Sunday, March 11, 2018

DAKWAH WAJIB TUMRAP TIYANG MUSLIM



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing wekdal punika kita  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kathah katerangan Al-Qur’an lan Al-Hadits ingkang nyebataken kewajiban dakwah tumrap tiyang Muslim dhumateng tiyang Muslim sanèsipun. Makaten, manawi tiyang Islam sasampunipun mangertosi agami, pramila wajib piyambakipun maringi pirsa lan Dakwah dhumateng sedhèrèk Islam sanèsipun miturut kesanggupanipun lan saukur kaliyan pangertosanipun. Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
وَالْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَيُطِيعُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚأُولَٰئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللَّهُ ۗإِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
“Ana déné para wong kang padha Mukmin priya lan wanita iku sawenèh marang sawenèhé padha tulung tinulung sih sinihan, dhèwèké padha mréntah tumindak becik, lan padha nyegah laku ala, lan padha ngedegaké shalat sarta padha awèh zakat, apa déné padha hangéstokaké dhawuhing Allah lan Utusan-É. Wong kang mangkono iku bakal padha kaparingan sih rahmating Allah, sanyata Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana”. (QS. At-Taubat [9]:71).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
عَنْ أَبِي سَعِيْد الْخُدْرِي رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم يَقُوْلُ : مَنْ رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَراً فَلْيُغَيِّرْهُ بِيَدِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِلِسَانِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِقَلْبِهِ وَذَلِكَ أَضْعَفُ اْلإِيْمَانِ. (رواه مسلم)
“Hadits saka Abu Sa’id Al-Khudri ra. nuturaké, “Aku wus krungu Rasululullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: “Sapa kang weruh kamungkaran mula owahana kanthi tanganmu, lamun ora kuwasa mula owahana kanthi lisané, lamun ora kuwasa mula owahana  (tolaken) kanthi atiné lan kaya mengkono iku kalebu saapes-apesing iman”. (HR. Muslim).
Hadits sanès ingkang nunggal makna, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
بَلِّغُوا عَنِّى وَلَوْ آيَة   
Padha tekakna sira kabèh saka ingsun sanajan mung saayat (Al-Qur’an)”. (HR. Bukhari saka Abdullah bin Umar).
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Tiyang punika pancèn papan panggènanipun supé lan lepat, sahingga wajar lan sampun limrah manawi tiyang punika tumindak ingkang nalingsir saking tuntunan agami, sahé amargi khilaf utawi amargi boten kiyat meper  dayaning hawa nefsu. Inggih wonten ing kawontenan punika pepémut lan naséhat saking sesami Muslim sanget dipunbetahaken.
Awit saking punika, minangka tiyang Islam ingkang Iman wajib sesarengan ngémutaken antawisipun satunggal lan satunggalipun inggih punika kanthi Dakwah. Dakwah punika èstunipun mujudaken kaca/cermin ukuran kawigatosanipun satunggalipun tiyang Islam dhumateng Muslim sanèsipun, malah kapara dhumateng sedaya tiyang.
Dakwah punika mujudaken gerakan ingkang lumintu teras boten kénging mandheg kanggé ngéwahi tiyang arupi; pikiran lan solah bawa, pangandikan saking jahiliyah dhateng Islam, utawi saking ingkang sampun Islam supados dados tiyang Islam ingkang paripurna, sahingga ngantos dados satunggalipun masyarakat ingkang Islami.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kanthi katerangan ringkes gegayutan kaliyan dakwah kasebat, pramila dakwah punika nggadhahi tujuwan ingkang luhur lan mulya, lan ing antawisipun tujuwan punika:
1)      Nyuwijèkaken  (Tauhidaken) Allah Subhanahu wa Ta’ala;
Tiyang ingkang nggadhahi tauhid artosipun tiyang ingkang sampun beneraken kanthi leres, mesthi lan yakin dhateng wontenipun Allah, sifat lan asma-asmanipun, saha saged dadosaken tiyang iman dhateng Malaikat, Kitab, Rasul, Dinten Akhir lan Qadha’ Qadaripun Allah.
Dakwah punika tujuwan pokokipun supados tiyang kiat lan kukuh aqidahipun.

2)    Dadosaken agama Islam minangka paugeranipun tiyang gesang;
Misi Islam punika ngajak dhumateng sadaya tiyang nyuwijèkaken Allah lan dadosaken Islam minangka rahmat dhateng sadaya alam. Iman dhateng Allah boten namung pitados dhateng wujud utawi wontenipun Allah, hananging kedah dipunsarani kanthi kapitadosan dhateng sadaya hukum lan syari’atipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Manawi Rasulullah shallahu ‘alaihi wasallam punika kadhawuhan bekta rahmat, pramila rahmat kasebat sampun saged dipunraosaken déning sadaya masyarakat manawi syari’at Allah sampun katindakaken wonten ing gesangipun masyarakat. Inggih wonten ing mriki punika rahmat ingkang dipunjanjékaken Islam badhé kawujud.

3)     Nyuprih ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Nyuprih ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala punika mujudaken tujuwan ingkang langkung utami, jalaran Dakwah kalebet salah satunggalipun ibadah. Minangka ibadah, dakwah kedah dipuntindakaken ugi kanthi ikhlas (khalisan) lan dipuntindakaken kanthi leres (shawaban).
Para da’i lan kalebet para Nabi kathah ingkang boten hasil ngajak nyuwijèkaken lan nauhidaken anak lan garwanipun utawi kaluwarganipun punika boten ateges gagal anggènipun dakwah, jalaran dakwahipun In sya Allah tetep kémawon dipun-ganjar Allah minangka amal shalih.
Awit saking punika kedah tetep dados tujwuan utami (prioritas) kanthi cara nindakaken dakwah jumbuh kaliyan tuntunan agami lan dipuntindakaken kanthi ikhlas hanamung pados ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Dakwah pancèn kedah dipuntindakaken sadaya tiyang Islam jumbuh kaliyan wekdal lan kamampuanipun amrih sadaya tiyang saged wangsul lan tetep nyuwijèkaken dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, syari’at agami Islam saged dipunagem lan dipuntindakaken sedaya tiyang. Ing pangajab para tiyang tansah pikantuk rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, gesang mulya ing donya lan ing akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 131217, 11.29)=-


No comments:

Post a Comment