Monday, June 11, 2018

CARA NGGAYUH TAQWA INGKANG HAKIKI


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wonten ing kasempatan Jum’at punika sumangga kita ginakaken kanggé sarana nambah iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Ngaturi uninga bilih tiyang ingkang mulya wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala punika tiyang ingkang langkung taqwa. Taqwa ingkang hakiki. tegesipun hanjaga awak saking siksanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika kanthi handhѐrѐk sadaya dhawuh-Ipun saha hanebihi sadaya awisan-Ipun; (Imtitsalu awamirillah wajtinabu nawahihi). Kanthi manah (ati), kanthi lisan, lan kanthi anggota badan jumbuh kaliyan amal ibadah ingkang kita tindakaken. Mugi-mugi kita pejah sowan ngarsanipun Allah Ta’ala kanthi mbeta iman lan Islam. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah istiqamah handhѐrѐk tuntunanipun.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Taqwa ingkang hakiki punika saged kita gayuh kanthi kiat-kiat utawi cara ing antawisipun inggih punika kanthi Tazkiyatun Nafsi;
Tazkiyatun nufus (pensucian jiwa / pembersihan hati), jalaran ketaqwaan dhumateng Allah Ta’ala ingkang saleresipun (ketaqwaan wonten ing salebeting manah) boten saged dipunwujudaken kajawi kanthi nyucѐkaken jiwa/ati saking rereged ingkang ngreged-ngregedi  lan ngalang-ngalangi satunggalipun kawula mareg dhateng ngrsanipun Allah Ta’ala. Allah Ta’ala paring pangertosan lumantar dhawuh pangandikan-Ipun:
وَنَفْسٍ وَمَا سَوَّاهَا فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاها قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا
Tegesipun: “lan dhemi awak-awakan manungsa lan sampurnané kedadéyané[7], tumuli Allah paring ilham marang awak-awakan iku (dalan) kalacutan lan katak-waané[8], ……. (QS. Asy-Syams [91]: 7-10)
Imam Maimun bin Mihran ngendika bilih satunggalipun tiyang boten saged nggayuh taqwa ingkang hakiki kajawi piyambakipun nindakaken muhasabatun nafsi (introspeksi jiwa nyuprih sucining jiwa) ingkang langkung ketat katimbang satunggalipun bakul ingkang ngawasi dhateng bakul-bakul sanѐs ingkang dados sekutu gegayutan kaliyan bathinipun dagangan. Awit saking punika sawenѐhipun tiyang ngendikaken bilih jiwa manungsa punika ibaratipun kados sekutu bakul ingkang tumindak khianat. Manawi kita boten waspada lan tansah ngawasi, bakul sekutu kala wau badhé késah beta dagangan utawi bandha kita, kados déné jiwa kita badhé késah beta agami kita.
Salajengipun, bilih kanggé nyucѐkaken jiwa ingkang leres punika boten wonten sanѐs kajawi kanthi mangertosi lan ngamalaken pitedahipun Allah Ta’ala wonten ing Al-Qur’an lan Sunnah Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam.
Allah Ta’ala nedahaken bilih salah satunggalipun fungsi Al-Qur’an inggih punika kanggé nyucékaken manah (ati) lan nyucѐkaken jiwa manungsa saking noda dosa lan maksiat ingkang ngregedi. Kados dhawuhipun Allah Ta’ala:
أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَسَالَتْ أَوْدِيَةٌ بِقَدَرِهَا فَاحْتَمَلَ السَّيْلُ زَبَداً رَابِياً وَمِمَّا يُوقِدُونَ عَلَيْهِ فِي النَّارِ ابْتِغَاءَ حِلْيَةٍ أَوْ مَتَاعٍ زَبَدٌ مِثْلُهُ كَذَلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ الْحَقَّ وَالْبَاطِلَ فَأَمَّا الزَّبَدُ فَيَذْهَبُ جُفَاءً وَأَمَّا مَا يَنْفَعُ النَّاسَ فَيَمْكُثُ فِي الْأَرْضِ كَذَلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ
Tegesipun: “ (QS. Ar-Ra’d [13]:17).

Imam Ibnul Qayyim ngendika bilih ayat kasebat Allah Ta’ala paring ibarat utawi sanépa manwi ilmu-Nipun ingkang dipunparingaken dhumateng  Rasulullah Shallallahu ‘alahi wa sallan punika kados toya (jawah), jalaran kalih-kalihipun beta panggesangan lan manfa’at tumrap manungsa kagem panggesanganipun ing donya lan akhirat.
Salejengipun Allah paring sanépa bilih atinipun manungsa punika pados déné lembah, kali utawi lѐpѐn, lan danau. Ati ingkang jembar (jalaran resik boten wonten reged) badhé saged nampung ilmu ingkang katah kados lembah ing jembar saged nampun toya ingkang kathah. Lan ati ingkang ciut (jalaran kebak rereged)  naming saged nampung ilmu ingkang sakedhik kados lembah ingkang ciut naming saged nampun toya ingkang sakedhik.

