Friday, April 13, 2018

NJAGI RAMADHAN


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakkmullah,
Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhumateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit.

Sumangga kita nambahi ketaqwaan kita dhumateng Allah “Azza wa Jalla, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita saged handhatengi shalat Jum’at ing siyang punika tanpa pambeng satunggal punapa. Mugi-mugi ibadah kita dipuntampi wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, dhumateng para kulawarga lan para shahabatipun, saha dhumateng para pendhѐrѐkipun ingkang istiqamah dhѐrѐk sunnah-sunnahipun, lan in sya Allah kalebet dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Lelambaran/Adhedhasar Maklumat Pimpinan Pusat (PP) Muhammadiyah Nomor: 01/MLM/I.0/E/2018, tanggal 21 Jumadil Akhir 1439 H / 09 Maret 2018 M, gegayutan kaliyan awal Ramadhan, Syawwal, lan Dzulhijjah 1439 H, nenetapaken bilih:
1.      Tanggal 01 Ramadhan 1439 H dhumawah dinten Kamis Pahing, 17 Mei 2018 M.
2.      Tanggal 01 Syawwal 1439 H dhumawah dinten Jum’at Legi, 15 Juni 2018 M.
3.      Tanggal 01 Dzulhijah 1439 H dhumawah dinten Senin Kliwon, 13 Agustus 2018 M.
4.      Dinten ‘Arofah (09 Dzulhijjah 1439 H) dhumawah dinten Selasa Pon, 21 Agustus 2018 M.
5.      Idul Adha (10 Dzulhijjah 1439 H) dhumawah dinten Rabu Wagé, 22 Agustus 2018 M.

Gegayutan kaliyan dhatengipun wulan Ramadhan 1439 H punika sumangga sesarengan kita njagi shiyam utawi pasa kita amrih boten kapitunan pungkasanipun. Boten namung pikantuk  nglelak lan luwé kémawon anggѐn kita nglampahi shiyam, hananging kepara saged wonten éwah-éwahanioun; ngéwahi akhlaq kita kanthi sampurna. Dados tiyang ingkang tansah nentepi sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan hanebihi sadaya awisan-Nipun, inggih ingkang kawastanan Taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Tegesipun: “Hé wong-wong kang padha iman, diwajibaké marang sira kabѐh ngelakoni pasa kaya olѐhé diwajibaké marang wong-wong sedurung ira kabѐh, supaya sira padha taqwa”. (QS. Al-Baqarah [2]:183).

Mugi-mugi kita dipunlebetaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng tiyang ingkang tansah taqwa.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Kanggé nggayuh derajat Muttaqin punika kita kedah saged njagi anggѐn kita nindakaken shiyam kita. Njagi shiyam punika kathah cara lan ikhtiyaripun,  lan ing antawisipun inggih punika:

1.      Kita kedah mangertosi syarat-syaratipun shiyam, rukun lan wajibipun shiyam. Ugi kita kedah sinau sunnah-sunnahipun shiyam. Kapan kita ngawiti shiyam lan kapan kita mungkasi shiyam. Kados pundi caranipun dhahar sahur lan dhahar buka.  Ringkesipun kita kedah mangertosi kaifiyah / cara-caraniun nindakaken shiyam amrih shiyam kita leres-leres jumbuh kaliyan tuntunanipun Allah lan Rasul-Ipun.

2.      Kita kedah hambudidaya ngeker hawa nefsu ingkang saged ngirangi bobotipun anggѐn kita nglampahi shiyam; kados ghibah lan nyatur tiyang sanѐs umpaminipun.

3.      Kita ngagungaken lan hambudidaya amrih wulan Ramadhan punika katingal regeng lan makmur miturut tuntunanipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam; kados umpaminipun:

3.1.       Maos / Tadarus Al-Qur’an:
Ing wulan Ramadhan kados ingkang sampun kalampampahan lan ugi wonten ing wekdal sapunika sadaya masjid lan mushalla ngawontenaken tadarus Al-Qur’an. Lan ugi kita manggihaken kathah balé griya ingkang maos Al-Qur’an. Lan malah ingkang kathah ngatamaken anggѐnipun maos  Al-Qur’an. Sadaya punika mujudaken tradisi amaliyah ingkang luhur lan positif.
Tradisi amaliyah ingkang luhur punika badhé langkung sahé manawi dipuntambah kaliyan kajian terjemahanipun. Lan langkung prayogi malih manawi Ta’mir Masjid utawi Mushalla nyamektakaken ustadz minangka dados Pembimbingipun. Kanthi makaten badhé wonten undhakanipun boten namung maos kémawon hananging saged mangertosi isi lan kandunganipun Al-Qur’an. Mugi para Ta’mir saged nggatosaken babagan punika.

