Wednesday, February 15, 2017

UNDHUH-UNDHUHANIPUN TIYANG TAKABUR






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita tansah hambudidaya nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun taqwa. Inggih punika hanindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi tulus lan ikhlas, ugi hanilaraken sadaya papacuhipun  kanthi ikhlas lan sabar, hanamung ngajeng-ajeng ridhonipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Takabur, gumedhé, lan inggih ingkang kawastanan sombong punika makna lan tegesipun sami sanajan inggih wonten ingkang mbèntenaken teges lan makna khususipun. Takabur utawi sombong punika boten nampi perkawis ingkang leres lan ngasoraken hak-hakipun tiyang sanès.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
اَلْكِبْرُ بَطْرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ.
“Takabur iku nolak bebener lan ngasoraké hak-haké manungsa”. (HR. Muslim).
Rasululllah shalallahu ‘alaihi wa sallam minangka tetunggulipun ummat, negarawan suksès, politikus handhal, panglima perang, hananging Panjeneganipun boten naté babar pisan takabur, ngegungaken pribadhinipun.
Rasululllah shalallahu ‘alaihi wa sallam inggih besuk (tuwi) tiyang ingkang sakit, sanget trisna dhumateng laré yatim lan tiyang miskin, lan ugi kersa hangrawuhi iber-iber (sedhahan) lan pamundhutipun sinten kémawon.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Takabur punika sanget hambebayani tumrap pribadhinipun piyambak, lan ugi hambebayani dhumateng tiyang sanès. Tiyang ingkang takabur punika badhé pikantuk adzab neraka Jahannam. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إِنَّ الَّذِينَ يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِي سَيَدْخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ
“ Satemené wong-wong kang padha angkuh saking manembah marang Ingsun bakal mlebu neraka Jahanam kanthi kahanan kang banget inane”. (QS. Mukmin [40]: 60 ).
Makaten punika piwalesipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng tiyang ingkang hanggadhahi sifat takabur.  Tiyang ingkang tansah nglirwakaken  lan boten hanggatosaken dhawuh lan syari’atipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Awit saking punika kita kedah hambudidaya hanebihi sifat takabur punika, jalaran badhé pikantuk adzab saking Allah Subhanahu wa Ta’ala; badhé dipunlebetaken dhateng jurangingipun latu neraka ingkang sanget hanggegirisi siksanipun.
Lajeng manawi tiyang ingkang kalebet takabur dhumateng Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam punika tiyang ingkang sungkan lan awrat ing manah hanindakaken dhawuhipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam.
Tiyang ingkang manut lan mituhu dhawuhipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam badhé dipunlebetaken dhateng suwarga kanthi ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
كُلُّ أُمَّتِيْ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ, إلاَّ مَنْ أَبَى.
“Kabèh umatku bakal mlebu ing suwarga, kajaba wong ingkang ‘aba’ (wegahan)”.
Ingkang kawastanan ‘aba’ punika tiyang ingkang angas lan wegahan, tiyang ingkang boten manut lan mituhu dhateng dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang manut lan mituhu dhumateng dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun punika gambaranipun kados umatipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam; Inggih jalaran iman lan kepitadosanipun, sanajan wanci ketiga miturut tata nalar lan adat sabenipun boten badhé wonten jawah, hananging umatipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam tetep kémawon manut lan mituhu dipundhawuhi damel baita (prahu). Inggih saking kersanipun Allah ingkang Maha Kuwaos ketiga ngerak jawah ageng dumugi ingkang handadosaken banjir bandhang, toya manginggil ngantos ngungkuli redi.
Tiyang ingkang manut lan mituhu dhawuhipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam sadaya wilujeng, kajawi tiyang ingkang baléla boten manut dhawuhipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam, kalebet garwa lan putranipun ingkang nami Kan’an. Banjir sampun cetha ageng tetep kemawon boten purun mlebet minggah nitih prahu. Lan inggih makaten punika pungkasanipun tiyang ingkang takabur. Kan’an lan ibunipun saha tiyang ingkang boten tha’at dhawuhipun Nabiyullah Nuh ‘alaihi sallam sadaya klelep ical lan pejah kabeta banjir. Makaten bebayanipun lan pungkasanipun tiyang manawi takabur.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita handedonga mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah maringi kekiyatan Iman lan Islam dhumateng kita, sahingga kita saged ngawonaken sifat-sifat takabur lan saged ngéwahi dados tiyang ingkang hanggadhahi sifat-sifat ingkang pinuji, tiyang ingkang hanggadhahi akhlaq karimah.
Mugi pungkasan gesang kita tansah pikantuk ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, gesang bagya mulya donya lan akhiratipun, pejah kanthi husnul khatimah.
Amin Yaa Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 160117, 13.45)=-


