Monday, August 15, 2016

AKIDAH INGKANG LERES MINANGKA SAHIPUN NGAMAL



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ:
يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Para sedhèrèk kawula, Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kawula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sami, sahingga kita ing wekdal punika  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah SwT. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw., ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha dhumateng kita.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Akidah ingkang leres punika handadosaken syarat sahipun ngamal. Akidah mujudaken pondasi kanggénipun agami.
Akidah inggih punika iman dhumateng Allah SwT., iman dhumateng para Malaikat-Ipun, iman dhumateng Kitab-Ipun, iman dhumateng Rasul-Ipun, iman dhumateng Dinten akhir, lan iman dhumateng Qadar; sahé Qadar ingkang awon lan Qadar ingkang sahé. Gegayutan punika dipunsebat ugi minangka rukun iman.
Akidah inggih punika ingkang dipunpitadosi utawi dipunyakini dénéng satunggalipun tiyang. Manawi dipunngendikaaken, “Piyambakipun kagungan akidah ingkang leres,” ateges tiyang kasebat akidahipun kalis saking kamamangan. Akidah mujudadaken pendamelan manah, inggih punika kapitadosan manah lan ngleresaken dhumateng satunggaling perkawis.
Akidah sacara syar’i kapérang dados kalih warni, inggih punika I’tiqadiyah lan Amaliyah. Akidah I’tiqadiyah inggih punika perkawis ingkang boten magepokan kaliyan tatacara ngamal, kados I’tiqad (kapitadosan) dhumateng rububiyah Allah SwT. lan kewajiban ngibadah dhumateng Allah Ta’ala, ugi hanggadhahi I’tiqad dhumateng rukun-rukun iman ingkang sanésipun, lan punika ugi kasebat akidah ashliyah (pokokipun agami). 
Wondéné ingkang kasebat akidah Amaliyah inggih punika sedaya punapa ingkang magepokan kaliyan tatacara ngamal. Contonipun inggih punika shalat, zakat, shiyam, lan sedaya hukum-hukum amaliyah, lan punika dipunwastani Far’iyah (cabangipun agami), jalaran piyambakipun dipunbangun kanti i‘tiqadiyah.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Leres lan risakipun amaliyah gumantung dhumateng leres lan risakipun I’tiqadiyah. Pramila akidah ingkang leres punika minangka fondasi bangunanipun agami saha dados syaratipun ngamal.
Kawastanan aqidah ingkang leres inggih punika manawi adhedhasar dhumateng wahyu kéwala. Awit saking punika sumber-sumberipun inggih hanamung ingkang woten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah. Jalaran boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang langkung mangertosi magepokan kaliyan Allah Ta’ala, perkawis ingkang wajib lan ingkang punapa ingkang dipun sucèkaken Allah Ta’ala inggih hanamung Allah Ta’ala piyambak ingkang mangertosi.
Lan boten wonten satunggal tiyang kéwala ingkang langkung mangertosi magepokan Allah Ta’ala kajawi hanamung Rasulullah saw. piyambak. Awit saking punika para pendhèrèkipun anggènipun gegebengan lan gegondhélan akidah inggih hanamung Al-Qur’an lan As-Sunnah kéwala.
Allah SwT. dhawuh:
 (36). وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ
“Lan sejatiné Ingsun wis ngutus rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangaké): “Manembaha sira kabèh marang Allah, lan ngedohono Thaghut,” (QS. An-Nahl [16]: 36).
Thaghut inggih punika syaitan lan punapa kémawon ingkang dipunsembah sanèsipun saking Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Para da’i lan muballigh saben-saben wekdal anggènipun hamaringi sesuluh lan tausiyah prayogi handhèrèk lan nuladha dhumateng para rasul anggènipun dhakwah. Inggih punika dhakwah dipunwiwiti lan adhedhasar tauhid saha hangleresaken akidah. Salajengipun nembé ngajak-ajak dhumateng sedaya dhawuhipun agami sanèsipun. Lan anggènipun hanindakaken pangibadahan prayogi tansah gegondhèlan saèstu dhumateng Al-Qur’an lan As-Sunnah kanti saleres-leresipun akidah.
Allah SwT. paring dhawuh:
وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ
“Lan padha cecekelana sira kabèh marang tamparé (agamané) Allah, lan aja nganti sira kabèh padha prenca-prenca, lan padha ngèlingana sira kabèh marang nikmaté Allah kang wis kaparéngaké marang sira kabèh rikala sira kabèh mbiyèn (jaman Jahiliyah) padha musuh-musuhan, mula Allah banjur nglulutaké antarané atinira kabèh, banjur amarga nikmaté Allah sira kabèh dadi wong-wong kang padha paseduluran; lan sira kabèh wis ana sapinggiré jurang Neraka, banjur Allah nylametaké sira kabèh saka jurang Neraka iku. Kaya mengkono iku Allah mratélakaké ayat-ayat-É marang sira kabèh, kang supaya sira padha éntuk pituduh.” (QS. Ali Imran [3]: 103).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Ingkang kedah kita mangertosi ugi inggih punika, bilih Allah Ta’ala boten ridho lan rilo manawi wonten ingkang dipunsekuthokaken kaliyan Panjenenganipun Allah anggènipun ngibadah dhumateng Panjenenganipun. Hanamung Allah piyambak ingkang langkung hanggadhahi hak dipunibadhahi utawi dipunsembah.
Dalil ingkang gegayutan kaliyan punika dipunsebataken wonten ing surat Al-Jin [72] ayat 18 inggih punika makaten:
وَأَنَّ الْمَسَاجِدَ لِلَّهِ فَلا تَدْعُوا مَعَ اللَّهِ أَحَدًا (١٨)
“Lan satemené mesjid-mesjid iku kagunganè Allah. Mula aja padha nyembah marang sapa wahé  ana ing jeroné sartané  (nyembah) Allah.” (QS. Al-Jiin [72]: 18).
Wonten ing ayat punika Allah SwT. hangawisi tiyang ngibadah dhumateng sanèsipun Allah, kajawi hanamung dhumateng Panjenenganipun piyambak. Allah SwT. boten hangawisi satunggaling perkawis, kajawi perkawis kasebat mesthi boten dipunridhoi Panjenenganipun. Allah SwT. boten ngridhoi kekafiran lan kesyirikan, hananging saèstunipun Allah Ta’ala sampun ngutus para rasul lan sampun hanurunaken kitab-kitab kanggé hamerangi kekafiran lan kesyirikan.
Allah SwT. dhawuh:
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّى لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلَّهِ
“Lan padha merangana marang wong-wong mau, supaya aja nganti ana fitnah lan supaya agama kuwi namung kagem Allah … .” (QS. Al-Anfal [8]: 39).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Manawi Allah Ta’ala boten hangremeni kekafiran lan kesyirikan, pramila tiyang mukmin inggih hanggadhahi kewajiban boten ngridhoi kekalih-kalihipun, jalaran ridho lan nesunipun tiyang mukmin inggih dhèrèk ridho lan nesunipun Allah Ta’ala. Makaten ugi manawi Allah Ta’ala boten ngridhoni kesyirikan lan kekafiran, pramila tiyang mukmin boten layak hangridhoni ugi.
Kesyirikan punika mujudaken perkawis ingkang sanget hambebayani. Allah SwT. dhawuh:
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَىٰ إِثْمًا عَظِيمًا