3.2.       Shodaqah;
Shadaqah mujudaken amalan sanѐs ingkang kedah ugi kita gatosaken. Kalebet shadaqah ugi infaq lan zakat. Amaliyah punika kedah kita gatosaken sanget amrih dados pancadanipun para fakir, miskin lan para dhu’afa amrih saged tambah sahé tata perekonomianipun. Gegayutan punika pancѐn kedah dipun-garap kanthi saѐstu amrih dumugi sasaranipun. Kados umpaminipun mbudidayaaken LAZIS.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Wonten amalan sanѐs ingkang kedah kita tilar, jalaran pancѐn drawasi lan dipunawisi déning syari’at agami Islam. Para fuqaha paring devinisi shiyam kanthi meper utawi nahan dhahar, ngunjuk, lan sedaya perkawis ingkang batalaken shiyam wiwit jumedhulipun fajar ngantos dumugi angslupipun surya (serngéngé).

Sadaya perkawis ingkang batalaken shiyam punika ѐstunipun halal nalika boten nindakaken shiyam. Awit saking punika shiyam ugi minangka latihan jiwa (riyadhatun nafsi). Kita dipun-gladi meper utawi nahan nafsu saking perkawis ingkang halal.
Hananging asring kita mangertosi lumantar media cetak utawi media elektronika manawi regi kabetahan pokok ing wulan Ramadhan mlonjak lan regi barang-barang ugi dhѐrѐk  mindhak malah kapara gantos regi. Punika tegesipun kaifiyah / cara anggѐn kita shiyam wonten ingkang lepat.

Manawi kita nedha ing sanѐsipun wulan Ramadhan kaping tiga  saben dintenipun, lajeng manawi kita shiyam mesthinipun namung kaping kalih saben dintenipun; dhahar buka lan dhahar sahur. Punika tegesipun kabetahan nedha kita namung watawis 60 %, lan wonten dana langkung watawis 30 %. Manawi kabetahan pokok tambah kathah jalaran mlonjakipun tiyang sugih (aghniya’) ingkang asring shadaqah lan paring tedha dhateng para fakir miskin punika mesthi kedah kita syukuri. Hananging ketingalipun boten kados makaten, lonjakan tambahing kebetahan pokok punika jalaran kita tambah rakus lan tambah méwah-méwahan anggén kita nglampahi shiyam. Manawi punika ingkang wonten, pancѐn kedah kita tebihi satebih-tebihipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Ingkang kedah kita brantas malih inggih punika gegayutan kaliyan nyandhang lan menganggé. Kathah-kathahipun tiyang manawi ngadhepi Ariyadi kedah nyandhang sarwa anyar, punika inggih tradisi ingkang lepat, lan kedah kita brantas wiwit pribadi kita sumrambah dhumanteng para kaum muslimin.
Ariyadi punika boten kedah nyandhang lan menganggé sandhangan ingkang sarwa anyar, hananging ingkang kedah anyar lan tambah punika taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu  wa Ta’ala.
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Kanggé mungkasi khutbah Jum’ah ing siyang punika sumangga kita gatosaken dhawuh pangandikanipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam:
رُبَّ صَائِمِ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلاَّ الْجُوْعُ وَالْعَطَسُ.
Tegesipun: “Akѐh wongkang padha nglakoni pasa, ananging tanpa guna pasané, kajaba luwé lan ngelak”. (HR. Nasa’i, Ibnu Majah, lan Hakim).
Ing wasana mugi-mugi anggѐn kita nindakaken ngibadah shiyam Ramadhan wonten ing tahun punika langkung sahé katimbang tahun ingkang sampun lan dipuntampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 010418, 13.51)=-

No comments:

Post a Comment