WIGATOSIPUN WEKDAL TUMRAP ISLAM





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang ngratoni sadaya langit lan bumi. Dzat ingkang hanggesangaken lan hamejahaken. Dzat ingkang Maha Kuwaos lan Maha Mirsani sadaya obah mosikipun para kawula wonten ing sadhéngah wekdal, papan, lan penggénan.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Saben tiyang ingkang hanggadhahi iman mesthi nglenggana manawi penggesangan wonten ing lumahing bumi punika boten langgeng tanpa winates kanthi wekdal. Saben tiyang nglampahi penggesangan jumbuh kaliyan kontrakipun, sadaya kanthi wates wekdal ingkang sampun dipunpesthèkaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Umuripun tiyang satunggal lan satunggalipun bènten, makaten ugi ngamal tumindakipun.
Saben tiyang Mukmin nglenggana bilih piyambakipun boten badhé selaminipun gesang lan mapan wonten ing alam donya. Panggesangan wonten ing alam donya punika hakékatipun nembé wonten ing proses lumampah tumuju panggesangan akhirat ingkang langgeng lan kakiki. Sikap ingkang makaten punika èstu bènten sanget lan cengkah kaliyan tiyang-tiyang ingkang boten hanggadhahi iman. Jumbuh kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا. وَالآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَى
“Ananging sira kabèh (wong-wong kafir) padha milih kahuripan donya [16]. Déné kahuripan akhirat iku luwih apik lan luwih langgeng [17].” (QS. Al-A’la [87]: 16-17).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wonten sawenèhing tiyang ingkang asring nglirwakaken bilih wekdal gesang hanamung dipun-ginakaken kanggé seneng-seneng, nedha, ngombé, lan sadaya tumindak ingkang sifat kadonyan. Piyambakipun babar pisan boten menggalihaken dhateng proses dumadosipun jiwa lan raganipun ngantos nalika ajal dumugi. Raos kedewung wonten wekdal punika sampun boten wonten ginanipun babar pisan. Inggih wonten ing wekdal punika kita hambetahaken iman ingkang kiyat supados ngatos-atos lan waspada anggènipun hangginakaken wekdal ingkang sumadya. Prayogi kita pinter-pinter manfaataken, amrih boten wonten wekdal ingkang muspra. Makaten kawontenaniun wekdal ingkang lumampah rina lan dalu gilir gumanti saben wekdal lan dintenipun.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wonten ing agami Islam, “wekdal” punika boten namung sekedhar langkung awis katimbang emas. Kados ngendikanipun tiyang-tiyang Inggris “Time is money”. Hananging wedal punika langkung aji lan awis katimbang arta. Wekdal, wonten ing agami Islam punika mujudaken “Panggesangan”, “Al-Waqtu huwa Al-Hayah”, makaten atur pangandikanipun AS-Syahid Hasan Al-Banna.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Pepatah ingkang ngendikakaken bilih “wekdal” punika langkung awis katimbang arta, jalaran èstunipun arta punika bandha donya ingkang saged dipunpadosi. Lajeng wekdal punika mujudaken rahmat lan karunianipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang boten saged dipunpadosi, malah kapara badhé mangsulaken boten saged sanajan namung satunggal dhetik kéwala.
Panggesangan ing alam donya ingkang dipunpaèsi kanthi mawarni-warni kasenengan, sahingga kanthi donya ingkang hanggadhahi sifat boten langgeng punika handadosaken tiyang kathah-kathahipun lajeng kasengsem lan supé wekdal.
Malah kapara boten sakedhik wekdal ingkang kabucal hanamung kanggé nikmati panggesangan donya kemawon boten menggalih bilih piyambakipun punika badhé ngadhep dhumateng Allah Dzat Ingkang Maha Kuwaos kanggé nanggeljawabaken sadaya amal tumindakipun arikala gesang wonten alam donya.
Para sadhèrèk, nyaosi pémut, bilih ajal utawi pejah punika satunggalipun kawontenan ingkang mesthi kadadosan lan badhé tumama dhateng sadaya makhluk ingkang gesang minangka tandha telasipun kontrak gesang ing alam donya. Gegayutan kaliyan pepesthèn ajal punika Allah Ta’ala dhawuh makaten:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ.
“Saben-saben awak-awakan kang anduwèni nyawa iku bakal ngicipi pati.”(QS. Ali Imron [3]: 185).