“Satemené Allah kuwi ora bakal paring pangapura marang dosa syirik, lan Panjenengané kersa paring pangapura marang saliyané (syirik) kuwi, tumrap sapa wahé kang dikersakaké. Sing sapa wahé kang nyekuthokaké Allah, temtu dhèwèké wus nglakoni dosa kang gedhé banget.” (QS. An-Nisa’ [4]:48).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Akidah ingkang leres punika minangka syarat sahipun satunggaling pangibadahan. Awit saking punika, sumangga kita hanjagi akidah kita supados boten wonten nodha saking kasyirikan, sahé syirik ingkang ageng utawi syirik ingkang alit, supados pangibadahan kita dados sah lan badhé katampi déning Allah SwT.
Mugi-mugi Allah Ta’ala kepareng paring pitulungan dhumateng kita saged hanjagi akidah kita, lan saged tumidak kesahénan kanti sahé lan leres.
Hanamung kanti akidah ingkang leres kémawon ingkang badhé saged hanyempurnaken pangibadahan kita.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 130816, 09.25)=-





Friday, July 22, 2016

NGGAYUH SUWARGA LUMANTAR AMALAN TAQWA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدَ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَلِيُّ الصَّالِحِينَ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا خَاتَمُ الأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِيْ تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.  أَمَّا بَعْدُ:

