Wednesday, February 15, 2017

QANA’AH NENTREMAKEM MANAH





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Irah-irahan khutbah Jum’ah wonten ing siyang punika “Qana’ah Nentremaken Manah”. Qana’ah punika rila nampi lan rumaos cekap dhateng sadaya paringipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun dipuikhtiyari saha hanebihi penggalih rumaos kirang lan boten marem,
Tiyang Qana’ah punika boten identik kaliyan tiyang ingkang nggadhahi sikap fatali, ingkang nggadhahi pemanggih bilih gesang punika sampun nasib boten kedah usaha, hambudidaya lan ikhtiyar.
Tiyang gesang qana’ah punika boten sami kaliyan gesang ingkang sarwa prasaja. Jalaran saged kémawon piyambakipun sugih bandha bandhu, hananging kasugihanipun kasebat boten nglirwakaken anggènipun émut dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala  Dzat  ingkang  paring rizki.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ngendika:
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ, وَرُزِقَ كِفَافًا, وَقَنَعَهُ اللهُ بِمَا اَتَاهُ. (رواه مسلم والترمذى وأحمد والبغاوى).
Tegesipun: “Temen-temen begja wong kang pasrah marang Allah, diparingi rizki sekedhar nyukupi, lan diparingi Allah kemareman (sikap qona’ah) samubarang apa wahé kang wus dèn paringaké Panjenengané (Allah) marang dhèwèké.” (HR. Muslim, Tirmidzi, Ahmad, lan Baghawi).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wujud panggesangan tiyang ingkang hanggadhahi sikap qana’ah punika kasunyatanipun saged nentremaken manah, lan mujudaken salah satunggalipun faktor kabagyan ing gesangipun tiyang. Jalaran tiyang ingkang nggadhahi sikap qona’ah punika kuwawi nampi kasunyatanipun gesang, kalebet nampi peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala tumrap piyambakipun.
Tiyang qana’ah punika mangertosi bilih sadaya peparingipun lan pilihanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala minangka paringipun lan pilihanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang langkung sahé lan kedah dipuntampi kanthi suka renaning penggalih, saha jembar ing jaja.
Sikap boten qana’ah punika pancèn rapet sanget kaliyan sikap kufrun nikmah. Sikap kufrun nikmah punika  ndhatengaken adzabipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ing alam donya lan alam akhirat. Ing donya manah tansah rongèh, gelisah, boten tentrem, tansah rumaos kirang, boten marem sadaya ingkang dipundarbèki, tansah nggresula, lan hambudidaya amrih tambah tanpa mawi kendhali, boten ningali halal lan haram, kalebet syirik punapa boten, ingkang baken saged kadumugèn pikajengipun.
Pancèn makaten limrahipun manungsa, manawi dipunparingi punapa kémawon wontenipun tansah kirang kémawon.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
لَوْ اَنَّ لِإِبْنِ اَدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَّهَبٍ اَحَبَّ اَنْ يَكُوْنَ لَهُ وَادِيًا وَلَنْ يَمْلَأَفَهُ  اِلاَّ التُّرَبُ وَيَتُوْبُ
 اللهُ عَلَى مَنْ تَابَ. (رواه البخاري و مسلم).
Tegesipun: “Saumpama sawijining anak Adam (manungsa) nduwèni lembah emas siji  mesthi dhèwèké kepéngin duwéni lembah loro, lan ora ana kang bisa nutup tutuké (ora ana kang bisa ngendheg kerakusané marang kadonyané kajaba lemah [maut]). Lan Allah iku kersa Paring ampunan marang sapa wahé kang gelem tobat.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Islam pancèn boten ngawisi dhateng umatipun nggadhahi bandha ingkang kathah, namung kémawon kedah tansah ènget kados pundi caranipun pikantuk bandha punika lan dhumateng pundi bandha punika dipunblanjakaken. Sadaya kalawau kedah tansah dipunangen-angen supados boten kapusan déning kadonyan.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita donga nyuwun hidayah lan taufiq dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng ndadosaken kita dados kawulanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kuwawi ngadhepi gesang lan panggesangan ing donya punika kanthi sikap qana’ah. Amrih gesang kita ayem, tentrem, bagja mulya donya lan akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
KHUTBAH  II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ
 دُعَاءَنَا. رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 191116, 08.40)=-



No comments:

Post a Comment