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Makaten kiat lan cara nggayuh taqwa ingkang hakiki, inggih punika kanthi nyucѐkaken manah utawi jiwa saking tumindak dosa lan maksiat. Kanthi  makaten pitahipun Allah Ta’ala ingkang awujud pangetosan isi suraosing Al-Qur’an saha Sunnahipun Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam badhé gampil katindakaken. Kados gambaranipun toya ingkang mlebet ing lembah utawi kali gampil ngrespipun, lan migunani dhateng punapa kémawon ingkang wonten sakiwa tengenipun.

Awit saking punika sumangga kita hambudidaya amrih jiwa utawi manah kita tansah resik tanpa reged sanajan namung sakedhik kanthi hanebihi tumindak dosa lan makisiat.

Yaa Allah mugi kersa Paduka paring anugerah dhumateng jiwa-manah kita ketaqwaan, lan mugi Paduka kersa nyucѐkaken jiwa lan manh kita kanthi ketaqwaan punika. Inggih namung Paduka piyambak Dzat Ingkang Maha Nyucѐkaken. Ingih Paduka piyamabak Dzat ingkang nJagi lan Ngayomi.
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالمَيْنَ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 150418, 13.32)=-

PANGERTOSAN TAQWA


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الّذِيْ خَلَقَ الْمّوْتَ وَالْحَيَوةَ لِيَبْلَوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْ بِنَفْسِيْ وَإِيَّكُمْ بِتَقْوَى اللهِ,  فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hamiwiti khutbah Jum’at punika, kula ngajak dhumateng kula piyambak ugi jama’ah sadaya sumangga kita tansah syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya nikmat ingkang tansah kaparingaken dhumateng kita. Boten supé sumangga kita tansah nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala amrih iman lan taqwa kita tetep istiqamah ngantos kita sowan dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa ta’ala. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi kita Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun paring tuntunan gesang dhumateng kita amrih gesang kita begya mulya donya lan akhirat.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
TAQWA punika asalipun saking basa Arab, miturut makna lughat (basa) tegesipun hanjaga awak saking siksanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika kanthi handhѐrѐk sadaya dhawuh-Ipun saha hanebihi sadaya awisan-Ipun; (Imtitsalu awamirillah wajtinabu nawahihi).
Taqwa (takwa), punika tembung asalipun; waqa – yaqi – wiqayah, tegesipun njaga, inggih punika njagi awak amrih wilujeng donya saha akhirat. Tembung Waqa ugi nggadhahi teges hangayomi satunggalipun barang utawi perkawis, inggih punika hangayomi saking samukawis barang ingkang hambebayani saha perkawis ingkang ndadosaken tuna (rugi).
Iman Ibnu Qayyim al-Jauziyyah ngendika, bilih taqwa ingkang hakiki punika taqwa wonten ing manah, lan sanѐs taqwa wonten ing anggota badan kémawon. Piyambakipun ngendika bilih ѐstunipun satunggalipun kawula punika hanamung saged pikantuk ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi manah, sedya ingkang kekeh, boten namung sakedar anggota badanipun kémawon. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
ذَلِكَ وَمَنْ يُعَظِّمْ شَعَائِرَ اللَّهِ فَإِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوبِ
Tegesipun: “Kaya mengkono iku (printah Allah), lan sapa wongé ngagungaké syi’ar-syi’ar Allah, mula satemené iku tuwuh saka taqwané ati”. (QS. Al-Hajj [22]: 32).
Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi dhawuh wonten ing ayat sanѐs makaten:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ.
Tegesipun: “Daging-daging unta lan getihé iku babar pisan ora bisa mekoléh (karilaané) Allah, ananging ketaqwaan kang saka sira kabѐh iku kang bisa mekoléh karilaané Allah”. (QS. Al-Hajj [22]: 37).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
اَلتَّقْوَى هَهُنَّا. وَيَشِيْرُ إِلَى صَدْرَهُ ثَلَاثَ مَرَاتٍ.
Tegesipun: “Taqwa iku (panggonané) ana kéné, lan Panjenengané (Rasulullah) nuduhaké marang dada (ati) Panjenengané kaping 3 (telu)”.
Imam Nawawi nalika nerangaken makna hadits kasebat ing nginggil, panjenenganipun ngendika: “Tegesipun: “Satemené amal penggawéyan kang katon ana anggota badan iku ora mesthi nuduhaké anané taqwa kang hakiki ana ing sawijining wong. Ananging, taqwa kang sabeneré iku kawujud ana ing sajroné ati manungsa, awujud pangagungan, rasa wedi lan tansah ngrasakaké pangawasané Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