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah SwT., Dzat ingkang nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya ngalam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan mungkereping langit.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad saw., kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah dhumateng kita sami, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Suwarga punika dipuncawisaken kanggé tiyang ingkang taqwa, lan piyambakipun punika ingkang dados penghuninipun. Salajengipun Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi sifat tiyang ingkang taqwa lan amalanipun kasebat wonten ing Al-Qur’an Al-‘Adhim surat Ali Imran [3] ayat 133-134, makaten:

وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ (133)
الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ (134)
“Lan padha énggal-énggala sira kabèh (luru) marang pangampunan saka Pangéranira kabèh lan (luru) marang suwarga kang ambané iku kaya ambané langit lan bumi kang kacawisaké kanggo wong-wong kang padha taqwa, [133]. (hiya iku) wong-wong kang nyedhekahaké (bandhané), padha uga ing wektu kajembaran utawa ing wektu karupekan, lan wong-wong kang ngempet uring-uringé, lan wong-wong kang ngapura (kaluputané liyan). Allah seneng marang wong-wong kang agawé kabecikan.[134]”
Ayat kasebat ing nginggil paring pangertosan dhumateng kita gegayutan kaliyan amalan-amalanipun tiyang taqwa, inggih punika:
1.      { الذين ينفقون في السراء والضراء } = Dhemen infaq,
Inggih punika tiyang-tiyang ingkang kathah anggènipun ngedalaken infaq, sahé wonten ing wekdal susah manahipun utawi seneng, gampil lan angèl, longgar lan rupek, sehat lan sakit, lan wonten ing sadaya kawontenan punapa kémawon. Manawi wonten ing kawontenan gampil lan pinaringan rizki ingkang langkung piyambakipupun infaq, semanten ugi wonten ing wekdal rupeg (susah), piyambakipun tetep infaq sanajan namung sakedhik.
2.      { والكاظمين الغيظ } = Ngempet amarah,
Inggih tiyang ingkang taqwa punika tiyang ingkang saged ngempet amarah. Manawi wonten ingkang damel sakit, limrahipun tiyang, salebetipun manah badhé dongkol, lan badhé males kanti pangucap lan tumindak. Punika limrahipun tiyang ingkang dipunsakiti. Hananging tiyang taqwa ingkang dipun janjèkaken badhé mlebet suwarga dénéng Allah SwT. badhé ngempet manahipun saking amarah, hambudidaya amprih sabar sanajan sampun dipundamel sakit. Rasulullah saw, paring dhawuh:
الغَضَبُ يَجْمَعُ الشَّرَّ كُلَّهُ
“Amarah  iku bakal ngumpulaké sakabèhing tumindak kang ala.” (HR. Ahmad).
3.      { والعافين عن الناس } = Ngapura kapulutané liyan.
Kalebet maringi pangapunten dhateng tiyang sanès inggih punika maringi pangapunten dhumateng sedaya tiyang ingkang sampun damel sakit sahé kanti tumindak lan pangucap.
Maringi pangapunten dhumateng tiyang sanès punika langkung utami katimbang ngempet amarah, jalaran paring pangapunten dhumateng tiyang sanès punika artosipun boten mbales dhendham dhateng tiyang ingkang damel sakit lan nglonggaraken manah dhumateng piyambakipun. Allah SwT. paring dhawuh:
فَمَنْ عَفَا وَأَصْلَحَ فَأَجْرُهُ عَلَى اللَّهِ
”Mula sing sapa wongé awèh pangapura (maaf) lan tumindak bagus, mula ganjaranè dén tanggung déning Allah.” (QS. Asyura [42] : 40).
Rasulullah saw. sampun paring pangadika:
ثلاث أُقْسِمُ عليهن: ما نقص مال من صدقة، وما زاد الله عبدا بعفو إلا عِزا، ومن تواضع لله
 رفعه الله
“Telung perkara kang Allah sumpah marang perkara kang telu iku: [1]. Bandha ora bakal suda kanti shodaqah, [2]. Allah ora bakal nambah marang wong kang mènèhi pangapura kajaba kamulyan, [3]. Lan sapa wongé kang tawadhu’ (andhap ashor) kerana Allah Ta’ala, mula Allah Ta’ala bakal ngangkat derajaté wong mau.” (HR. Tirmidzi).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Mugi-mugi kita tansah dipunparingi sifat taqwa déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Sawenèhing sifat wujudipun taqwa punika hanjagi shalat gangsal wekdal ingkang Allah Ta’ala pancèn sampun dhawuh dhumateng kita. Allah Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an Al-‘Adhim:
حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلَاةِ الْوُسْطَى
“Padha ngreksaha sekabèhé shalat (ira), lan (ngreksaha) shalat wustha (shalat ‘Ashar utawa Shubuh).” (QS. Al Baqarah [2] : 238).
Lan Allah Ta’ala ngawisi ugi dhumateng kita nilar perkawis ingkang agung punika, jalaran amalan shalat punika amalan ingkang kawitan badhé dipunhisab (dipunétang) wonten ing dinten Qiamat bénjang. Rasulullah saw. sampun naté ngendika:
أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ الصَّلَاةُ وَأَوَّلُ مَا يُقْضَى بَيْنَ النَّاسِ فِي الدِّمَاءِ
“Amalan kang kawitan bakal dèn hisab sawijinéng kawula yaiku shalat. Lan perkara kang kawitan dèn putuské yaiku urusan getih.”  (HR. An-Nasa’i lan Ath-Thobroni).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Awit saking punika sampun ngantos nganggep ènthèng babagan shalat punika, lan poma dipoma sampun ngantos nilaraken shalat. Rasulullah saw. ugi sampun dhawuh:
إِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكَ الصَّلاَةِ
“Satemené kang hambédakaké antarané wong muslim kelawan kesyirikan lan kekafiran yaiku babagan ninggal shalat.” (HR. Muslim).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Sumangga kita amalaken sapérangan sifatipun tiyang ingkang taqwa; remen infaq, ngempet amarah, lan kersa paring pangapunten dhumateng tiyang ingkang damel sakit. Sesarengan rahmatipun Allah SwT. mugi kita dipunlebetaken dhateng suwarganipun Allah ‘Azza wa Jalla. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 170716, 17.35)=-