Para sadhèrèk nyaosi priksa, bilih donya punika minangka papan panggénan tiyang kanggé ngamal, tumindak ingkang sahé lan nilar tumindak ingkang awon. Donya punika mujudaken papan panggénan kanggé pados sangu gesang wonten akhirat. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا ۖ وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ ۖ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
“Lan nyupriha sira marang apa kang wis dianugrahaké déning Allah marang sira (supriha) kanggo akhirat, lan sira aja lali jatahanira saka donya (supaya nindakaké donya kanggo kapentingan akhirat) lan sira mbagusna (marang sapadha-padha sarana sedhekah) kaya anggoné Allah mbagusi marang sira, lan sira aja nyuprih karusakan ana ing bumi (sarana nindakaké maksiat). Satemené Allah ora seneng marang wong-wong kang padha gawé karusakan.” (QS. Al-Qashash [28]: 77).
Hadirin Jama’ah Jum’at rahimakumullah.
Nyaosi priksa bilih kita punika dipuntitahaken Allah Ta’ala minangka makhluk ingkang apes, makhluk ingkang ina, boten pantes manawi kita lajeng tumindak angkuh, gumedhé, takabur, lan nyombongaken dhiri. Kita punika minangka makhluk ingkang boten saged punapa-punapa, kajawi  Allah Ingkang Maha Kuwaos ngersakaken.
Para sadhèrèk, nyaosi priksa bilih kita manungsa punika dipuncipta déning Allah Ta’ala kanthi mawarni-warni kaunggulanipun, boten hanamung kanggé nguja hawa nafsu kémawon, hananging Allah Ta’ala ndadosaken kita manungsa wonten ing lumahing bumi punika minangka dados khalifah, kados dhawuh pangandikanipun Allah Ta’ala:
“Élinga nalika Pangéran-ira dhawuh marang para malaikat: “Setuhuné Ingsun arep nitahaké khalifah ana ing bumi”. Para malaikat padha matur:
“Menapa prayogi Panjenengan nitahaken (khalifah) wonten ing bumi rupi tiyang ingkang namung badhé damel kirasakan lan patèn-pinatèn, kang mangka kawula sedaya punika tansah maos tasbih lan tahmid sarta nyucèkaken asma Panjenengan?”. Allah dhawuh: “Setuhuné Ingsun iku Pirsa apa kang sira kabèh ora padha ngerti”. (QS. Al-Baqarah [2] : 30).
Para sadhèrèk, nyaosi priksa bilih pasca panggesangan ing alam donya punika kita badhé wangsul sowan marak dhateng Allah Rabbul ‘Izzati nanggeljawabaken sadaya amal pendamelan kita. Pramila minangka tiyang ingkang hanggadhahi iman, prayogi kita hangginakaken wekdal peparingipun Allah Ta’ala punika kanggé ngibadah kanthi sahé lan leres, sahingga boten badhé kapitunan ing tembé wingkingipun.
Prayogi kita mbudidaya wekdal kita ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala punika kanggé ngibadah, lan poma dipoma sampun ngantos ngibadah punika nengga wekdal manawi sampun longgar.
Sumangga kita lajeng gumrégah awit sapunika kanggé ngisi panggesangan punika kanthi mawarni-warni pandamelan ingkang sahé lan positif. Kadosta umpaminipun: maos lan nulis ingkang mbokbilih badhé wonten gina lan manfa’atipun wonten wekdal ingkang badhé dumugi, lan maringi punapa kémawon ingkang migunani dhateng tiyang sanès.
Kanthi makaten Insya Allah kita badhé pikantuk kabagyan ingkang ageng. Lan kanthi makaten wekdal ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala dhumateng kita boten badhé ical kanthi muspra.
Hadirin Jama’ah Jum’at rahimakullah.
Sumangga kita ngangen-angen lan manggalihaken, bilih tiyang-tiyang ingkang gesang langkung rumiyin punika sanget antusiasipun dhumateng buku lan sanget efektifipun anggènipun manfa’ataken wekdal. Pramila saking punika, kintenipun prayogi kita ingkang gesang wonten ing zaman ingkang sarwa modern punika; buku-buku sampun sumebar warata wonten ing pundi kémawon, malah wonten ing internet kanthi gampil kita ngakses mawarni-warni ilmu lan pangertosan. Boten pantes manawi kita lajeng kèndel boten gumrégah, tilem kémawon boten hangginakaken wekdal kanthi sahé. Lan inggih punika pentingipun wekdal wonten ing agami kita Islam. Wekdal punika panggesangan “اَلسَّاعَةُ هَوَ اَلْحَيَاةُ”, tegesipun wekdal punika kedah kita ginakaken kanggé makarya lan ngibadah, lan ampun ngantos wekdal ingkang sampun lumampah punika  boten nilar atsar/tilas kasahénan tumrap kapentinganipun ummat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم
-=(hms, 110117, 11.39)=-


