail punika namung wonten ing wulan Ramadhan kémawon, inggih punika nalika hanindakaken ngibadah shalat Tarwih. Samestinipun manawi piyambakipun punika nindakaken ngibadah shalat Tarwih kanti sahé badhé nuwuhaken kasahénan salajengipun.
Eman sanget, sapérangan tiyang remen tilem sakéca wonten ing dalu katimbang wungu mendhet toya wudlu lajeng shalat dalu (shalat Lail).
Prayogi kita ngajegaken ngibadah shalat dalu, kados kita nindakaken shalat tarwih ing wulan Ramadhan.
Rasulullah saw. sanget anggènipun kuciwa manahipun manawi mirsani tiyang ingkang sewaunipun sregeb shalat dalu (tarwih), hananging samangké piyambakipun lajeng nglirwakaken.  
Ulama ahli salaf ngendika gegayutan kalian nglirwaaken pangibadahan sapungkuripun Ramadhan:
بِئْسَ القَوْمُ لاَ يَعْرِفُوْنَ اللهَ حَقًّا إِلاَّ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ
 “Saéba èlèké tingkah lakuné dhèwèké, dhèwèké ora ngenal Allah kajaba hamung ana ing sasi Ramadhan!.” (Latho’if Ma’arif, 244).

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Makaten sapérangan ngamalan pangibadahan sasampunipun ngibadah syiyam wonten ing wulan Ramadhan. Mugi kita kalebet éwonipun tiyang ingkang tansah pikantuk taufiq saking Allah Subahanhu wa Ta’ala, lan dipungampilaken kanggé istiqamah ngrungkebi agami punika.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 180716, 17.28)=-

No comments:

Post a Comment