AMALAN SASAMPUNIPUN RAMADHAN



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,

Ngawiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kawula ngajak dhumateng diri pribadi kawula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kawula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Shalawat lan salam tansah kita aturaken dhumateng Nabiyullah Muhammad saw. ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,

Sasampunipun kita hanglampahi ngibadah ing wulan Ramadhan, temtu kémawon kita taksih perlu ngamal ngibadah kanggé sangu bénjang sadèrèngipun kita dipunpapag déning Malaikat Maut inggih Malaikat Izro’il ingkang pendamelanipun hanjabut nyawa. Kepareng hanyosi priksa dhumateng para sedhèrèk, bilih saèstunipun piwalesanipun ngamal kesaénan punika, arupi kesaénan sapungkuripun lan piwalesipun tumindak awon punika tumindak awon sapungkuripun. Kados ingkang dipun ngedikakaken déning ahli salaf makaten:
إِنَّ مِنْ ثَوَابِ الحَسَنَةِ الحَسَنَةَ بَعْدَهَا، وَإِنَّ مِنْ جَزَاءِ السَّيِّئَةِ السَّيِّئَةَ بَعْدَهَا
“Satemené piwalesé ngamal kang becik iku yaiku, tumindak kabecikan sapungkuré. Lan piwalesé ngamal kang ala iku, yaiku tumindak ala sapungkuré.” (Tafsir Al-Qur’an Al ‘Adhim tafsir surat Al-Lail).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Ngibadah sasampunipun nindakaken pangibadahan ing wulan Ramadhan punika ing antawisipun inggih punika:


11.   Tetep Jagi Shalat Gangsal Wekdal Lan ugi jagi Shalat Kanti  Jama’ah;
Rasulullah saw. paring katerangan gegayutan fadhilahipun tiyang ingkang saged hanjagi shalat gangsal wekdal, inggih punika makaten:
قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ افْتَرَضْتُ عَلَى أُمَّتِكَ خَمْسَ صَلَوَاتٍ وَعَهِدْتُ عِنْدِى عَهْدًا أَنَّهُ مَنْ
 حَافَظَ عَلَيْهِنَّ لِوَقْتِهِنَّ أَدْخَلْتُهُ الْجَنَّةَ وَمَنْ لَمْ يُحَافِظْ عَلَيْهِنَّ فَلاَ عَهْدَ لَهُ عِنْدِى
“Allah ‘Azza wa Jalla ngendika: “ Aku majibabaké marang umatmu shalat limang wektu. Aku janji marang awak-Ku, yaiku sapa waé kang bisa hanjaga ana ing wektuné, Aku bakal hanglebukaké marang wong mau ana ing suwarga. Banjur wong kang ora bisa hanjaga wektuné, mula Aku ora handuwèni janji karo dhèwèké.” (HR. Sunan Ibnu Majah no. 1403).
22.      Hambayar zakat utawa shodaqah.
Shadaqah wajib (zakat) lan shadaqah sunnah (shadaqah biasa) prayogi  dipunbayaraken kanti ajeg, tertib, lan teratur. Para sedhèrèk, mangertosa bilih tumindak kesahénan sanajan sakedhik dipuntindakaken kanti ajeg punika langkung sahé tinimbang kathah hananging namung sepindah. Rasulullah saw. ngendika makaten:
عَنْ عَا ئِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا قَالَتْ: لَمْ يَكُنْ رَسُوْلُ اللهِ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَمَ فِيْ الشّهْرِ مِنَ السَّنَةِ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِيْ شَعْبَانَ, وَكَانَ يَقُوْلُ: خُذُوْا مِنَ اْلأَعْمَالِ مَا تُطِيْقُوْنَ, فَإِنَّ اللهَ لَنْ يَعْمَلَّ حَتَّى تَمَلُّوْا, وَكَانَ يَقُوْلُ أَحَبُّ الْعَمَلِ إِلَى اللهِ مَا دَوَامَ عَلَيْهِ صَاحِبُهُ وَإِنْ قَلَّ. (رواه مسلم).
“Hadits saka ‘Aisyah, panjenenganipun ngendika: “Rasulullah saw. ora naté pasa kang akèh ana ing sasi kang tertemtu ana ing sajroné setahun, hangluwihi pasa Panjenengané saw. nalika ana ing sasi Sya’ban. Lan Panjenengané saw. naté ngendika: “Tindakna ngamal ngibadah kang sira kuwasa hanindakaké, jalaran Allah ora bakal bosen sahingga sira dhéwé kang rumangsa bosen. Lan ngamal kang paling disenengi déning Allah Ta’ala yaiku kang terus tanpa pedhot dilakoni, sanajan mung sathithik.” (HR. Muslim).
Hadits kasebat ing nginggil paring katerangan dhumateng kita ing antawisipun bilih panggesangan saben dintenipun kita dipuntuntunaken sawatawis ngamal pangibadahan ingkang ajeg prayogi kita jagi kanti ngajegaken tumindak ingkang ajeg sanajan namung sakedhik. Ngamal ingkang ajeg kasebat umpaminipun; ngajegaken tadarus lan tadabur Al-Qur’an, handhatengi pengaosan / Majelis Ta’lim, maringi shedhekah, hanindakaken shalat sunnah (tathowwu’), hanglampahi shiyam sunnah, lan sapanunggalanipun.
Maringi shadaqah punika salah satunggalipun conto ngamal ngibadah ingkang prayogi dipunajegaken lan dipunroutinaken. Wonten ing sawenéhing padhusunan kita naté mireng lan hangrembaka gerakan shadaqah kanti istilah: SMS = Sedina Minimal Sèwu, SKS = Saben Kegiatan Sepuluh èwu.  Lan babagan tahfidz utawi apalan kanti istilah: SMS = Sedina Minimal Seayat. Lajeng babagan shalat wajib kanti istilah: GERSHUMAH = Gerakan Shalat Shubuh Berjama’ah, GERSAWAJIBA = Gerakan Shalat Wajib Berjama’ah. Lan taksih kathah malih istilah-istilah sanès ingkang jalari saget ajeg nindakaken pangibadahan.