TAQWA ingkang hakiki kados ingkang kasebat ing nginggil cetha sanget, jalaran ngamal ingkang ketingal anggota badan punika boten mesthi hanamung katujukaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados tiyang-tiyang munafiq iang zaman Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, piyambakipun ngetingalaken Islamipun secara lahir, kanthi tujuan amrih piyambakipun pikantuk pangayoman saking kaum Muslimin, kamangka jroning manah kasimpen kekafiran lan kabencian dhateng agami Islam. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إِنَّ الْمُنَافِقِينَ يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْ وَإِذَا قَامُوا إِلَى الصَّلاةِ قَامُوا كُسَالَى يُرَاؤُونَ النَّاسَ وَلا يَذْكُرُونَ اللَّهَ إِلَّا قَلِيلاً.
Tegesipun: “Satemené wong-wong munafiq kuwi padha nipu Allah, lan Allah bakal mbales tipuwané. Lan nalikané dhѐwѐké ngadeg  arep shalat dhѐwѐké krasa aras-arasen. Dhѐwѐké mau nduwѐni karep riya’ (kanthi nglakoni shalat) ing ngrepé wong liya. Lan dhѐwѐké ora naté nyebut Allah kajaba mung sethithik wahé (maksudé dhѐwѐké ngelakoni shalat namung kala-kala wahé yѐn dhѐwѐké ana ing sandhingé wong liya)”. (QS. An-Nisa’ [4]:142).
Makaten kawontenipun tiyang anggѐnipun ngamalaken agami Islam secara lahir, boten sadaya kanthi tujuwan pados ridhanipun Allah Ta’ala. Malah wonten sapérangan tiyang anggѐnipun ngamalaken agami Islam punika namung nalika manawi wonten manfa’atipun pribadi, lan nalika dipunraosaken boten wonten manfa’atipun lajeng mléngos lan nilaraken agami Islam.
Inggih tiyang-tiyang kados makaten punika ingkang dipunkersakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an:
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَعْبُدُ اللَّهَ عَلَى حَرْفٍ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انْقَلَبَ عَلَى وَجْهِهِ خَسِرَ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ ذَلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ.
Tegesipun: “Lan ing antarané  manungsa ana wong kang nyembah Allah kanthi minggir-minggir (ora kanthi kebaké kapitayan/keyakinan), mula nalikané dhѐwѐké merkolѐh kabagusan dhѐwѐké ngrasa anteng ana ing kahanan iku, lan kalamun nandhang sawijiné pacoban, dhѐwѐké banjur kuwalik rahiné (bali kafir manѐh). Dhѐwѐké ngalami karugѐn ana ing donya lan akhérat. Kang mengkono iku, wujudé karugѐn kang cetha“. (QS. Al-Hajj [22]:11).
Ayat kasebat mengku teges bilih tiyang munafiq punika anggѐnipun ngrasuk agami Islam boten sawetahipun, hananging namung lamisan kémawon. Manawi piyambakipun pikantuk punapa ingkang dipunkajengaken piyambakipun badhé anteng, hananging manawi boten kadumugѐn pikajengipun lajeng malik tingal, ingkang ateges murtad dados kafir malih.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ
Tegesipun: (hiya iku) wong-wong kang nyedhekahaké (bandhané), padha uga ing wektu kejembaran utawa ing wektu karupekan, lan wong-wong kang ngempet uring-uringé, lan wong-wong kang ngapura (kaluputané liyan). Allah seneng marang wong-wong kang kang agawé kabecikan”. (QS. Ali Imran [3];134).
Ayat kasebat mujudaken gambaran satunggalipun tiyang ingkang pengamalan taqwanipun hakiki, jalaran anggѐnipun ngamal mligi hanamung pados ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, boten kanggé hanyekapi kabetahipun pribadi lan nuruti hawa nafsu. Tigang pengamalan punika; infaq / shodaqah nalika jembar saha rupeg, ngempet boten duka ngumbar hawa nefsu, kamangka wonten kasempatan duka, paring pangapunten dhateng tiyang ingkang tumindak lepat dhumateng kita. Sadaya punika mujudaken pengamalan ingkang sumberipun saking ketaqwaan hati, kalis saking kabetahan pribadi saha nuruti hawa nefsu.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Makaten menggah sawatawis pangertosan TAQWA ingkang saged kula aturaken wonten ing kasempatan khutbah ing wekdal punika. Mugi dados kawigatosan kita, bilih taqwa punika wonten manah, tegesipun wonten ing ati boten ing tata lahiripun. Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé Mirsani  lan badhé paring Pangalembana sadaya lumantar krenteging manahipun tiyang.
Ing wasana sumangga kita nyuwun pangreksa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala mugi kita dipunparingi kiyat iman saha taqwa kita dhumateng Allah Ta’ala kanthi hakiki, lan dipuntebihaken saking sifat Munafiq. Tiyang ingkang hanamung lamisan keimananipun. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan begya donya saha akhérat. 
Amin yaa Rabbal ‘Alamin
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 180418, 16,52)=-