Friday, April 13, 2018

PANGGESANGAN INGKANG SAHÉ


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ,  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Panggesangan ingkang sahé punika dados idhamanipun sadaya tiyang. Panggesangan ingkang sahé punika gesang ingkang nentremaken manah. Gesang ingkang sahé punika peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran tiyang nindakaken ngamal sahé ingkang dipunsarani kanthi iman dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kasebat wonten ing Al-Qur’an surat An-Nahl [16] ayat 97 makaten:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ. ( النحل ٩٧).
Tegesipun: “Sapa wahé kang nglakoni amal shalih, padha uga lanang utawa wadon tur dhѐwѐké iman, mula sejatiné bakal Ingsun paringaké marang dhѐwѐké kahuripan kang bagus, lan satemené bakal Ingsun paringi piwales marang dhѐwѐké kabѐh kanthi ganjaran kang luwih bagus katimbang apa kang wis dhѐwѐké kabѐh padha nglakoni”. (QS. An-Nahl [16]:97).
Ayat kasebat kanthi cetha marthѐlakaken bilih panggesangan ingkang sahé punika peparingipun  Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wondéné ikhtiyar lan cara amrih tiyang saged kadumugѐn mujudaken panggesangan ingkang sahé punika ing antawisipun inggih punika:
Sepisan: Panggesangan ingkang dipunlambari kanthi aqidah keimanan/ketauhidan ingkang murni; tegesipun aqidah ingkang boten kacampuran kaliyan kamusyrikan. Aqidah keimanan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika mujudaken fondasi panggesanganipun tiyang Islam. Panggesangan ingkang sahé punika panggesangan ingkang sadaya orientasi panggesanganipun tansah dipunlandasi kanthi nilai-nilai keimanan utawi ketauhidan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an surat Al-An’am [6] ayat 162 makaten:
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Tegesipun: “Dhawuhana: “Setuhuné shalat ingsun, ibadah ingsun, urip ingsun, lan mati ingsun namung kagem Allah, Pengéran alam kabѐh”. (QS. Al-An’am [6]:162).
Kaping kalih: Hambudidaya amrih sadaya panggesanganipun; tindak tanduk lan pangandikanipun punika tansah handhatengaken manfa’at dhumateng pribadinipun piyambak ugi dhumateng tiyang sanѐs.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
خَيْرُ الناسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
Tegesipun: “Sabecik-beciké wong iku, yaiku kang paling akѐh mѐnѐhi manfa’at tumrap wong liya”. (HR. Ahmad, Ath-Thabrani, Ad-Daruqutni).
Kaping tiga: Pangesangan ingkang sahé punika panggesangan ingkang dipunkebaki kanthi rizki ingkang halal. Awit saking punika tiyang kedah hambudidaya pados rizki ingkang halal. Tumrap tiyang Islam rizki ingkang halal punika mujudaken prinsip panggesangan ingkang sahé.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
Tegesipun: “Hé para manungsa!, Padha mangana sira kabѐh saking sadhéngah apa kang ana ing bumi, kang halal tur bagus; lan sira kabѐh aja padha anut langkah-langkahé syétan; sebab syétan iku musuh kang wus cetha kanggoné sira kabѐh”. (QS. Al-Baqarah [2]:168).
Kaping sekawan: Panggesangan ingkang dipunladhasi kanthi raos syukur lan qona’ah. Tiyang saged kasembadan panggesanganipun sahé punika kedah saged nyukuri lan saged nampi sadaya peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala sanajan ketingalipun namung sepélé. Gegayutan kaliyan syukur nikmat punika Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an, makaten:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Tegesipun: “Lan (élinga uga), arikala Pengéran ira kabѐh mbiwarakaké (kang surasané): “Sayekti kalamun sira kabѐh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat) marang sira kabѐh, lan kalamun sira kabѐh padha ngingkari (nikmat Ingsun), mula satemené siksa Ingsun iku banget larané”. (QS. Ibrahim [14]:7).
Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam ngendika:
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عَمْرِو بْنِ الْعَاصِ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ وَرُزِقَ كَفَافًا وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ.
Tegesipun: “Temen begja kemayangan wong kang wis ngrasuk agama Islam diparingi rizki kang cukup, banjur Allah ndadѐkaké qona’ah marang samubarang kang Penjenengané paringaké marang dhѐwѐké”. (HR. Bukhari, saka Abdullah bin Umar bin Ash).
Kaping gangsal: Panggesangan ingkang sahé punika saged kadumugѐn manawi tiyang kanthi sabar hanebihi tumindak dosa lan maksiat. Jalaran tumindak dosa lan maksiat punika boten nentremaken jiwa. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
الْبِرُّ حُسْنُ الْخُلُقِ وَالْإِثْمُ مَا حَاكَ فِى نَفْسِكَ وَكَرِهْتَ أَنْ يَطَّلِعَ عَلَيْهِ النَّاسُ
Tegesipun: “Kabecikan iku kanthi akhlaq kang mulya, lan barang kang ala (dosa) iku sawijining perkara kang ora nentremaké ati (jiwa), lan nalika barang kang ala (dosa) iku ditindakaké, yekti sira ora seneng perkara iku dimangertѐni déning wong akѐh”. (HR. Muslim, saka Nawas bin Sam’an).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi katerangan ingkang ringkes kasebat, kasinggihan bilih sadaya tiyang punika kepéngin gesang kanthi panggesangan ingkang sahé. Gesang kanthi ayem, tentrem, begya mulya, lan kasembadan punapa ingkang dipunangen-angen. Hananging panggesangan ingkang sahé kados makaten punika boten gampil. Kedah dipun-budidaya amrih panggesangan sahé punika saged kasembadan.
Wondéné ikhtiyar ingkang kedah dipuntindakaken inggih punika ing antawisipun; Kedah kiyat pondhasi ketauhidanipun/keimananipun.  Kedah budidaya saged ngamal shalih, hambudidaya amrih pikantuk rizki ingkang halal lan thayyib. Kedah tansah syukur lan qona’ah dhateng sadaya peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan ugi kedah tawakal dhumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kanthi punika, in sya Allah saking keparengipun Allah Subhanahu wa Ta’ala tiyang badhé kaparingan Panggesangan ingkang sahé; gesang ingkang tansah ayem, tentrem, begya mulya donya lan akhiratipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 270318, 07.10)=-

No comments:

Post a Comment