33.      Ngathah-ngathahaken syiyam (pasa) Sunnah;

Kajawi kita nindakaken syiyam wajib wonten ing wulan Ramadhan, prayogi kita hanyempurnaaken ugi kanti hanindakaken ngamalan syiyam sunnah. Wondéné fadlilah lan kautamènipun dipunsebataken wonten ing sawenèhing hadits, Rasulullah saw. ngendika makaten:
أَلاَ أَدُلُّكَ عَلَى أَبْوَابِ الْخَيْرِ الصَّوْمُ جُنَّةٌ
“Apa ta sira gelem ingsun tuduhaké marang sliramu pirang-pirang lawang kabecikan?; syiyam utawa pasa kuwi dadi tamèng (perisai) … .” (HR. Tirmidzi no. 2616).
Syiyam utawi pasa wonten ing hadits punika mujudaken tamèng (perisai) tumrapipun tiyang muslim sahé wonten ing ngalam donya lan ugi wonten ing ngalam akhirat. Ing ngalam donya, syiyam minangka perisai utawi tamèng saking tumindak maksiat. Lajeng wonten ing akhirat bénjang minangka tamèng saking panasipun latu neraka.
Kathah syiyam sunnah ingkang saged dipuntindakaken déning tiyang muslim sasampunipun Ramadhan. Wonten ing wulan Syawwal, kita saged nindakaken syiyam 6 (enem) dinten wonten ing wulan Syawwal ingkang kawastanan pasa Syawwal. Ugi wonten ing saben-saben wulan Hijriyyah kita saged syiyam wonten ing suryo kaping 13, 14, lan 15 ingkang kawastanan pasa Yaumul Bi’idz. Kita ugi saged nindakaken syiyam saben dinten Senin lan Kemis, Syiyam ‘Arofah (surya kaping 9 Dzulhijjah), Syiyam ‘Asyura (Surya kaping 10 Muharram), lan ngathah-ngathaken syiyam wonten ing wulan Sya’ban kados ingkang dipuntuntunaken déning Rasulullah saw.. Lan manawi wonten kasempatan ugi saged nindakaken syiyam Daud, inggih punika sadinten syiyam lan sadinten boten syiyam (buka).
Mug-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng hanggampilaken kita hanindakaken ngamalan syiyam sunnah punika. 

4.      Hanjagi Shalat Dalu (Shalat Lail);
Hanjagi shalat Lail pancèn awrat sanget, kajawi pikantuk rahmatipun Allah Subhanhu wa Ta’ala. Lan punika malah kapara dados penyakit menggahipun tiyang Islam. Jalaran nalikanipun wonten ing wulan Ramadhan masjid-masjid katingal regeng lan kebak sami hanindakaken Qiyamul Lail (Shalat Tarwih). Hananging saged kita tingali piyambak sasampunipun Ramadhan, amalan shalat Lail punika kados-kados ical lan sirna makaten. Kathahipun tiyang langkung remen tilem ing wanci dalu ngantos dumugi wanci Shubuh, katimbang wungu lajeng mendhet toya wudhu lan hanindakaken shalat Lail.
Kados-kados ngamalan shalat Lail punika namung wonten ing wulan Ramadhan kémawon, inggih punika nalika hanindakaken ngibadah shalat Tarwih. Samestinipun manawi piyambakipun punika nindakaken ngibadah shalat Tarwih kanti sahé badhé nuwuhaken kasahénan salajengipun.
Eman sanget, sapérangan tiyang remen tilem sakéca wonten ing dalu katimbang wungu mendhet toya wudlu lajeng shalat dalu (shalat Lail).
Prayogi kita ngajegaken ngibadah shalat dalu, kados kita nindakaken shalat tarwih ing wulan Ramadhan.
Rasulullah saw. sanget anggènipun kuciwa manahipun manawi mirsani tiyang ingkang sewaunipun sregeb shalat dalu (tarwih), hananging samangké piyambakipun lajeng nglirwakaken.  
Ulama ahli salaf ngendika gegayutan kalian nglirwaaken pangibadahan sapungkuripun Ramadhan:
بِئْسَ القَوْمُ لاَ يَعْرِفُوْنَ اللهَ حَقًّا إِلاَّ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ
 “Saéba èlèké tingkah lakuné dhèwèké, dhèwèké ora ngenal Allah kajaba hamung ana ing sasi Ramadhan!.” (Latho’if Ma’arif, 244).

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Makaten sapérangan ngamalan pangibadahan sasampunipun ngibadah syiyam wonten ing wulan Ramadhan. Mugi kita kalebet éwonipun tiyang ingkang tansah pikantuk taufiq saking Allah Subahanhu wa Ta’ala, lan dipungampilaken kanggé istiqamah ngrungkebi agami punika.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 180716, 17.28)=-