KHUTBAH  II (2)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms)=-




KALIH UNDERAN KARISAKAN UMAT





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing wekdal punika kita  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
 Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Salajengipun sumangga kita hanggatosaken dhawuh pangandikanipun Rasulullah shallahu ‘alaihi wassallam  kasebat:
وَعَنْ سَهْلِ بِنْ سَعْدٍ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صلعم مَنْ يَضْمَنْ لِى مَا بَيْنَ لِحْيَيْهِ وَمَا بَيْنَ رِجْلَيْهِ اَضْمَنْ لَهُ اْلجَنَّةَ. (متفق عليه).
Tegesipun: “Sahal bin Sa’ad ra. matur, Rasulullah shallahu ‘alaihi wa sallam  ngendika: “Sapa sing wani njamin marang aku keselametan apa sing ana ing antarané loro jangguté lan ing antarané pupu loroné, mula ingsun njamin dhèwèké suwarga.” (HR. Bukhari Muslim).
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Ingkang dipunmaksud punapa ing antawisipun kalih janggut inggih punika ilat (tutuk), lan ingkang dipunmaksud punapa ing antawisipun pupu kalihipun inggih punika farji (kemaluan).
Hadits kasebat Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam paring kategasan bilih sinten kémawon ingkang wantun njamin njagi tutuk lan farjinipun saking tumindak awon, pramila Rasulullah shallahu ‘alaihi wassallam  njamin piyambakipun Suwarga. Pangertosan Suwarga wonten ing hadits punika mlebet suwarga rumiyin sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang pancèn sampun dipun-garisaken Allah Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyin  mlebet Suwarga. Jalaran manawi namung sekedhar mlebet suwarga kémawon, saben-saben tiyang Mukmin jelas badhé mlebet Suwarga.
Tiyang Mukmin ingkang mlebet Suwarga punika  wonten ingkang mlebet rumiyin lan wonten ingkang mlebet kantun. Ingkang mlebet kantun punika saged ugi awit saking kathahipun perkawis ingkang kedah dipunrampungaken utawi piyambakipun dipunlebetaken ing Neraka rumiyin minangka nebus dosa-dosanipun.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Hadits Sahal bin Sa’ad ra. kasebat saged kita mangertosi bilih tutuk lan farji punika dados sumberipun kajahatan, maksiat, lan dosa. Kajahatan tutuk awujud omongan lan kajahatan farji utawi kemaluan awujud sexual ingkang boten manut pranatan syara’.
Kajahatan ingkang dipunwujudaken kekalihipun punika saged ngrisak umat, sahé pribadi, masyarakat, bangsa lan negari. Kejahatan kasebat handadosaken satunggalipun tiyang nelangsa lan sengsara gesangipun ing donya lan akhiratipun.
Kejahatan ingkang sumberipun farji (kemaluan) punika ing antawisipun zina, lesbian, homoseksual, lan sadaya  tumindak panyimpangan seksual sanèsipun. Ingkang sadaya kalawau badhé handadosaken fatal gesangipun. Tiyang kasebat saged ugi kajangkit HIV, AID, lan badhé lahir laré ingkang boten hanggadhahi bapa ingkang resmi ingkang handadosaken perkawis hak nikah lan hak warisipun.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Wondéné kajahatan ingkang sumberipun saking ilat (tutuk) punika arupi tumindak goroh, fitnah, ghibah, namimah, tumbak cucukan, guneman ingkang nuwuhaken nafsu birahi lan sapanunggalanipun. Sadaya kalawau inggih badhé handadosaken risakipun tiyang, masyarakat, bangsa lan negari.
Jalaran goroh nuwuhaken kedloliman wonten ing papan pundi kémawon. Goroh punika kalebet tumindak ingkang dipunbendu déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jalaran fitnah, saged ugi tiyang boten lepat kadakwa lepat. Fitnah punika langkung kejem tinimbang pepati.
Jalaran omongan ingkang nuwuhaken nafsu birahi sahé liwat telpon, koran, majalah, saged handadosaken sapérangan kawula mudha risak méntalipun.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kanthi katerangan cekak punika kita saged mundhut dudutan bilih tiyang punika manawi kepéngin wilujeng donya lan akhiratipun, pramila piyambakipun wajib hanjagi ilat (lathi) lan farji (kemaluan) nipun. Jalaran kalih perkawis (lathi lan farji)  punika dados underan risakipun ummat.
Manawi piyambakipun saged njamin lathi lan farjinipun boten tumindak kajahatan, pramila piyambakipun sampun pikantuk jaminan saking Allah Subhanahu wa Ta’ala mlebet Suwarga langkung rumiyin sesarengan kawulanipun Allah ingkang pancèn sampun dipuntetepaken mlebet Suwarga langkung rumiyin.
Awit saking punika sumangga kita hambudidaya hanjagi lathi lan farji kita amrih boten tumindak kajahatan lan dosa. Mesthi kémawon kita boten katalumpèn ugi lelambaran donga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah nglubèraken rahmat, taufiq, lan hidayahipun dhumateng kita sadaya.
Aamiin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 301216, 07.00)=-